CERITA RAKYAT


Cerita Rakyat


Crita rakyat yaiku cerita kang ora nyata (fiksi) dumadi ing sawijining wektu lan kanthi gethok tular diceritakake dening masyarakat. Crita kasebut banjur diarani cerita rakyat. Akeh ceritarakyat kang isih diceritakake dening sapa bae. Rikala biyen crita rakyat iku dadi saranakanggo mulang bab kabecikan marang sapa bae.


Jenis cerita rakyat:                                       

1. Mite            : yaiku crita kang ana gegayutane karo alam lelembut utawa ghaib. 

                        Tuladha: Nyi Roro Kidul, Nyi Pelet, Thuyul, Lsp

2. Fabel           : yaiku crita kang paragane awujud kewan,

                        Tuladha: Kancil lan Baya, kancil Nyolong Timun, Lutung Kasarung

3. Legenda      : yaiku crita gegandhengan karo dumadine sawijining papan utawa barang,

                        Tuladha: Kali Putih, Gunung Tidar lan Tombak Kyai Sepanjang, Candhi Sewu/Roro Jonggrang, Tangkuban Prau

4. Hikayat       : yaiku crita kang mbahas babagan paragane kanthi cetha

                        Tuladha: Abu Nawas, Aladin

5. Babad         : yaiku crita kang ana bukti lan nyatane, nanging wis ditambahi critane.

                        Tuladha: Babad Tanah Jawa

6. Sejarah        : yaiku crita kang bener-bener kedadean lan ana bukti nyatane.

                        Tuladha: Jendral Sudirman, Cut Nyak Dien, Patih Gajahmada

7. Roman        : yaiku crita kang nggambarake uripe pawongan wiwit lair tekan patine

                        Tuladha: Ringin Kurung

8. sage             : Crita rakyat kang ana gegayutane karo kepahlawanan

                        Tuladha: Damar wulan, Tutur Tinular, Angling Darma

9. farabel         : crita rakyat kang nduweni piwulang babagan kabecikan.

                        Tuladha: Bawang Merah Bawang Putih, Joko Tingkir, Ande-ande Lumut


Unsur intrinsik crita rakyat

   1. Paraga: purusa ingkang nglakokake cariyos utawa wujude wong utawa kewan kang maragakake sawijining paraga ing sajroningcrita. Paraga iku ana paraga utama, paraga pembantu/liyane.

a.       Paraga utama (pemeran utama)

b.      Paraga tambahan

c.       Paraga figuran


2. Penokohan/watak: gambaran watak paraga.

a.       Protagonis: paraga kang duwe watak becik

b.      Antagonis: paraga kan dadi lawaning paraga protagonist

c.       Tritagonis: paraga kang dadi paraga pandukung.


3. Alur/plot: rerangkening cariyos ingkang kadhapuk kanthi logis utawa lakuning carita

a.       Alur maju: nelakake wujude crita kang maju saka wiwitan nganti pungkasan crita

b.      Alur mundur: wujude crita saka pungkasan nganti wiwitan Alur campuran: gabungan alur maju lan alur mundur.


4.  Latar/setting: panggenan,wekdal,utawi swasana kadadosanipun prastawa ing salebeting cariyos.

a.      Latar wektu: kahanan kangnudhuhake latar kedadean crita. Tuladhane: sawijining wengi, dhek biyen, wingi sore,nalika peteng lan sapiturute.

b.      Latar panggonan: papan panggonan kedadean crita. Tuladhane: ing sawah,ing omah, ing kali lan sapiturute.

c.       Latar swasana


5. Amanat/pesan/piwulang:  pitutur utawi pesen pangripta ingkang badhe dipunaturaken dhumateng pamaos (dudutan crita kang ngemu bab-bab kabecikan.Mligine bab-bab kang nelakake piwulang becik/luhur.

6. Sudut pandang: posisi pangripta wonten ing cariyos.

Pangripta saged dados:

  • Purusa kapisan paraga utama (orang pertama pelaku utama )
  • Purusa katiga (orang ketiga)
  • Sarwi mangertos (serba tahu )

Contoh Crita Rakyat

a.      Legendha

                                                   Kutha Kendal

Jeneng Kendhal iku ujare para pinisepuh asale saka arane tetuwuhan aran wit Kendhal sing basa Latine disebut Cordia Myza. Wit kenndhal kasebut sakawit ditemokake dening Pangeran Benawa kang isih turunan Sultan Pajang sing wektu iku kapinujon isih ngayam alas jalaran ana dredah. Kutha Kendhal wektu semana isih awujud alas gung liwang-liwung.

Sawijining dina Pangeran Benawa ngutus andhahane kang aran Baureksa kanggo bebadra ing alas kendhal. Suprihe alas mau bisoa dadi papan padhukuhan kang reja lan ing tembe dipurih dadiya sawijining kutha sing gedhe. Prenahe alas kendhal kuwi dununge ana sisih kulone kutha Semarang saiki, utawa sisih wetane kutha Batang.

Mangkono mau satleraman sejarahe kutha Kendhal sing katulis ana risalah Humas Pemda Kabupaten Kendhal.

Hari Jadi kutha Kendhal dening asil Seminar 1989 wis ditetepake tiba ing tanggal 26 Agustus 1628 kapungkur. dadi, engga saiki kabupaten kasebut wis umur 362 taun.

Geografi (papan palemahan)-ne pancen mujudake dhaerah sing potensial. Sebab, umume subur lan cocog banget ditanduri cengkeh, tebu, palawija, lan mbako sing saiki isih dadi primadhonane para kadang tani. (Kapethik saka: Panyebar Semangat, No.43/1990, kaca 10)

b. Farabel

Keong Mas

Wis setaun suwene mangsa ketiga dialami desa Dhadapan. Krana kuwi uripe warga katula-tula, akeh lelara lan dadi larang pangan. Ing Dhadapan ana wadon tuwa sing lola tanpa dulur, yaiku mbok Randha. Kanggo nyambung uripe, mbok Randha luru krowodan ing alas kewan sabendinane. Kewan kali kang nyisa ing sawedhing mbebegan. Sanajan kahanan kaya mangono nanging dheweke ora nggresula. Malah saya nyaketake marang Gusti. “Duh Gusthi paringana pepajar ing desa kula mugi-mugi inggal kalis saking prahara punika.” Sawijining esuk, mbok Randha golek panganan ing alas. Nalika lagi milang-miling weruh cumlorot cahya saka sak tengahing kali kang asat. “Kok cumlorot kaya emas, cahya apa kuwi ?”, ing atine tuwuh pitakon, banjur mbok Randha nyedaki sumber cahya mau.

Bareng dicedaki jebul sawijining keong Mas kang nyungsang ing antara watu-watu kali. Keong banjur digawa mulih tekan ngomah dicemplungake genthong. Mbok Randha menyang alas kaya biyasane, nanging nasibe lagi apes, urung entuk krowodan nganti meh surup, dheweke banjur mulih ngelanthung ora entuk opo-opo. Sawise leyeh-leyeh ing emperan dheweke menyang pawon menawa wae ana krowodan kang bisa ganjel weteng kang luwe. Mbok Randha kami tenggengen amrgi ngerti panganan kang ana ing pawone. Sopo sing ngeteri panganan kuwi, ing batine kebak pitakon. Sebab mulih saka alas, pawone mbok Randha wis cumepak panganan, mengkono iku kedadeyan ing saben dina.

Sawijining dina kanthi sesideman, mbok Randha ndedepi sapa tho wong kang mlebu ing pawone. Keong Mas mau metu saka genthong lan malih dadi putri kang ayu. Mbok Randha kaget ora kinara. Saben ditinggal lunga mbok Randha, Keong Mas mau malih wujud. Mbok Randha banjur nakoni sapa sejatine putri kang ayu kuwi. "Nduk wong ayu sliramu iki sapa kok nganti kedarang-darang ing alas lan jilmo Keong Mas ?” “Yung aku iki garwane Raja ing Jenggala,Raja Inukerta, aranku Candrakirana” “Lho kok bisa dadi Keong Mas lan awakmu bisa tumeka ing alas Dhadapan kuwi larah-larahe kepiye tho cah ayu ?” Banjur, Dewi Candrakirana njlentrehake menawa ing sawijining dina dicidra Raja Jin Sakti kang kareb ngepek garwa. Ananging dheweke wegah, ora gelem nuruti karepe Jin. Jin muntab, Dewi Candrakirana sinebda dadi Keong Mas banjur diguwang adoh saka kraton Jenggala menyang kali. Tujuane supaya ora bisa ketemu karo garwane Candrakirana, Raja Inukerta. Anehing kahanan ana ing nalikane kali kecemplungan Keong Mas banyune dadi garing, kaline asat. Asate banyu iku mau kang njalari Keong Mas nyungsang ing watu-watu nganti nemahi tiwas. Bejane ditemu, akhire banjur diopeni Mbok Randha Dhadapan. (kabesut saka https://toriqa.com/wp-content/uploads/2020/01/keong.pdf) 

c.       Fabel

Kancil Lan Merak

Merak pancen seneng macak. Mula tansah nengsemake. Wulune katon edi, gawe resep kang padha nyawang. Mula ora sithik tangga-teparo padha mara nyang omahe Merak saperlu sinau ngadi busana lan ngadi salira. “Aku pengin supaya bisa nduweni sandhangan wulu kaya kowe, Rak,” ujare Kancil marang Merak. “Sandhangan wulu kang tememplek ing awakku iki paringane Gusti Kang Akarya Jagad. Aku mung tinanggenah ngrumat lan njaga supaya tetep katon endah,” wangsulane Merak kanthi sareh. “Anggonku seneng dandan lan ngupakara kaendahan iki mung wujud rasa syukurku marang Gusti!” bacute tanpa linandhesan rasa umuk.“Supaya wuluku bisa dadi kaya wulumu, piye carane?” pitakone Kancil. “Tangeh lamun, Cil! Aku-kowe ki mung saderma nglakoni. Apa kang dadi peparinganing Pangeran kudu tinampa kanthi ati segara,” wangsulane Merak. “Karo maneh kabeh sing tememplek ana saranduning badan iki, mesthi piguna marang awake dhewe. Kang ana ing aku ora durung mesthi ana ing kowe, semono uga kosok baline, Cil. Wulu soklatmu kuwi mesthi piguna tumrapmu!”.

Nanging Kancil sajak wingi nyawang kaendahan wulune Merak. “Piguna apa?” Sawise megeng napas sawetara banjur nggrundel, “Senajan piguna, nyatane wuluku letheg! Aku luwih bungah yen wuluku bisa kaya wulumu! Saben kewan ora sebah nyawang!”“Kuwi rak mung saka panggraitamu dhewe. Nanging ora kok, Cil!” sahute Merak. “Sebab saben kewan ginaris dhewe-dhewe! Uga bab wulu! Wulu-wuluku kaya ngene, wulu-wulumu kaya ngono, wulune Macan, wulune Gajah, lan sato kewan liyane ora ana sing padha!”. Senajan akeh-akeh Merak anggone ngandhani, nanging ora bisa mbendung pepenginane Kancil nduweni wulu kaya wulu Merak. “Sakarepmu anggonmu kandha, Rak! Mung aku njaluk tulung supaya aku bisa nduweni wulu kaya kowe!” kandhane Kancil setengah meksa. Merak gedheg-gedheg gumun karo kekarepane Kancil. “Saupama bisa, terus mengko kowe dadi kewan apa?” pitakone Merak.“Kewan apa wae terserah sing arep ngarani! Mung kira-kira bisa ta, Rak?” pitakone Kancil ngoyak, ora sabar.“Bisa wae, nanging mung imitasi! Pasangan!”“Ora masalah!” Kancil bungah. “Ndang dipasang!” panjaluke kesusu.“Ya sabar, Cil! Aku kudu nglumpukake bodholane wuluku lan wulu-wulune wargaku.” “Terus kapan?”“Udakara rong mingguan.”“Tak tunggu, Rak, ujare.

Kancil banjur nerusake lakune. Merak mung nyawang kanthi mesem, “Cil, Kancil. Yen duwe kekarepan kok ngudung, tanpa metung tuna lan bathine. Kudu tak udaneni kekarepane, ngiras kanggo menehi piwulang marang dheweke.”Tekan dina sing dijanjekake, esuk uthuk-uthuk Kancil wis tekan omahe Merak. “Piye, Rak? Iki wis rong minggu!” “Beres!” jawabe Merak karo nata wulu-wulu sing wis diklumpukake, “Gilo! Wulu-wulu wis mlumpuk, malah wis dakdhewek-dhewekake! Wulu awak, wulu swiwi, wulu buntut, aku uga wis golek tlutuh wit karet barang minangka kanggo nemplekake ing badanmu!”“ Wis gek ndang dipasang nyang awakku!” ujare Kancil karo lungguh dhingklik sacedhake Merak.Merak banjur ngoser-oseri kabeh kulite Kancil nganggo tlutuh karet.

Bareng kawawas wis ora ana sing keri, baka siji Merak nemplekake wulu-wulu nut karo kebutuhane. Wulu gulu ditemplekake ing gulu, wulu awak ing awak, wulu sikil ing sikil, dene wulu buntut uga dipasang ing buntute Kancil.Sedina natas, kabeh wulu wis kapasang ing kulite Kancil.“Rampung, Cil,” ujare Merak mesem. “Kae ana pengilon, ndang ngiloa!”Kancil banjur ngilo. Weruh kahanan awake, dheweke mongkog, “Iki sing dakkarepake!” celathune. “Aku bakal dadi salah sijining kewan kang paling endah!”“Bener kandhamu, Cil. Tur ora ana sing madhani!” Merak mbombong. “Mung aja nganti kaendahan mau malah ngreridhu lakumu,” bacute ngelingake.“Ngreridhu piye to? Wong apike kaya ngene kok ngreridhu. "Lho, wulu wulu kuwi mung templekan.

Cetha bakal ngebot-eboti awakmu!” Kancil ora nggagas, malah gage pamitan. Wis, Rak. Aku pamit! Lan nedha nrima awit saka kabecikanmu, aku selak pengin mamerke kahananing awakku saiki!”“Sing ati-ati Cil, ” kandhane Merak karo nguntapake Kancil metu saka omahe.Metu saka platarane Merak, Kancil mlaku lon-lonan. Bokonge digidal-gidulake, pamrihe supaya bisa mamerake wulune kang apik tur edi. Saben ketemu sato, Kancil tansah mesem karo aruh-aruh sombong. Dene sing diaruhi uga genti mesem, mung eseme esem geli. Geli amarga weruh kahanan kang ora lumrah. Nanging tumrap Kancil esem mau tinampa beda, “Kabeh kewan padha kesengsem lan kepincut karo aku,” ujare jroning ati.Nanging sengsem, edi, lan endah mau ora suwe. Bareng tlutuh karet mau garing, kulite Kancil dadi kaku nyekengkeng. Akibate sikil, gulu, lan buntute angel diobah-obahake. Kancil mung bisa njegreg ngececer, ora bisa lumaku. “Tulung! Tulung! Tuluuung! Tuluuuung....!” pambengoke sabisabisane.“Ana apa to Cil?” pitakone Merak krungu pambengoke Kancil. “Gage tulungana aku, saranduning badanku angel diobahake!”“Kabeh wulu sing nemplek ing awakmu kudu dicopot kabeh, kowe gelem?”“ Gelem Rak!” ujare Kancil nglenggana marang apa sing wis dilakoni.

Dheweke eling menawa kabeh paringane Gusti mono kudu tansah disyukuri. Apik, edi, lan endah tumraping sesawangan kadhang bisa ngganggu utawa mbilaheni. Alon-alon, Merak mbubuti wulu sing wis kebacut kraket ing awake Kancil. Senajan ngrasakake perih amarga sebagian kulite ana sing katut thethel, Kancil mung mringis-mringis karo ngempet lara. Ora sambat. Ndhadha tumindake kang salah merga mung nuruti karepe dhewe, tanpa metung tuna lan bathine. (Kapetik saka https://toriqa.com/wp-content/uploads/2020/01/kancil-merak.pdf)


Kumpulan Video Crita Rakyat

1. FABEL


2. FARABEL

3. LEGENDHA

4. MYTE/MITOS


5. SAGE

Komentar

Postingan Populer