PAWARTA BASA JAWA

1. Pangertene pawarta

a. Pawarta yaiku informasi anyar utawa informasi ngenani sawijining prastawa kang dumadi, dilumantarke wujud cetak, siaran, internet, utawa saka pirembugan marang wong liya utawa pamireng.

 

b. Pawarta yaiku cathetan kadadeyan utawa prastawa kang diwedharake ing sajroning tulisan ing media cetak, utawa laporan ing media elektronik. Kadadeyan utawa prastawa kang diwedharake iku awujud kadadeyan saben wektu sing ana ing ndonya iki, umpamane: lindhu (gempa bumi), perang, rudapeksa (pemerkosaan), banjir, lan liya-liyane

Pawarta iku bisa wujud:

Ø     Lesan, kang biyasane kababar lumantar medhia elektronik.

Tuladhane: TV, Radio, lan sapanunggalane.

Ø     Tulisan, kang biyasane kababar lumantar medhia cethak.

Tuladhane: Ariwarti (Koran), Kalawarti (Majalah), lan sapanunggalan

 

2.        Titikane Pawarta :

a.Tinemu ing akal (penalaran logis).

b. Informasi pepak kang jumbuh karo rumus 5W + 1H.

c. Struktur basa trep.

d. Diksi trep ora ambigu.

e.  Narik kawigaten.

f.  Basa kang nengsemake.

 


 3.        Perangan Pawarta

a.         Sesirah

     Sesirah yaiku perangan pawarta kang dhisik dhewe, biasane mung ditulis nganggo tembung-tembung supaya nuwuhake minat supaya wong gelem maca isi pawartane.

b.        Angle/Ringkesan

      Angle yaiku ukara kang nggambarake ringkesane isi pawarta, biasane ditulis kandel ing sangisore sesirah.

c.         Isi Pawarta

      Isi pawarta yaiku ukara-ukara kang njlentrehake pratawa ngenani apa, ana ngendi lan kapan kadadeyan iku dumadi.

d.        Gambar

       Gambar yaiku perangan pawarta kanggo nuduhake kaya ngapa kadadeyan prastawa kanthi kasat mata. Ing media cetak awujud foto, lan ing media elektronik awujud video.

e.         Sumber

    Sumber yaiku mujudake pawongan kang menehi katerangan utawa komentar marang dumadine prastawa iku. Sumber bisa mujudake seksi tumrap kadadeyan, utawa pihak kang nduweni kewajiban kanggo nuntasake kadadeyan iku.

 

4.        Unsur-unsur pawarta

        Unsur-unsur kang kdu ana ing pawarta yaiku 5W (what,where,when,why,who) + 1H (how) –(apa,ing ngendi,kapan,kenang apa,sapa,kepiye).

a.   What (Apa), yaiku njlentrehake babagan apa kang ana ing pawarta.

b. Who (Sapa), yaiku njlentrehake babagan sapa utawa paraga kang ana ing pawarta mau. Unsur sapa iki biyasane dijlentrehake kanthi jangkep, kaya ta babagan ciri-cirine, titel, umum, lan sapanunggalane.

c.  When (Kapan), yaiku unsur kang njlentrehake kapan prastawa ing pawarta iku dumadi utawa wektu kedadean prastawa. Unsur iki bisa menehi nreti babagan wayah, jam, lan kahanan. Tuladha: mau isuk, wingi sore, lan sapanunggalane.

d. Where (Ana Ngendi), yaiku njlentrehake babagan panggonan kedadean prastawa ing pawarta iku.

e.   Why (Kena Apa), yaiku nudhuhake sebab musabab kena apa prastawa iku bisa kedadean. Lumrahe bisa ditiliki saka tembung “asale, sababe, mulane”.

f. How (Kepiye), yaiku njlentrehake babagan kepiye prastawa iku kedadean. Bisa uga nuduhake kepiye swasana ing prastawa iku.

 

5.        Sifat pawarta

a.      Aktual (Anyar)yaiku pawarta kang luwih anyar luwih becik tinimbang pawarta lawas.

b.      Jarak (Adoh/Cedake), yaiku pamaca luwih nggatekake tumrap prastawa kang dumadi ing sakiwatengene tinimbang pawarta saka papan liyane.

c.      Wigati, yaiku sawijining bab bakal dadi pawarta yen dianggep perangan kang wigati amarga bisa ngendaleni panguripan ing bebrayan wong agung.

d.      Akibat, yaiku sawijining bab dadi pawarta yen ngowahi kahanan.

e.      Congkrah/Konflik, yaiku pamaca luwih seneng nyetitekake pawarta kang surasane congkrahan.

f.      Tintrim, tuladhane : nalika nulungi wong ing kacilakaan.

g.      Kemajuwane, yaiku inovasi utawa owah-owahane teknologi. Pawarta kang anyar luwih narik kawigaten pamiarsa.

h.      Emosi, yaiku sawijining pawarta kang bisa ndadekake nesu, susah, nangis, lan gela. Tuladha: nemokake bayi ing pinggir kali.

i.      Humor, yaiku gawe sengsem, mesem, lan guyu.


 

6.        Jinis Pawarta

    Pawarta Dadakan

Pawarta dadakan yaiku pawarta kang wektu lan panggonan kadadeyane ora kena dipesthekake. Tuladha: kacilakan montor mabur, banjir, kebakaran, lan liya-liyane.


Pawarta Ndinan

    Pawarta ndinan yaiku pawarta kang wektu lan panggonan kadadeyane wis dimangerteni sadurunge.

        Tuladha: pembukaan sekolah anyar, kunjungan presiden ing Batang, lan liya-liyane.

             Pawarta Crita

       Pawarta crita yaiku pawarta kang ora dibatesi dening wektu lan panggonan, nggambarake objek kang nengsemake/human interest. Pawarta iki diwedharake mung kanggo hiburan utawa selingan. 

        Tuladha: crita objek wisata, crita bab kesenengan/hobby, lan liya-liyane.

 

7.        Nilai pawarta

       Ngenani nilai pawarta, ana pangerten kang ngandharake patang nilai pawarta (Syamsul M.Romli), yaiku :

a.         Cepet, yaiku aktual lan pas wektune. Pawarta iku sabisa-bisane ngandharake sawijining bab/prastawa kang anyar,

b.        Nyata, yaiku informasi babagan sawijining fakta kang dumadi saka kedadeyan nyata, panemu, lan pratelan sumber pawarta.

c.         Penting, yaiku sesambungan karo wong akeh.

d.        Menarik, yaiku bisa narik kawigatene para pamiyarsane.

 

8.        Etika nulis pawarta

        a. Objektif

    Ing babagan iki panulis ora kena martakake pawarta dikantheni kepentingan pribadi lan sponsor. Pawarta kang tinulis kudu adhedhasar fakta utawa data kang sanyatane dumadi

    b. Cover both side.

    Pawarta iku kudu imbang aja abot sih, luwih-luwih nyebutake pihak-pihak kang ana sesambungan langsung karo pawarta kasebut

 

9.        Teknik nulis pawarta

a.    Pengorganisasian/ngumpulake fakta/data. Data ing kene bisa awujud wawancara (wawan rembug), kedadeyan langsung, utawa data-data tinulis.

b.    Nemtokake teras berita (lead).

c.    Milih tembung-tembung kang jumbuh karo pawarta, nggunakake alur kang runtut aja molak-malik utawa dienjah-enjah/dilompati supaya ora mbingungake pamiyarsa.

d.   Ngawiti nulis kanthi jenjem lan temenan.

 

10.    Maca Pawarta Nganggo Basa Krama

Maca prastawa uga diarani maca teknik. Maca teknik yaiku maca kanthi pocapan kang cetha, bisa keprungu endah lan cetha dening wong liya. Supaya bisa maca teknik, gathekna babagan-babagan ing ngisor iki!

a. Pocapan utawa lafal kudu vetha antarane vokal lan konsonan.

b. Lagu ukara, yaiku munggah medune swara.

c. Kawijangan pocapan, yaiku gamblang dirungokake lan bener tumrape ature basa.

d. Pandeleng mripat tumuju marang pamirsa, tajem, lan mrebawani.

e. Sikep maca kudu sopan lan bener.


Maca pawarta kudu seru, nanging tetep nggathekake teknik-teknik maca pawarta, yaiku:

    a. Pamaca pawarta kudu nguwasani isi pawarta sing arep diwaca. Sadurunge maca, pamaca pawarta kudu maca naskah luwih dhisik lan nliti umpamane ana sing kleru.

    b. Pelafalan (pocapan) uga wigati. Konsonan utawa vokal kudu cetha supaya ora dadi samar karepe amarga ana tembung sing meh padha pangucapane.

     c. Unjal napas (jeda) kudu bener. Dawa cendhake jeda kudu digathekake.

Biyasane pamaca pawarta migunakake:

·           Tandha (/)           : kanggo mandheg sedhela.

·           Tandha (//)          : kanggo mandheg suwe.

·           Tandha (_)          : kanggo pungkasan baris sing ora kena mandheg.


    d. Ing wirama (dhuwur cendhake swara) kudu diselang seling supaya gampang mbedakake antarane         bagean sing wigati lan ora.

    e. Anggone maca ora kena cupet banget utawa rendhet banget. Tempo sing cepet banget angel                     ditampa pamiarsa. Suwalike yen rendhet banget bakal mboseni sing ngrungokake.

    f. Bantere swara kudu cukup saengga gampang ditampa.

    g. Menawa pamaca pawarta dipajang (di-shooting), sikep pamaca pawarta kudu wajar, aja kaku lan             sakarepe dhewe, pandeleng/netra aja ngasi naskah terus.

 11. Ngandharake Informasi Saka Pawarta

    Pawarta iku kaperang dadi papat yaiku headline, deadline, lead, lan body language. Gatekna katrangan saben perangan ing ngisor iki!

1.         Headline (Judul/Irah-irahan)
Headline yaiku irah-irahan kanggo:
1)      Nggampangake pamaca mangerteni pawarta kang bakal diwaca, lan
2)      Nuduhake pawarta kang dianggep wigati kanthi werna-werna aksara utawa gambar.

2.         Deadline (Wates Wektu)
Ancase deadline yaiku nuduhake papan kadadean lan jeneng medhia massa. Mula perangan iki nyebut jeneng medhia massa, papan, lan tanggal kadadean.

3.         Lead (Teras Pawarta)
Lead biyasane katulis ing wiwitan pawarta/ing paragraf kapisan. Bab iki tinulis amarga minangka perangan kang wigati saka pawarta, kang nemtokake ing pawarta, lan nggambarake sakabehe pawarta.

4.         Body Language (Surasane Pawarta/Bahasa Tubuh)
Surasane nyritakake prastawa kang diwartakake kanthi basa kang cekak, aos, lan cetha. Kanthi mangkono body language minangka pangembange pawarta.

Jangan Salah, 7 Alasan Punya Pacar Jurnalis Itu Beruntung Banget
Sumber Gambar : popbela

Tuladha Pawarta

1. Pawarta Dadakan

                Sleman, www.jogjatv.tv – Salebeting wulan Januari 2017 punika, kanthi gilir gumanti pengurus PMI DIY tetinjo dhateng sedaya markas PMI kabupaten lan kota sa DIY. Dene ing dinten Kemis (19/1) siyang Pengurus PMI DIY tetinjo dhateng PMI Sleman. Salebeting kridha ingkang dipun pandhegani langsung dening Ketua PMI DIY, Prabukusumo punika, rombongan dipun tampi dening Ketua PMI Sleman, Sunartono dipun ampingi sawetawis Pengurus PMI Kabupaten Sleman. Anggenipun tetinjo dhateng PMI Sleman punika ugi kangge ningali langsung maneka kridhanipun PMI Kabupaten Sleman. Miturut Ketua PMI Sleman, Sunartono kangge lampahing organisasi, PMI Sleman tansah nindakaken maneka pembenahan, mliginipun ing babagan administrasi lan keuangan. Wondene ing babagan ladosan dhateng masyarakat, kejawi ngladosi donor darah lan pembinaan dhateng relawan, PMI Sleman ugi suka ladosan mobil ambulan kanthi lelahanan, mliginipun kangge warga masyarakat miskin lan kangge para korban kecelakaan.

                Ketua PMI DIY, GBPH Prabukusumo ngajab dhateng sedaya pmi kabupaten lan kota sa DIY, anggenipun suka ladosan dhateng masyarakat boten namung ingkang asipat konvensional kemawon kadosta donor darah nanging ugi kedah suka pelatihan pertolongan korban, mliginipun dhateng para wiranem ing daerah rawan bencana, satemah menawi tumempuh musibah alam, warga boten bingung lan saged suka pertolongan pertama dhateng para korban. ( Subardi )

2. Pawarta Ndinan

JEKSA NJALUK MUNDHAK GAJI

             Jakarta, PS. Jaksa Agung Hendarman Supandji nalika rapat dengar pendapat karo Komisi III DPR, Senen (9/11) mratelakake, kanggo nyegah praktek dol tinuku perkara antarane jeksa karo pihak sing kesangkut kasus hukum, anggarane kejaksaan kudu diundhakake. Awit kanggo nindakake reformasi ing lembaga kejaksaan, Hendarman mbutuhake anggaran Rp 10 triliun. Manut Hendarman, taun iki anggaran kejaksaan kepetung sethithik, yaiku Rp 1,9 triliun. Winatese anggaran mau ngambet marang winatese karaharjaning jeksa. Temahane saperangan jeksa padha nindakake praktek kang asor kanthi dol tinuku perkara.

            Ketua Komisi III DPR Benny K. Harman ngandharake, DPR wis nyarujuki usule pamarentah yen taun ngarep anggaran kejaksaan mundhak dadi Rp 2,5 triliun. Benny ora nampik yen kanggo njejegage hokum dibutuhake undhak-undhakan anggaran. Mung wae undhak-undhakan mau kudu dicundhukake klawan kahanan dhuwite Negara. Sok mengkonoa, kandhane Benny, gaji cumpen ora kena kanggo alas an tumrap jeksa kanggo nindakake dol tinuku perkara. Benny ngajap mundhake anggaran mau diimbangi karo undhak-undhakane kinerja kejaksaan. (Rep)

 

3. Pawarta Crita

Wisatawan Mancanegara Wis Padha Mangerteni Anane Museum Bathik ing Pekalongan

Dening: Ani Devi Ariyanti, Erlangga, Intan Wahyuning Sari, lan Saiful Arif 

Museum Bathik Pekalongan

            Pekalongan, SP- Museum Bathik Pekalongan ing Jalan Jatayu No. 1 Pekalongan, Jawa Tengah, mujudake salah sawijining panggonan kanggo plesir ing preinan wulan pasa, supaya bisa nambah wawasan ngenani budaya Indonesia.

              Museum Bathik iki minangka bangunan peninggalan kolonial Walanda kang mbiyen mujudake Kantor Keuangan Pabrik Gula, lan dibangun taun 1906. Ananging, wiwit tanggal 12 Juni 2006, bangunan iku didadekake Museum Bathik dening Yayasan Kakin, lan diresmekake langsung dening presiden Susilo Bambang Yudhoyono.

            Museum iki nduweni koleksi kurang luwing 1002 warna bathik kang asale saka saknuswantara. Saben petang wulan pisan, panatane kain bathik ing saben pajangan dipindhah panggonan, tujuwane supaya ora mboseni tumrap wong-wong kang teka ing museum.

            Ing museum bathik iku, kita bisa niti pirsa sakkabehe corak bathik kang dipajang, kita uga bisa takon babagan bathik marang petugas, malah uga diparengake njajal carane mbathik, utawa belanja souvenir.

            Tumekane dina iki, wis akeh wisatawan mancanegara lan pribumi kang nekani museum iku.

TULADHA MAOS PAWARTA






Komentar

Posting Komentar

Postingan Populer