MATERI WACANA NARASI

Kawruh lan Titikane Paragraf Karangan Narasi sarta Tuladhane


Paragraf narasi yaiku wujud wacana kang mbudidaya nggambarake kanthi sagamblang-gamblange marang para pamaca sawijine kedadean kanthi urutan lan sawijine wektu tartamtu (Gorys Keraf, Argumentasi dan Narasi 189: 136). Cekakipun paragraph narasi minangka jinis karangan kang ngandharake sawijine kedadean adhedhasar urutan wektu. Karangan iki bisa awujud paragraph utawa certa nyata sing tenan-tenan dumadi utawa mung karangan fiktif asipat khayalan kaya novel, roman, lan cerkak.

è  Titikane paragraf narasi
Kanggo mbedakake karangan naratif karo karangan liyane kita bisa naliti kanthi nggatekake titikan iki:
-       Underan karangan naratif yaiku kisah/ nyritakake kedadean
-       Nggambarake tumindak kang dumadi ing sawijine wektu tartamtu
-       Nduweni paraga kang dcritakake
-       Nduweni alur utawa plot sajrone ngandharake

à  Jinis paragrap narasi

1. Paragraf Narasi Ekspositoris

Yaiku paragraf narasi kang nggambarake rerangkening tumindak kanthi “informatif” lan tujuane menehi kawruh. Paragraf jinis iki nyritakake prastawa kang tenan-tenan dumadi utawa nonfiksi kaya wujud biografi lan autobiografi. Saben tahapan ing narasi ekspositoris diandharake kanthi basa kang informatif kanthi underan ing panganggone tembung kang nduweni teges denotatif/ nyata lan mentingake nalar.

2. Paragraf Narasi Sugestif

Yaiku paragraf narasi kang nggambarake rerangken tumindak kanthi maneka cara kanthi tujuan ngrangsang daya khayal/ imajinasi pamaca kaya wujud cerkak lan novel. Jinis paragraph iki biyasane akeh nggunakake basa lan tembung-tembung pepindhan.

è  Perangane Teks Naratif

Teks naratif kaperang dadi 3 perangan yaiku:
-       Orientasi, yaiku pengarang wiwit ngenalake paraga crita lan kapan dumadine crita utawa kedadean mau.
-       Komplikasi, yaiku paraga utama ing crita mau wiwit oleh godha, alangan, rintangan utawa konflik.
-       Resolusi, yaiku prakara kang diadhepi dening para paraga crita kasebut wiwit diudhari lan pungkasaning crita mau (akhir crita), dipungkasi kanthi rasa seneng (happy ending), apa kanthi sedhih (sad ending).

è Unsur Intrinsik Wacana Narasi


  • a.    Tema: gagasan baken ingkang dados dhasaring cariyos.
  • b.    Paraga: purusa ingkang nglakokake cariyos.
a.       Paraga utama (pemeran utama)
b.      Paraga tambahan
c.       Paraga figuran
  • c.    Penokohan/watak: gambaran watak paraga.
a.       Protagonis: paraga kang duwe watak becik
b.      Antagonis: paraga kan dadi lawaning paraga protagonist
c.       Tritagonis: paraga kang dadi paraga pandukung.
  • d.    Alur/plot: rerangkening cariyos ingkang kadhapuk kanthi logis.
a.       Alur maju: nyritakake saka dumadine sawijining bab saka wiwit nganti pungkasan.
b.      Alur mundur: nyritakake saka kadadeyan saiki, mundur ing kadadeyan kang wis kliwat.
c.       Alur campuran: gabungan alur maju lan alur mundur.
  • e.    Latar/setting: panggenan,wekdal,utawi swasana kadadosanipun prastawa ing salebeting cariyos.
a.       Latar wektu
b.      Latar panggonan
c.       Latar swasana
  • f.     Amanat/pesan/piwulang:  pitutur utawi pesen pangripta ingkang badhe dipunaturaken dhumateng pamaos.
  • g.    Sudut pandang: posisi pangripta wonten ing cariyos.
       Pangripta saged dados:
       -Purusa kapisan paraga utama (orang pertama pelaku utama )
       -Purusa katiga (orang ketiga )
       -Sarwi mangertos (serba tahu )
Contoh wacana Narasi

a.       Tuladha Paragraf Narasi Ekspositoris:

Nalika dina Jum’at, 6 Februari 2004 dumadi gempa tektonik kang mbuncang wewengkon Kabupaten Nabire Provinsi Papua. Buncangan kang susul-sumusul nganti kaping nem iku dumadi suwene rong jam. Lindhu kanthi kekuwatan 6,91 skala richter iku nyebabake sethithike wong cacah 26 tiwas, 34 tatu abot, lan 66 tatu entheng. Buncangan banter iki nyebabake lemah longsor lan mletheke landhesan pacu bandhara kono.

b.      Tuladha Paragraf Narasi Sugestif:

Prastawa iku kedadean kang wis dumadi utawa kelakon. Prastawa iku maneka warna. Ana sing nyenengake, nrenyuhake, ana uga sing gawe sedhih. Prastaw sinhg nyenengake umpamane menang dadi juwara ing sawijining lomba, peresmian sawijining kreteg sing ngubungake sawijining panggonan karo panggonan liyane, lan liya-liyane. Prastawa sing nrenyuhake tuladhane ketemu kulawarga sing dipisahake utawa ilang merga bencana alam kaya Tsunami, bisa uwal saka kacilakan, lan liya-liyane. Dene prastawa kang gawe sedhih umpamane katut dadi kurban bencana alam, kelangan sedulur, lan liya-liyane.
Kedadean-kedadean sing wis kelakon bisa nyadharake manungsa dadi luwih mawas dhiri. Jalaran ana kalane sawijining prastawa iku kelakon kedaden merga saka ulahe manungsa dhewe kang kurang nrima utawa kurang pangati-ati. Menawa wis klakon kaya mengkono, manungsa banjur lagi eling marang panguwasane Gusti Allah kang tanpa tandhing. Ing pasinaon iku kowe arep diajak nyinau basa lumantar tema prastawa. Kanthi pangajab kowe bisa nyinau basa jawa, lan bisa ngemutake sapa bae marang panguwasane Gusti Allah kang tanpa tandhing. Ayo disinau kanthi temen!

Tuladha paragraph Narasi dumadine sawijining papan panggonan

                                                   Kutha Kendal
Jeneng Kendhal iku ujare para pinisepuh asale saka arane tetuwuhan aran wit Kendhal sing basa Latine disebut Cordia Myza. Wit kenndhal kasebut sakawit ditemokake dening Pangeran Benawa kang isih turunan Sultan Pajang sing wektu iku kapinujon isih ngayam alas jalaran ana dredah. Kutha Kendhal wektu semana isih awujud alas gung liwang-liwung.
Sawijining dina Pangeran Benawa ngutus andhahane kang aran Baureksa kanggo bebadra ing alas kendhal. Suprihe alas mau bisoa dadi papan padhukuhan kang reja lan ing tembe dipurih dadiya sawijining kutha sing gedhe. Prenahe alas kendhal kuwi dununge ana sisih kulone kutha Semarang saiki, utawa sisih wetane kutha Batang.
Mangkono mau satleraman sejarahe kutha Kendhal sing katulis ana risalah Humas Pemda Kabupaten Kendhal.
Hari Jadi kutha Kendhal dening asil Seminar 1989 wis ditetepake tiba ing tanggal 26 Agustus 1628 kapungkur. dadi, engga saiki kabupaten kasebut wis umur 362 taun.
Geografi (papan palemahan)-ne pancen mujudake dhaerah sing potensial. Sebab, umume subur lan cocog banget ditanduri cengkeh, tebu, palawija, lan mbako sing saiki isih dadi primadhonane para kadang tani. (Kapethik saka: Panyebar Semangat, No.43/1990, kaca 10)

            Tuladha paragraf Narasi Pengalaman Pribadi


Sinau Ing salebeting pandemi Covid 19

Indonesia nembe berjuang nglawan pandemi covid 19,mekaten ugi kula. Tamtu kula mboten purun tumut kenging virus ingkang nganjrih-ajrihi punika. Maksudipun kula kepengin tumut ngrencangi pamarintah lan garda terdepan nglawan pandemi punika, sareng jutaan tiyang ing nagari Indonesia punika. Caranipun Tetep wonten griya, physical distancing, njagi badan tetep sehat,  punika ingkang kula lampahi. Amargi kula taksih setunggaling pelajar, tamtu kegiatan pasinaon tetep wajib dipunlampahi` saking griya. Sinau wonten griya utawi daring, inggih punika ingkang dipunlampahi dening jutaan pelajar wonten Indonesia. Kula raos kathah bab ingkang saget dipunlampahi  saking lan wonten  griya.
Sinau ing griya, kadosipun ngremenaken. Punapa malih  wekdal pasinaon ingkang langkung sakedhik. Saleresipun kula kinten para bapak ibu guru badhe maringi video kangge sinau, nanging kula kesupen menawi punika badhe nelasaken kathah kuota. Nanging kula remen sinau ing griya, amargi kathah bapak ibu guru ingkang saderengipun maringi materi paring tuladha saderengipun nggarap ayahan. Sanadyan sepisanan raosipun ayahan ingkang dipunparingaken kathah sanget, nanging kasunyatanipun dipunbandingaken kaliyan pasinaon limrahipun,  saleresipun ayahan menika langkung ringan.
Wontenipun pandemi covid-19 punika, kadosipun kula langkung kathah gerak wonten griya, dipunbandingaken dinten limrahipun. Limrahipun tangi, adus, sarapan, lajeng bidhal sekolah. Sapunika tangi, masak sekul rumiyin, nyapu griya, sarapam, nembe sinau daring, kula  kanthi remen miwiti pasinaon tabuh 08.00. Namung mawon kadhang  asring kesupen absen.
 Kasunyatan sanesipun, wontenipun pandemi punika, bapak kula nyambut damel wonten griya, dados wanci dalu remen dipuntenggani bapak, keluwarga kempal sedaya sadangunipun kalih minggu. Amargi biasanipun bapak  kondur seminggu sepisan , sanadyan wekdal punika bapak sampun wangsul dhateng papan nyambut damelipun. Kula ugi saged nggadhahi  wekdal kangge bab- bab ingkang kula remeni, kadosta  kangge maca buku. Sanadyan sinau wonten griya punika ngremenaken, tetep mawon raosipun benten kaliyan wonten sekolah. Tamtu, sadaya tiyang ngajeng-ajeng pandemi punika badhe enggal sirna, mila sumangga kula lan panjenengan sami manut aturaning pamarintah supados pandemi Covid-19 enggal musna.

Komentar

Postingan Populer