TUGAS B.JAWA SMPN 1 DUKUN KELAS 8 A B C D E dan F (SOAL SAMA)

Owahana wacan ing ngisor nganggo aksara Jawa!

Note: 
1. Garap ing kertas folio kanthi rapi lan patitis 
2. Garap nganggo pulpen 
3. Digatekake panulisan aksara jawa, sandhangan, pasangan, angka jawa, aksara swara, aksara rekan, lan aksara murda
4. Soal ditulis tangan kanthi rapi
5. Dikumpulke dina Selasa, 9 Mei 2017

                                                          WEJANGAN BAPAK IBU

        Jenengku Ahmad Erdis Al Mubarok. Aku isih keturunan bangsa Arab. Aku lahir tangal 17 wulan Agustus 2002. Umurku ngancik 15 taun. Aku anak katelu saka bapak kang asmane Urkhan Zulfian lan ibu kang asmane Isnaeni Zaenab. Bapak ngasta ing perusahaan kang ngurusi babagan ekspor-impor kerajinan kayu saka Indonesia. Bapak nate ngendika yen Bapak wis nate tindak Eropa, Amerika lan keliling benua Asia. Nalika bapak tindak ing India, bapak criyos yen ing kana pendhidhikane wis apik, sekolah gratis nganti jenjang universitas. Beda karo negara Etiopia, ing kana warga negarane isih ngalami kelaparan. Krisis ing sakabehane aspek. Wong-wong padha kena penyakit busung lapar lan kaki gajah. Tingkat kriminalitas ing negara kuwi uga isih dhuwur. Saliyane ing negara-negara kuwi, bapak uga wis nate tindak menyang Amerika. Nalika iku presidene isih Obama. Aku seneng banget mirengake crita saka bapak. Kaya-kaya aku melu menyang ing negara-negara manca.

         Beda karo bapak, Ibuku ngasta dadi guru. Panjengenane kalebu piyantung ingkang sabar. Nalika aku isih cilik, ibu tansah ndongengi aku sadurunge aku turu. dongeng kang asring dicritkake dening ibu maneka warna. Ana dongeng para Nabi. Nabi Nuh, Nabi Sulaeman, Nabi Isa lan liya-liyane. Crita sanese yaiku crita fabel kayata kancil lan baya. Ibu luwih seneng nalika aku maca buku tinimbang aku nonton tivi utawa dolanan hape. 

               Aku duwe mbakyu asmane Azahra Fatiha lan Aisya Zafran. Lelorone ngangsu kawruh ing ngamanca. Azahra Fatiha sekolah ing Irlandhia. Panjenengane pancen pinter, mula nganti tekane kuliah entuk beasiswa. Wulan Oktober tahun 2016 wingi, mbakyuku kondur ing Indonesia. Ewandene sekolahe ing ngamanca, nanging mbakyuku tetep wasis basa Jawa mligine basa krama. Ing kana, mbakyuku karo kancane sing jenenge Erna Susanti nyambi mulang beksa ing sanggar kagungane seniman asal nusantara. 

               Aisya Zafran isih ngancik tingkat SMA, nanging dheweke entuk beasiswa kanggo sekolah ing Singapura. Dheweke duwe kasenengan nganggit geguritan lan nyekar tembang Jawa. Ora tau lali marang budaya leluhur wondene wis sekolah ing ngamanca. malah dheweke duwe kepenginan supaya bisa nguri-uri budaya Jawa ing negara liya.

               Aku mongkog bisa lahir ing samadyaning kulawarga iki. Aku pengin sekolah kang pinter supaya bisa dadi kaya tunggalku. Rasa syukurku marang Gusti Allah ora bisa dakgambarake. Bapak lan ibu tansah ngajari putra-putrane supaya ora umuk, ora meri lan srei, ora oleh duwe watak adigang, adigung adiguna. Aku kudu prihatin supaya gegayuhanku bisa kalampahan. Piwulang lan wejangan saka bapak lan ibuku kudu dakestoni supaya aku bisa dadi wong kang sukses, bisa gawe mongkog wong tuwa. 

~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~




Komentar

Postingan Populer