ASAL-USUL KALI PUTIH (MATERI PENILAIAN DONGENG)
ASAL
USUL KALI PUTIH
(dening
Adhinia Imanti)
Ing
jaman biyen ana tlatah kang subur makmur gemah ripah loh jinawi, urip kang
sarwa tinandur. Tlatah iku sinebut Nusantara. Rikala iku ing bumi Jawa Dwipa
teka ksatria cilik saka Negara India. Umure pancen isih 10 taun nanging dheweke
wus kawentar dadi bocah sekti mandraguna amarga bocah iku titisan saka Bathara
Wisnu ing Jongringsaloka. Bocah cilik iku duwe jeneng Narayan.
Narayan
melu rombongan para biksu lunga ziarah menyang Wihara Agung Swambara Budhura kang
saiki moncer diarani candhi Borobudhur. Amarga Narayan nuruti naluri bocahe,
ing satengahing laku nalika tekan ing kali Progo, Narayan dolanan karo kanca-kancne, dheweke ciblon
ing kali Progo. Ing satengahing guyonan, ana rombongan para saudhagar kang
mlayu sipat kuping nyebrangi kali, rombongan kuwi katon wedi.
Amarga
penasaran karo kahanan iku, Narayan banjur takon karo salah sawijining
saudhagar, “Bapa Saudhagar, menapa jalaranipun Bapa sarombongan mlajar sipat
kuping kados menika? Menapa wonten memedi utawa makhluk ingkang medeni wonten
ing tlatah menika?”
Sinambi
ndredheg lan keweden, Bapa Saudhagar mangsuli, “Hei bocah cilik, kowe enggal-enggala
sumingkir saka kene, balia menyang omahmu, ora usah mikir pindho. Ora mung
memedi, gendruwo, lan kanca-kancane, ananging makhluk iki luwih medeni,
nggegirisi, gedhe dhuwur lan nganggu katentremaning kauripan ing tlatah kene.”
“Ehm,
menapa memedi ing tanah Jawi menika kados mekaten?” Narayan tansaya penasaran.
“Wonten pundi kula saged nemahi memedi kang nggegirisi menika?
“Bocah
cilik, memedi nggegirisi iku sarwa gawe geger masyarakat ing padhukuhan Merapi.
Luwih apik kowe bali, aja dolan ing njaba omah, kahanan saiki lagi ora aman.”
Wangsulan Bapa saudhagar.
Narayan
mbatin, “Hhhm, memedi kang gedhe lan nggegirisi? Sejatine makhluk apa kuwi?
Kena apa memedi iku ngganggu lan ngrusak katentremane manungsa? Yen ngono
kahanane, mula memedi iku kudu disirnakake. Nanging, kaya apa wujud memedi
iku?”
Narayan
mutusake kanggo nggoleki makhluk iku. Kanthi tekad kag madhep mantep, Narayan
mlaku tumuju padhukuhan ing lereng Merapi. Sawise Narayan ngliwati tegalan kang
kebak wit pring kang kawentar aran Gunungpring, Narayan keprungu suwara aneh
lan nyalawadi.
“Sssssttttt,
sssstttt…. Ssstttt…!” kaya mangkono suwara iku.
“Hmm,
apa iki sing diarani memedi gedhe kang nggegirisi iku? Suwarane apa kaya
ngene?” batine Narayan.
Kanthi
swara kang sora, Narayan mbengok, “ Heeei memedi, sapa kowe sejatine? Yen wani
metua adhepi aku!”
Ora
ana kang semaur, ora ana kang mangsuli, namung keprungu swara angin lan
lamat-lamat swara kang memper swara ula. “ssstt…. Sssttt”
Narayan
terus ngetutake sumbering swara nganti dheweke nemokake pecut dawa rupa putih
ing satengahing gumuk watu.
“Owalah,
jebul kowe ana ing kene hei memedi!” bengoke Narayan. Kanthi ngetokake dayane,
tangan Narayan kang isih cilik iku bisa kasil narik pecut dawa mau.”
“sssttt,
sssttt, heeeei, sapa sing kumawani ngganggu anggonku turu?” swara iku katon
gawe wedi sapa wae kang krungu.
Ujug-ujug,
saka gegrumbulan wit-witan kang ana ing kono njedhul endhas kang memper endhas
naga. Jebulane pecut mau yaiku pawujudan saka brengosing Naga mau. Saya suwe
saya ketok wujud asline yaiku Naga raksasa wernane putih. Matane mencereng,
cumlorote abang mbranang memper geni. Untune pating crongat luncip-luncip,
ilate dawa banget lan bisa ngetokake geni kang bisa gawe kobongan anakan
gunung.
Nanging,
Narayan ora wedi babar pisan. Kanthi tataging manah dheweke ngocap “Hei Naga
putih, sejatine kowe kuwi sapa? Kena apa kowe ngganggu warga ing lereng Merapi
kene?”
Nagaseta
semaur samba nesu, “ Bocah cilik, kowe ora kenal aku? Aku ula gedhe saka
Narokosaloka, aku Nagaseta. Aku panguwasa tlatah lereng Merapi iki, kabeh
dhemit padha wedi karo aku. Apa sing dadi urusanmu ngganggu aku bocah cilik?!”
“Miturut
kabar sing tak ngerteni kowe wis nganggu katentremaning masyarakat ing tlatah
kene. Ora mung amerga wujudmu kang gedhe medeni lan nggegirisi, nanging kowe
wis kerep memangsa manungsa. Apa kuwi ajaran saka Sang Hyang Widi, he
Nagaseta?”
“Iki
udu urusanmu bocah cilik, uga udu urusane Sang Hyang Widi. Aku Nagaseta, sing
sapa wae ora bakal bisa ngalahake aku!”
“Apa
iya? Aku durung percaya yen aku durung mbuktekake dhewe!”
Nagaseta
ngetokake swarane kang bisa gawe wedi wong satlatah “ Ggggrrrrrrrr, kowe bocah
cilik kewanen, apa sing bisa koklakoni, apa kowe bisa nglawan aku haah?”
“Apa
kowe ora rumangsa Nagaseta, kowe kuwi wis ora nggatekake dhawuhe Gusti, aku ing
kene mung arep golek kabeneran. Nang donya iki ora bakal ana kekuwatan jahat
kang bisa ngalahake kabeneran, muliha marang asalmu, Narokosaloka, aja kokganggu
maneh warga ing kene!”
Ora
malah sadhar banjur njaluk pangapura amarga sikap lan tumindake kang keleru,
Nagaseta mundhak murka. Ora nganggo suwe endhase ndangak, tutuke mangap lan
nggereng ngetokake siunge. Ora let suwe, ilate nyemburake geni. Wuuuusss…
Narayan diperjaya.
Amarga
Narayan iku titisan Batara Wisnu, kanthi lincah Narayan endha saka
serangan-serangan Nagaseta. Nagaseta tansaya kesetanan, tansaya muntab.
Semburan geni saka Nagaseta tansaya gedhe, tansaya panas kayadene wedhus gembel
saka Redhi Merapi. Narayan malah tansaya endha, mlumpat kana mlumpat kene,
lincah ora gampang pasrah.
Wusana,
sakloron kaya-kaya mabur ing angkasa. Ing langit kana Narayan lan Nagaseta adu
kekuatan. Narayan ngetokake gaman sektine, panah cakra. Nagaseta cancut sawise
weruh gaman iku. Nagaseta banjur ngalah, dheweke wedi menawa dipateni nganggo
panah cakra iku. “Narayan, aku ngaku kalah, aku ngaku salah, aku janji ora
bakal ngganggu warga kene maneh , aku bakal nglakoni apa wae saengga aku bisa
ucul saka gamanmu, supaya aku bisa nebus kabeh dosaku.” Panjaluke Nagaseta
marang Narayan.
“Yen
mangkono panjalukmu, aku pengen kowe bisa gawe manfaat kanggo warga kene,
dadiya sumber banyu kang bisa menehi kauripan warga ing kene.”
Ora
let suwe Nagaseta moksa. Awake ndlosor aka puncak Merapi tekane kali Progo,
saya suwe awak Nagaseta kang dawa mau malih wujud dadi aliran banyu kang
wernane putih. Saya suwe saya putih, putih, lan putih.
Piwulang
kang bisa kajupuk saka crita mau yaiku minangka manungsa kita kudu tansah
tumindak kang becik, amarga kabecikan bisa ngalahake tumindak awon lan culika.
Kudu tumindak becik,amargokebecian bisa ngalahke tumindak awok lan culika.
BalasHapus