SERAT WULANGREH PUPUH PANGKUR
a.
Pengertian Tembang Macapat
Tembang
Macapat inggih menika reriptan utawi dhapukaning basa mawi paugeran tartamtu.
Paugeran kasebat inggih menika :
1.
Guru Gatra = Cacahing
gatra saben sapada (Banyaknya baris dalam tiap bait)
2.
Guru Wilangan = Cacahing
wanda saben sagatra (Banyaknya Suku kata tiap baris)
3. Guru Lagu = Dhawaning swanten vocal ing pungkasaning gatra (Guru vocal di akhir kalimat seperti A,I,U.E,O)
b. Urutan Tembang Macapat
1) Maskumambang (nalika manungsa ana ing rahim/ dalam kandungan)
2) Mijil (lahir)
3)
Sinom (nom/enom/muda)
4) Kinanthi (dikantheni, digadhang-gadhang, dituntun kepiye carane urip ing donya)
5) Asmaradana (mengalami jatuh cinta)
6)
Gambuh (jumbuh, cocok, sarujuk, banjur berkeluarga)
7) Dhadanggula (senang, nalika sukses, seneng nglakoni urip)
8)
Durma (berderma, memberi, weweh)
9)
Pangkur (mungkur, alon-alon nyepake sangu kanggo ninggalake donyamenghadapi
akhirat)
10) Megatruh
(merpisahnya ruh/meninggal)
11) Pocung
(dibungkus seperti pocong)
A Serat
Wulangreh
Serat
Wulangreh iku siji saka ewoning kasusastran Jawi kang ana. Saliyane Serat
Wulangreh, uga ana Serat Wedhatama anggitane KGPAA Mangkunegara IV, Serat
Kalatidha anggitane R. Ng. Ranggawarsita, lan liya-liyane.
Serat
Wulangreh iku ngemu 13 pupuh tembang, yaiku; Dhandhanggula 8
pada, Kinanthi 16 pada, Gambuh 17
pada, Pangkur 17 pada, Maskumambang 30
pada, Duduk Wuluh/ Megatruh 17 pada, Durma 12
pada, Wirangrong 27 pada, Pocung 22
pada, Mijil 25 pada, Asmaradana 26 pada, Sinom 33
pada, lan Girisa 25 pada.
Piwulang
ing Serat Wulangreh iku maneka warna. Pustaka kang ditulis dening Sunan
Pakubuwana IV arupa tembang iku ing saben pupuh tembange isi piwulang kang
piguna kanggo sing gelem maca. Isi piwulange yaiku:
1)
pupuh Dhandhanggula isine bab carane milih guru;
2)
Pupuh Kinanthi isine bab cara srawung utawa milih kanca;
3)
Pupuh Gambuh isine larangan duwe watak adigang, adigung, adiguna;
4) Pupuh Pangkur isine bab tata krama,
mbedakake ala lan becik, sarta cara ndeleng watake manungsa;
5)
Pupuh Maskumambang isine bab carane nyembah;
6)
Pupuh Dhudhuk Wuluh isine cara ngawula marang raja,
7)
Pupuh Durma isine cara ngendhaleni hawa nepsu;
8)
Pupuh Wirangrong isine bab ala becike perilaku;
9)
Pupuh Pocung isine cara nyambung paseduluran lan mangerteni isining wacan;
10)
Pupuh Mijil isine bab cara pasrah lan sukur;
11)
Pupuh Asmaradana isine bab nindakake ajaran agama;
12)
Pupuh Sinom isine bab dhasar-dhasaring tingkah laku;
13) Pupuh Girisa isine pesen sarta donga Sang Pujangga.
B. Pangripta
Serat Wulangreh
Serat
Wulangreh karipta dening swargi (Almarhum) Sri Susuhunan Pakubuwana IV kang
jumeneng ing Keraton Surakarta Adiningrat (1788-1820). Jejuluk
(gelar) jangkebe panjenengan dalem nalika jumeneng nata yaiku Sampeyan
Dalem Ingkang Sinuwun Kanjeng Susuhunan Pakubuwana Senapati Ing Alaga
Ngabdurrahman Sayidin Panatagama Kalifatullah IV.
Nalika isih timur kaparingan asma Raden Mas Subadya. Panjenengan dalem wiyos (lair) ing Surakarta tanggal 2 September 1768. Banjur jumeneng nata 29 September 1788 lan seda 2 Oktober 1820.
c. Serat
Wulangreh Pupuh Pangkur
Salah
sijine pupuh tembang ing Serat Wulangreh yaiku pupuh tembang Pangkur. Tembang
Pangkur iku guru gatrane 7. Dene guru wilangane yaiku; 8, 11, 8, 7, 12, 8, 8.
Menawa guru lagune yaiku; a, i, u, a, u, a, i. Tembang Pangkur iku awatak
sereng, kereng, nepsu, antepan ati, lan gagah, mula lumrah kanggo nyritakake
rasa kagol, mangkelake, pitutur kang disebabake rasa mangkel, lan uga kahanan
paprangan. Dene sasmitane yaiku pangkur, wuntat, pungkur, ungkur, lan
yudakenaka.
Tembang
Pangkur ing serat Wulangreh ana 17 pada. Wewataking manungsa kang pinter bodho,
luhur asor, mlarat sugih, ngulama maksiyat, kendel jirih, lanang wadon padha
bae bisa katitik saka anggone laku, linggih, solah, muna lan muni. Jaman
samengko bakal akeh wong kang darbe watak drengki, srei, dora, iren, meren,
dahwen, panasten, open, lsp. Mula saka iku nyinau serat Wulangreh iki diajab
ora nduweni sipat utawa watak kang kaya mangkono. Ngudia lelabuhan kang bisa dadi
patuladhan, patut diturut.
D. Cakepan Serat Wulangreh Pupuh Pangkur
Pada
1
Sekar
Pangkur kang winarna,
lelabuhan
kang kanggo wong ngaurip,
ala
lan becik puniku,
prayoga
kawruhana,
adat
waton puniku dipunkadulu,
miwah
ingkang tata krama,
den kaesthi siyang ratri.
b.
Negesi Tembung Tembang Pangkur pada 1
No. |
Tembung |
Krama |
Tegese |
Indonesia |
1. |
sekar |
sekar |
tembang |
tembang, lagu |
2. |
winarna |
dipuncariyosaken |
dicritakake |
diceritakan, dikisahkan |
3. |
lelabuhan |
lelabetan |
tandang gawene, lelabuhane |
pengabdian, tingkah laku |
4. |
prayoga |
prayogi |
tumindak kang luwih becik |
bijak, memutuskan yg terbaik |
5. |
kawruhana |
kawruh, ngelmi |
ngertenana |
pahamilah |
6. |
dipunkadulu |
dipunkadulu |
dipahami bedane |
tahu perbedaannya, dimangerteni |
7. |
kaesthi |
dipunesthi |
diudi, digegulang |
diperhatikan, dipegang teguh |
8. |
ratri |
dalu |
wengi |
malam |
Gatra
1: Sekar Pangkur kang winarna à
tembang Pangkur kang nyritakake /ngomongake
Gatra
2: lelabuhan kang kanggo wong ngaurip à
paugeran tumindak kanggo wong urip
Gatra
3: ala lan becik puniku à ala
lan becik iku
Gatra
4: prayoga kawruhanaà luwih apik
disinaoni/dimangerteni
Gatra
5: adat waton puniku dipunkadulu à aturan
(norma) kudu dingerteni
Gatra
6: miwah ingkang tata karma à uga
kalebu tata krama
Gatra
7: den kaesthi siyang ratri à
dilakoni esuk lan wengi
d. Parafrase
tembang Pangkur pada 1
Parafrase Basa Jawa |
Parafrase Basa Indonesia |
Wewarahing/
piwulang paugeran (pedoman) kanggo wong urip iki kaemot (dimuat)
mawa tembang Pangkur, alan lan becik, adat waton (norma/aturan/tata tertib),
lan tata krama prayogane kokmangerteni, sarta kudu kokcakake (kau terapkan/ kau
laksanakan) ing wayah awan lan bengi. |
Nasehat ini dimuat dalam tembang Pangkur, seyogyanya kau memahami
hakikat pengabdian bagi kehidupan, tentang baik dan buruk perlu kau ketahui
Pahami pula adat dan aturan serta siang malam jangan kau lupakan tata krama
tersebut. |
e. Isi
tembang Pangkur pada 1
Wong
urip iku kudu bisa mbedakake lan mangerteni “ala” lan “becik”, sarta tansah
ngecakna “tata karma”.
Komentar
Posting Komentar