PACELATHON (DIALOG BERBAHASA JAWA)

Pangerten bab Pacelathon

Dalam Bahasa Indonesia, pacelathon artinya "percakapan". Nah, berarti pachelaton sama saja artinya dengan
percakapan. Sedangkan pengertian dari pacelathon di sini akan saya tuliskan dalam bahasa Jawa.
Pacelathon saka tembung celathu entuk ater-ater Pa- lan panambang -an.

Pacelathon yaiku interaksi antarane wong loro utawa luwih saka loro.
Ana ing kabudayan Jawa, pacelathon diatur dening unggah-ungguh.
Unggah-unguh basa mau digunakake ngurmati antarane wong siji lan liyane sing diajak guneman.
Unggah-ungguh mau kaperang maneh dadi loro yaiku ngoko lan krama.

Berdasarkan uraian tadi, jadi pacelathon dalam Bahasa Jawa itu sangat mengutamakan unggah-ungguh dalam berbahasa. Unggah ungguh berguna untuk menghormati orang lain. Misalnya ketika terjadi percakapan antara murid dengan gurunya. Tentu saja si-anak akan berbicara dengan sopan dan santun. Dalam budaya Jawa, orang yang lebih muda harus berbicara menggunakan bahasa krama ketika berdialog dengan orang yang lebih tua.

Untuk lebih jelasnya silakan dengarkan dan simak contoh di bawah dengan cara klik tautan berikut:



Contoh  Pacelathon antara anak muda dengan yang lebih dewasa.

Adi           : Pakdhe, sonten-sonten kok taksih ten kebon?
Pakdhe     : Iyo Di, urung rampung iki
Adi           : Taksih nopo to pakdhe?
Pakdhe     : Resik-resik di
Adi           : Lha niku, punapa ingkang panjenengan lampahi pakdhe?
Pakdhe     : iki aku ugo arep nandur wit gedhang sing di jaluk karo budhemu kae
Adi           : oalah, nalika wingi sonten kula nggi mireng menawi budhe sambat kaliyan pakdhe babagan punika
Pakdhe     : ora mung kuwi tujuane, nanging iki uga ana manfaate kanggo lingkungan
Adi           : leres niku pakdhe, mugi-mugi dados amalipun pakdhe
pakdhe     : aamiin
Adi          : nggih pun, kulo pamit wangsul rumiyin nggih Pakdhe, sampun badhe maghrib.
Pakdhe    : Iyo Di, ati-ati.

Percakapan antara Adi dan Pakdhe yang jauh lebih tua, sehingga Adi menggunakan bahasa krama alus, dan Pak Dhe menggunakan bahasa ngoko.


Ana ing sawijining pacelathon mesthi ana pirang-pirang jinising ukara ing sajroning pacelathon. Dene jinising ukara kayata, ukara pitakon, ukara prentah, ukara andharan, ukara tanggap, ukara tanduk, ukara panguwuh, ukara sambawa, lan ukara pamenging.

Tuladhane:
a.       Ukara pitakon (kalimat tanya): “Sliramu saka ngendi?”
b.      Ukara prentah (kalimat perintah): “Kana enggal mulih! Mumpung isih padhang.”
c.       Ukara andharan: “Wingi esuk aku menyang perpustakan dhaerah kena cegatan.”
d.      Ukara tanggap (kalimat pasif): “ Tugas Basa Jawaku dak garap karo Ali.”
e.       Ukara tanduk (kalimat aktif)   : “Aku njait sragamku sing suwek.”
f.       Ukara panguwuh (kalimat seru): “Hore! Aku oleh biji satus.”
       Ukara sambawa  : “mlayua kaya ngapa yen wis randhat 10 menit gerbange wis ditutup.”
h.      Ukara pamenging  : “Aja rame-rame ayah nembe sare!”

Tuladha Teks pacelathon
            Wawan rembag Pak Joni, Guru SD Caturharjo kaliyan Pak Kepala Dinas, asmanipun Pak Berkah Basuki. 
            Dina Selasa Pak Joni Guru SD Caturharja  arep menyang Dinas Dikpora saperlu ngurus pangkat. Jarene Kepala Dinase anyar, mula Pak Joni durung reti asmane. Nalika pak Joni mlebu ana ing ruangane Pak Kepala Dinas.
Pak Joni      : “Kulanuwun.” Ature  pak Joni karo ndhodog lawang. Ora let suwe      lawang dibukakake.
Pak Berkah: “E mangga Pak, mlebet, sumangga kula aturaken wonten papan ingkang sampun kasamektakaken,” ature pak Berkah, sinambi jempole diangkat, nuduhake papan kanggo lenggah ana ing sofa.
Pak Joni      : “Inggih maturnuwun Pak. Kepareng matur dhumateng Bapak Kepala Dinas Dikpora, kula Joni, guru SD Caturharjo, badhe ngurus pangkat kula.” Ature pak Joni , .
Pak Berkah : Karo mikir sedhelo, “kok nek ra salah iku guru SD ku biyen,” alukke jroning batin.  “Owalah Pak, sampun kesupen Pak, menika kula muridipun Bapak rikala Kula SD  Pak. Kula Barkah Basuki.”
Pak Joni     : “O inggih ta, wah nyuwun pangapunten Pak, kula kesupen”. Kandhane pak Joni, semu kaget. “Wah boten ngira kula, bilih panjenengan menika murid kula rikala SD. Kula tansah tumut bungah, bilih salah satunggaling murid kula sampun kasil dadi uwong.” Ature Pak Joni katon bungah.
Pak Barkah : “Inggih pangestunipun Pak. Saderengipun, anggene wawan rembag, kula suwun ampun ngagem basa krama Pak.”
Pak Joni      : “Ah nggih ampun mekaten ta Pak, kula menika namung guru SD, ingkang badhe dipun angkat pangkat kula. Nanging panjenengan menika rak nggih sampun dados Kepala Dinas, sampun cetha pangkatipun panjenengan langkung inggil. Dados inggih lumrahipun kula ngginakaken basa krama kaliyan panjenengan menika leres.” Panyarwene pak Joni sarwa kewuhan. 
Pak Berkah    : “Ampun mekaten Pak, luhuripun pangkat kula, boten kedah Bapak ngginakaken basa krama kaliyan kula. Pripun – pripun kula nate dados murid panjenengan. Menawi boten ampun basa kemawon kaliyan kula.” Kandhane Pak Berkah.
Pak Joni      : “Walaah inggih-inggih, kula tak ngoko wae karo panjenengan.” Ature pak Joni ngalah, mbangane luput ing penggalihe pak Berkah.
Pak Berkah   : “Mekaten rak nggih langkung sae Pak. O nggih Pak, menapa ingkang kedhah kula biyantu?” pak Berkah lega atine.
Pak Joni    : “Iki Pak arep njaluk tapak asma panjenengan. Sisan karo direfisi dipernahke bener apa ora iki anggonku gawe surat pangkat iki. Ya pangestune wae, muga-muga diparingi lancar anggone ngurus pangkat iki.”
Pak Berkah  : “Iggih Pak, pundi kemawon ingkang kedah kula tandha tangani?” kandhane pak Berkah karo nilang niling sing digawa pak Joni.
Pak Joni    : “Iki Pak, karo lembaran burine.” Panyaure pak Joni, karo nuduhake lembaran kertas pirang-pirang ana ing stopmap. “Nanging Pak, njenengan kuwi rak yo pimpinanku uga, rak yo ora wangun menawa aku nganggo basa ngoko ngene iki, becik ora iki?”
Pak Berkah   : “Wah, inggih boten klentu Pak, menawi panjenengan kersa wawan rembag kaliyan kula ngagem basa ngoko, kula raos lega manah kula.” Kandhane sinambi menehi tapak asma. “Inggih Pak serat menika sampun leres, ugi sampun kula tandha tangani sadaya.” 
Pak Joni     : “Oh nek pancen iku panyuwun njenengan, tak saguhi Pak. O uwis ta, ya maturnuwun ya Pak. Ya wes, gandheng kaperluan uwis rampung, aku tak nyuwun pamit, nerusake anggonku ngurus pangkat iki.”
Pak Berkah   : “Wah boten pinarak rumiyin Pak? badhe kula pendetaken unjukkan rumiyin, menika OB kula sampun nyamektakaken.”
Pak Joni   : “Uwis Pak, rasah repot-repot aku tak terusan wae, mumpung wancine isih ana kanggo nerusake ngurus pangkat iki. Aku nyuwun pamit ya, maturnuwun lho.”
Pak Berkah    : “Inggih mangga, ndherekaken Pak.”





Komentar

Postingan Populer