SANDIWARA JAWA

A. Pengertian Sandiwara

Sandiwara yaiku nyetakake utawa maragake paraga ana ing sandiwara kuwi dhasare numindakake utawa maragakake watak lan tindak-tanduk pawongan liya.

B. Unsur Intrinsik Sandiwara

Unsur-unsur ingkang kasusun ana ing njerone sandiwara yaiku:

a.   Tema yaiku uderaning perkara kang arupa ide dhasar crita, tema sing dianggo ana ing sandiwara dumadi saka bab-bab kerep diprangguli ana bebrayan.

b.   Purusa/Paraga (tokoh) lan watake

–      Purusa utama yaiku paraga kang paling akeh gegayutane karo paraga liya.

–      Purusa pambiyatu yaiku parga kang mbiyatu paraga utama.

–      Watakwatune yaiku ciri-ciri utawa karakter paraga.

c.   Alur (dalaning crita) yaiku urut-urutan lakune crita.

d. Amanat yaiku pesen moral kang ana ing njerone crita.

e. Gaya bahasa yaiku tata cara panganggone basa kang bisa awujud dialek, tata ukara lan majas.

C. Unsur Ekstrinsik Sandiwara

Unsur ekstrinsik sandiwara jawa yaiku unsur kang ana ing sakjabane karya sastra, ananging unsur samenika gadahi pengaruh ing sistem organisme karya sastra.

D. Wujude Sandiwara

1. Dramatikal yaiku sandiwara kang diparagakake karo saperangan wong utawa paraga kang dibarengi salah bawa.

2. Pantomin yaiku sandiwara kang diperagakake kaliyan gerak-gerik ananging boten wonten dialog namung wonten musik  lan ekspresi saking rupane lakon.

3. Komedi yaiku sandiwara kang diperagakake karo geguyonan kang sifate nyindir lan pungkasane seneng-seneng.

4. Parodi yaiku salah satunggaling wujud dialog antarane naskah saha oposisi (kontras).

Sandiwara kudu migatekake babagan ing ngoisor iki:

  1. Nduweni kreasi nalikaning nindakake paraga
  2. Maragakake kanthi wajar ora digawe-gawe
  3. Paraga kang ditindhakake dipadhake kalawan tipe, gaya,34 jiwa lan ancas pementasane.
  4. Paraga kang ditindhakake nganggo periode wektu lan watak.

Cara ingkang bisa ditindhakake nalikaning dadi paraga ana sawenehing lakon sandiwara:

  1. Gladen olah watak
  2. Gladen swara
  3. Gladen observasi lan imajinasi
  4. Gladen konsentrasi
  5. Gladen teknik pementasan
  6. Gladen sistem akting
  7. Nglancarake keprigelan lan gladen
D. Tuladha Sandiwara

E. Tuladha Kethoprak



F. TULADHA NASKAH SANDIWARA

Teja Koran

 

Para paraga:

Teja         : kanoman tukang Koran

Yoyok    : kanoman sing gumedhe

BABAK 1

Katon ngejejer omah-omah kang apik ing perumahan. Kabeh katon resik lan rapi. Teja lumaku ing dalan kono. Adol Koran. Dheweke terus lumaku lan mandheg sadhela ing ngarep omahe Yoyok.

Teja      : “Koran, koran, koran…!”

Yoyok : “He…! Koran…! (mlayu metu saka omahe). Tuku korane, siji pira?”

Teja      : “Murah, Mas. Saeksemplar muk limangewu rupiyah.”

Yoyok : “Oh, ngono. Iki dhuwite…! (ngulungake dhuwit atusan ewon salembar)

Teja      : “Wadhuh, dhuwite gedhe temen…! Ora ana susuke, Mas!”

Yoyok : “Ra papa! Peken bae susuke! Isih akeh tunggale neng jero sing kaya ngono.”

(karo nudhing dhuwit mau)

Teja      : “Maturnuwun lho, Mas! Iki korane.” (ngekekake Koran marang Yoyok)

Yoyok : “Ya, wis …! Gek kana! Aja suwe-suwe neng kene! Mambu. (mithet irung)

Teja      : “O…! Ya, Mas. Aku ya banjur arep lunga kok! Maturnuwun tenan lho, Mas.”

(ninggalke papan kono)

Yoyok : “Iya, iya. Gek ndang ngaliha kana!” (mlebu omah)

 

BABAK 2

Katon lingkungan kang reged lan mambu. Uwuh pating bececer aneng ngendi-endi. Ya ing lingkungan kang kaya mangkono iku Teja karo ibune manggon. Nalika iku Teja mulih dipapagake ibune, Bu Murni.

Teja      : “Bu…, Bu…, Bu…, aku mulih.”

Bu Murni: (Cepet-cepet metu seka omah) “Kowe wis bali, Le?”

Teja     : (Mlebu omah bareng Bu Murni) “Inggih, Bu. Dinten punika kula angsal ana kathah.”

Bu Murni: “Wah, sip tenan yen ngono. Endi dhuwite, Le?”

Teja      : (Karo njupuk dhuwit saka sake) “Punika, Bu.”

Bu Murni: “Hah…! Akeh tenan iki, Le!” (gumun semu kaget)

Teja     : “Bu, wau wonten anakipun tiyang sugih tumbas koran, artanipun atusan awon, kula boten gadhah susuk, e… susukipun kaparingaken.”

Bu Murni: “Wah apik tenan wong kuwi! Wis ngomong maturnuwun kowe mau?”

Teja     : “Sampun, Bu. Piyambakipun pancen sae. Ananging sombongipun boten ngiyati. Bibar ngulungaken arta, kula lajeng dipunken kesah.”

Bu Murni: “Oh… ngono ya! Tibake wong sugih ing ngendi-endi padha wae. Ya priye maneh, Le? Wong cilik kaya awake dhewe iki pancen kudu sabar, luwih-luwih yen ngadhepi wong gedhe.” (ambegan landhung sinambi ngelus dhadha)

Teja     : “Sampun, Bu! Boten sisah dipunlajengaken. Ngrembag sanesipun kemawon, mangke mindhak nambah-nambahi dosa.”

Bu Murni: “Bener, Le. Yen pancen karepe wong mau mangkono ya wis, Dadi, dheweke sing ngelungake dhuwit satus ewu iki? (nyekel dhuwit atusan ewon salembar).

Ya wis, gek ndang adus kana! Saawan pepanas. Biyuh… biyuh… kringete ambune.” (mithet irung)

Teja      : “Inggih, Bu. Nyuwun pangapunten.” (ngadeg banjur mamburi).


Komentar

Postingan Populer