ANOMAN DUTA

Kacarita Dewi Sinta, wanodya sing ayu rupane, kasil kadhustha dening Rahwana ya Dasamuka diboyong menyang Keraton Ngalengka. Dewi Sinta dipapanake ing Taman Kaputren Argasoka. Sang Dewi ora kersa dhahar lan ngunjuk, mulane badane kuru aking. Rambute kang dawa katon kaya gimbal amarga suwe ora siram. Kabeh iku katindakake supaya Rahwana ora kayungyun maneh marang Dewi Sinta. Lunga menyang ngendi wae, Dewi Sinta tansah nyangking cundrik utawa keris cilik kanggo njaga kaslametane. Sawektu-wektu Rahwana nggadho ati lan arep ngrudapeksa, Sinta bakal mati suduk salira nganggo cundrik mau.
Kacarita, Sri Ramawijaya minangka garwane Dewi Sinta rumangsa kuciwa penggalihe. Saben dina prasasat ora kolu dhahar, ora pules anggone sare, amarga mikirake sang prameswari. Sri Ramawijaya wis jumeneng ratu ing Keraton Pancawati jejuluk Prabu Ramawijaya. Prabu Ramawijaya dibiyantu dening ratune bangsa wanara kang jejuluk Prabu Sugriwa ing Keraton Guwa Kiskenda. Prabu Ramawijaya ngutus Anoman supaya golek sisik melik ngenani kahanane Dewi Sinta ing Negara Alengka. Sadurunge Anoman mangkat, Anggada njaluk supaya dheweke sing dadi duta. Amarga rebutan jejibahan kang mulya mau, Anoman lan Anggada banjur gelut adu kekuwatan lan kasekten.
“He, sira sakloron lerena anggone padu. Gatekna, Negara Alengka iku manggone ing tanah sabrang. Ratune uga kawentar sekti mandraguna. Mula amrih adile, aku kudu nodhi kasektenmu.” ngendikane Rama.
“Anoman, wangsulana pitakonku sepira suwene wektu kira-kira bisa tekan Negara Alengka?” mangkono pitakone Rama marang Anoman.
“Sedasa dinten kula sagah.” wangsulane Anoman kanthi manteb.
“Kula saged pitung dinten.” wangsulane Anggada.
“Kula wantun gangsal dinten.” Anoman nyauri kanthi sembada.
“Nggih sampun, kula wantun tigang dinten.” panyaruwene Anggada.
“Yen wani nantang, aku wani sedina coba lakonana.” mangkono panantange Anoman.
Pungkasane Anoman sing bisa menangake sayembara kanthi bisa nyabrang Alengka kanthi wektu sedina. Kacarita Anoman nuli budhal Alengka didherekake punakawan. Amrih bisa cepet tekan Negara Alengka, Punakawan dilebokake kancing dening Anoman.
Kanthi wektu ora nganti sedina Anoman wis bisa tekan Negara Alengka. Sawise Anoman mlebu ing Taman Keputren Argasoka, dheweke banjur ndhelik ana ing wit nagasari. Dheweke weruh ana wanodya kuru aking. Sawise dirasa aman banjur nemoni wanodya kasebut sing ora liya ya Dewi Sinta. Ing kono Dewi Sinta dikancani Dewi Trijatha. Dewi Trijatha iku putrine Raden Gunawan Wibisana. Dene Raden Gunawan Wibisana iku adhine Prabu Rahwana. Dewi Trijatha didhawuhi Prabu Rahwana ngancani Dewi Sinta ing Taman Argasoka supaya bisa ngarih-arih lan nglelipur Dewi Sinta. Sokur bisa gawe Dewi Sinta kabujuk lan purun digarwa Prabu Rahwana.
“Sang Dewi, kula pun Anoman diutus Sang Rama kapurih ngajak kondur panjenengan.” ature Anoman.
“Aku ora ngandel yen sira iku utusane Kakang Rama.”
“Menika minangka tandha bukti.” Anoman ngaturake kalpika utawa ali-ali sotyaludira peparinge Prabu Rama marang Sang Dewi.
Dheweke crita manawa utusane Rama, nanging sadurunge rampung anggone crita, dumadakan prajurit Alengka teka ing Taman Kaputren. Anoman kakepung dening Indrajid lan Patih Prahastha sawadyabalane. Anoman tetandhingan kelawan Indrajid. Kekarone padha ngatonake gaman pusaka lan kasektene, kekarone padha digdayane. Pungkasane Indrajid ngetokake pusaka panah rante. Panah rante kasebut banjur nggubel awake Anoman. Anoman kasil karangket banjur kasowanake marang Dasamuka.
Dasamuka duka. Anoman banjur digawa menyang alun-alun, dibanda tangan lan sikile ing cagak banjur arep diobong urip-uripan. Ananging Anoman ora kaya bocah cilik sing gampang dibodhoni, Anoman duwe kasekten kang ngedab-edabi. Anoman bisa mabur uwal saka geni. Anoman ora bisa kobong amarga sekti mandraguna lan malah mencolot sadhuwure keraton. Omah, wewangunan liyane, lan wit-witan kang diencoki Anoman kabeh kobong. Keraton Ngalengka sing maune apik, asri, saiki dadi segara geni. Prabu Dasamuka nesu lan mrentahake para prajurit supaya nyekel Anoman. Nanging Anoman kasil lolos lan wis bisa ketemu maneh atur palapuran marang Prabu Rama.

Komentar

Posting Komentar

Postingan Populer