SERAT WULANGREH PUPUH GAMBUH

SERAT WULANGREH PUPUH GAMBUH (MACAPAT)

Serat Wulangreh iku siji saka ewoning kasusastran Jawi kang ana. Saliyane Serat Wulangreh, uga ana Serat Wedhatama anggitane KGPAA Mangkunegara IV, Serat Kalatidha anggitane R. Ng. Ranggawarsita, lan liya-liyane.

Serat Wulangreh iku ngemu 13 pupuh tembang, yaiku; Dhandhanggula 8 pada, Kinanthi 16 pada, Gambuh 17 pada, Pangkur 17 pada, Maskumambang 30 pada, Duduk Wuluh/ Megatruh 17 pada, Durma 12 pada, Wirangrong 27 pada, Pocung 22 pada, Mijil 25 pada, Asmaradana 26 pada, Sinom 33 pada, lan Girisa 25 pada.

Piwulang ing Serat Wulangreh iku maneka warna. Pustaka kang ditulis dening Sunan Pakubuwana IV arupa tembang iku ing saben pupuh tembange isi piwulang kang piguna kanggo sing gelem maca. Isi piwulange yaiku:

1) pupuh Dhandhanggula isine bab carane milih guru;

2) Pupuh Kinanthi isine bab cara srawung utawa milih kanca;

3) Pupuh Gambuh isine larangan duwe watak adigang, adigung, adiguna;

4) Pupuh Pangkur isine bab tata krama, mbedakake ala lan becik, sarta cara ndeleng watake manungsa;

5) Pupuh Maskumambang isine bab carane nyembah;

6) Pupuh Dhudhuk Wuluh isine cara ngawula marang raja,

7) Pupuh Durma isine cara ngendhaleni hawa nepsu;

8) Pupuh Wirangrong isine bab ala becike perilaku;

9) Pupuh Pocung isine cara nyambung paseduluran lan mangerteni isining wacan;

10) Pupuh Mijil isine bab cara pasrah lan sukur;

11) Pupuh Asmaradana isine bab nindakake ajaran agama;

12) Pupuh Sinom isine bab dhasar-dhasaring tingkah laku;

13) Pupuh Girisa isine pesen sarta donga Sang Pujangga.

B.    Pangripta Serat Wulangreh

Serat Wulangreh karipta dening swargi (Almarhum) Sri Susuhunan Pakubuwana IV kang jumeneng ing Keraton Surakarta Adiningrat (1788-1820). Jejuluk (gelar) jangkebe panjenengan dalem nalika jumeneng nata yaiku Sampeyan Dalem Ingkang Sinuwun Kanjeng Susuhunan Pakubuwana Senapati Ing Alaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama Kalifatullah IV.

Nalika isih timur kaparingan asma Raden Mas Subadya. Panjenengan dalem wiyos (lair) ing Surakarta tanggal 2 September 1768. Banjur jumeneng nata 29 September 1788 lan seda 2 Oktober 1820. 

C. Tembang Gambuh

Ingkang badhe kula rembang inggih punika pupuh gambuh. Pupuh gambuh wonten serat wulangreh kababar dados 17 tembang. Piwulang ingkang saged dipunpundhut babagan tiyang kang kedah nebihi watak adigang adigung adiguna. Adigang ateges ngendelaken kuwasa, adigung ateges ngendelaken kakuwatan, lan adiguna ateges ngendelaken kapinteran. Watak tetiga punika kedah dipuntebihi amarga saged ndamel setunggaling tiyang keblinger.

sapunika tuladha salah satunggaling tembang wonten pupuh gambuh

a.       Cakepan Serat Wulangreh Pupuh Pangkur

Pada 1

Sekar Gambuh ping catur

Kang cinatur polah kang kalantur

Tanpa tuturkatula-tula katali

Kadaluwarsa katutuh

Kapatuh pan dadi awon

a.   Negesi Tembung Tembang Pangkur pada 1

No.

Tembung

Krama

Tegese

Indonesia

1.

sekar 

sekar

tembang

tembang, lagu

2.

cinatur

dipuncariyosaken

dicritake

diceritakan

3.

polah

tumindak

polah

perilaku

4.

kalantur

kabanjur

kebanjur

terlanjur

5.

tutur

pangandikan

omongan

pembicaraan

6.

Katula-tula

rekaos

rekasa

menderita

7.

katali

kesandhung

kesandhung

tersandung

8.

kadaluwarsa

kadaluwarsa

kadaluwarsa

Sampai batas waktu

9.

katutuh

dipunarani

diarani

dituduh

10

kapatuh

dipuntetepaken

ditetepake

ditetapkan

 b. Negesi saben gatra/larik/baris

Gatra 1 à Sekar gambuh ping catur: sekar gambuh pola kaping papat
Gatra  2
à Kang cinatur, polah kang kalantur: kang dadi caturan/omongan, amarga polah kang ora teratur
Gatra 3
à Tanpa tutur, katula-tula katali: ora gelem ngrungokake, saya suwe sengsara 
Gatra 4
à Kadaluwarsa ka tutuh: Wis kasep lan ora bisa di kendalikake
Gatra 5
à Kapatuh pan dadi awon: kaya mangkono bisa dadi kahanan kang elek

c. Parafrase tembang Pangkur pada 1

Parafrase Basa Jawa

Parafrase Basa Indonesia

               Tindak-tanduk kang ora gelem ngrungokake pituture wong liye, tindak-tanduk kang ora becik kaemot ing sekar Gambuh iki. Tindak tanduk ala kang ora ana rampunge lan ora ana kendhaline bakal ala asile lan ngrugekake manungsa dhewe.

            Sekar gambuh pola yang keempat,  yang menjadi bahan perbincangan adalah perlaku yang tidak teratur, tidak mau mendengar nasihat, semakin lama semakin tak terkendali, hal ini akan berakibat buruk.

 d. Isi tembang Gambuh pada 1

1.      Tindak-tanduk kang ora gelem ngrungokake pituture wong liya

2.   Tindak-tanduk kang ora becik kaemot ing sekar Gambuh.

3.   Tindak tanduk ala bakale ngundhuh ala.

4.    Tindak tanduk ala bakale ngrugekake ngrugekake manungsa dhewe.

5.  dados tiyang kedah purun mirengaken ngendikanipun tiyang supados saged mlampah wonten margi ingkang leres lan tebih saking kahanan ingkang awon"

e. Pitutur kang bisa dijupuk saka wacan kasebut yaiku:

1.   Rungokna pituture wong liya.

2.   Aja nglakoni tumindak kang ala yen ora kepengin ngundhuh ala.

3.   Aja nglakoni tumindak ala yen ora kepengin ngrugekake dhiri pribadi.


Video Tembang Gambuh

Komentar

Postingan Populer