Gunung Tidar lan Tombak Kyai Panjang (materi Ulangan Lisan 2)


GUNUNG TIDAR LAN TOMBAK KYAI PANJANG

Dening Adhinia Imanti

Ing tlatah Magelang ana sawijining bukit kang mpan ing satengahing kutha. Bukit iku kawentar amarga dadi papan pelatihan para TNI AD. Bukit iku uga dadi icon kutha Magelang. Bukit iku dikenal kanthi jeneng Gunung Tidar. Miturut critane, Gunung Tidar iki dadi pusering Pulo Jawa.
                Ing jaman biyen nalika Bumi Jawa Dwipa isih awujud alas gung liwang Liwung, ora ana uwong kang wani mapan ing kana. Saperangan tlatah iku isih dukuwasani dening para lelembut. Ujare, Tanah Jawa kang madeg ing satengahing laut iku gampang oleng yen kena ombak laut kang gedhe. Pramila para dewata gage-gage golek cara kanggo ngatasi perkara iku.
                Para dewa banjur ngrembug perkara iku, kepiye carane supaya Tanah Jawa iki bisa anteng, bakoh, kukuh ora oleng yeng kena ombak samodra. Ana  saperangan dewa lan wadyabalane kang diutus kanggo marani Tanah Jawa sisih kulon, nanging Tanah Jawa malah abot sisih amarga kang dienggoni mung sisih kulon. Supaya ora njomplang banjur para Dewa diutus ngenggoni sisih wetan, nanging usaha iki mung muspra.
                Para Dewa banjur golek cara liya yaiku nancepake paku raksasa ing tengah-tengah pulo Jawa. Paku kasebut awujud Gunung Tidar. Sawise paku iku temencep, Pulo Jawa anteng yen kena ombaking samodra.
                Miturut kawigatenan masyarakat, Gunung Tidar iku mulane mung dadi omahe para jin lan setan. Panggedhe saka para jin lan setan iku jengenge Kiai Semar. Nanging Kiai Semar iki ora adha karo paraga Semar ing pewayangan. Kiai Semar penunggu Gunung Tidar iki kawentar medeni, nggegirisi lan culika. Saben ana manungsa kang nyoba kanggo manggon ana ing kono, Kiai Semar dhawuhi para anak buahe kang awujud raksesa lan gendruwo kanggo merjaya manungsa iku.
                Ana ing sawijining dina, ana sawijining ksatria kang asale saka Turki kang jenenge Syekh Subakir. Ksatria kasebut kepengin ngresiki dhedhemit kang mbaureksa Gunung Tidar . lelampahan Syekh Subakir dikancani Syekh Jangkung lan pitung pasang manungsa liyane. Ancase kanggo manggon ing Gunung Tidar supaya bisa dadi papan panggonan kang gemah ripah loh jinawi.
                Miring kabar iku, Kiai Semar murka. Ora ana kang slamet kajaba Syekh Subakir amarga panjenengane sekiti, sabar lan soleh. Syekh Subakir banjur nglakoni tapa suwene 40 dina 40 wengi, banjur panjenengane nemoni Kiai Semar.
                “Hai Ki Sanak, wani-wanine kowe manggoni tlatah kekuwasaanku. Sapa sejatine kowe? Apa karepmu?” pocape Kiai Semar.
                “Adhuh dhuh paguwasa Gunung Tidar, ngertia jenengku Syekh Bakir, asalku saka Turki. Aku mara ing kene amarga aku pengin mbuka tlatah kene kanggo papan panggonan manungsa. Aku lan para kadangku arep manggon ing tlatah kene.” Wangsulan Syekh Bakir.
                “Apa kowe ora ngerti, tlatah kene wis dadi kekuwasaanku. Sapa wae ora oleh manggon ing kene. Yen ora nggateke apa sing tak ujarke, aku bakal ngutus wadyabalaku kanggo numpes para manungsa tanpa sisa!” ujar Kiai Semar.
                “Hei sing sapa wae ngaku dadi penunggune Gunung Tidar, apa kowe ora ngerti yen sapa wae makhluk ing donya iki ora ana kang bisa ngalahake kekuatane Gusti Allah kang akarya jagad. Allah iku nyiptakake manungsa kanggo njaga lan ngrawat jagad raya iki, ora kanggo nguwasani lan tumindak dagsiya.”
                “Hei manungsa, sadurunge aku tansaya murka, lungaa saka kene. Cukup dingerteni bilih tlatah iki wis dadi duweku, aja kumawani kanggo ngrampas apa sing dadi panduweku!!!”
                Mireng ancaman saka Kyai Semar, Syekh Subakir ngalah, nanging ora ateges kalah. Kosok baline, syekh Subakir bali kanthi nyiapake cara kanggo ngalahake Kyai Semar.  Satekane Syekh Subakir tekan Negara Turki, panjenengane njupuk tombak kanga ran Tombak Kiai Panjang. Panjenengane uga nyiapake maewu-ewu manungsa kanga rep dijak mbukak tlatah iku.
                Sawise tekan ing Tidar, saperangan manungsa kang dijak dening Syekh SUbakir manggon ing sawetan Gunung Tidar, tlatah kono nganti saiki disebut Desa Trunan, saka tembung “Turunan” syekh Subakir.
Syekh Subakir banjur tindak tumuju puncak Gunung Tidar. Tombak pusaka Kiai Panjang ditancepke ing puncak Gunung Tidar kanggo tolak balak. Ora let suwe, tombak mau menehi hawa panas kang ora kaya adate. Kyai Semar lan wadyabalanre kepanasen, mlayu sipat kuping ninggalake puncak Gunung TIdar.  Ana sing mlayu tekan Gunung Merapi, ana kang mlayu nganti alas roban, lan ing Gunung Srandil.
Tombak Kiai Panjang iku isih ana nganti saiki lan iih dijaga dening maysrakat. Malah nganti saiki ana makam minangka pangeling-eling Syekh Subakir ing puncak Gunung Tidar lan dijenengi Makam Tombak Kyai Panjang.
Kanthi anane tombak sakti iku, pramili tlatah Tidar dadi aman saka kekuatan jin. Syekh Subakir mboyong para kadange kanggo manggon ing tlatah Tidar.
Nah kanca-kanca, saka crita iki bisa dijupuk piwulang luhur yaiku …..
1.
2.
3.
               

                

Komentar

Posting Komentar

Postingan Populer