Materi Crita Pengalaman

       Tegese Pengalaman Pribadi

Pengalaman pribadi yaiku pengalaman kang dialami utawa dilakoni dhewe. Pengalaman pribadi tansah dieling–eling utawa ora bisa dilalekake.

2.      Wujude pengalaman pribadi

Miturut swasanane, pengalaman pribadi isine:
a.  Nyusahake/nyedhihake
b.  Njengkelake
c.  Nyenengake
a.    Lucu
b.    Medeni/nggegirisi

Miturut umure sing crita, ana pengalaman pribadi nalika isih:

a.  cilik
b.  enom
c.  diwasa/tuwa

3.      Unsur Pengalaman Pribadi

Unsur utawa bagian kang kudu dimangerteni nalika maca crita pengalaman, yaiku:
a.  Tema crita
b.  Paraga crita
c.  Watak paraga
d.  Latar/setting
e.  Alur
f.  Amanat

4.      Carane Nulis Pengalaman

Carane nulis pengalaman pribadi kanthi urut, yaiku:
a.  Nemtokake topik utawa tema crita
b.  Gawe cengkorongan crita
c.  Njembarake cengkorongan crita dadi crita jangkep
d.  Urutan kedadean alure becik lan bener
e.  Basa, ukara, lan tembung-tembung kang digunakake bener lan trep

 Cengkorongan Pengalaman

Gawe cengkorongan crita/kerangka crita pengalaman:
a.  Irah-irahan/judhul crita
b.  Pembukaning pengalaman
c.  Isine crita pengalaman
d.  Panutuping crita pengalaman
e.  Dudutan utawa amanat crita
f.  Saora-orane ana unsur 5 W+1H\

Contoh Cerita Pengalaman


Tekaku Telat
Kaya padatan, esuk iku neng ngomahku rame. Kabeh wis arep nindakake kewajibane dhewe-dhewe. Bapak badhe tindak kantor, aku lan adhiku uga arep mangkat sekolah. Adhiku loro jenenge Rini lan Wulan.
Bapakku tindak kantor nitih sepedha motor. Anggonku mangkat sekolah numpak sepedha. Aku mboncengake Wulan, dene Rini nyepedha dhewe. Ana tengah dalan, sepedhane nggembos. Dheweke katon bingung banget. Rini banjur takkongkon nganggo sepedhaku lan mboncengake Wulan, banjur takkongkon budhal dhisik supaya ora telat. Aku ngompakake sepedhane Rini sing nggembos.
Amarga  ndadak ngompakne sepedha dhisik, aku dadi telat. Sekolahku kahanane wis sepi, nalika kuwi ing kelasku pelajarane Bu Ani, guru Basa Jawa. Bu Ani iku ora seneng yen ana murid sing telat, nanging takwanek-wanekake mlebu. Tekan ngarep kelas, aku ndhodhogi lawang, banjur Bu Ani ndhawuhi aku mlebu kelas. Aku ngaturake panuwun marang Bu Ani amarga wis ngijinake aku mlebu kelas.
Aku banjur nata ambegan lan matur alon-alon nanging cetha, tanganku ngapurancang sirahku ndhingkluk banjur njaluk ngapura marang Bu Ani amarga aku telat. Aku menehi alesan yen kudu ngompa ban sepedha dhisik. Bu Ani ngapurani lan ngijinake aku melu wulangan ing esuk kuwi.
Bu Ani banjur ngendika ing ngarep kelas karo murid-murid kabeh. Mangkene ngendikane: ”Alangan iku pancen ora bisa dinyana-nyana, senajan manungsa wis ngati-ati. Ora ana wong sing bisa nampik alangan, kaya kedadeyan kancamu Dedi. Tumindake Dedi iku wis bener, matur apa anane lan enggal nyuwun pangapura yen rumangsa luput, awit tekane telat.

(Dening: Dhea Amalia, kapethik tanggal 30 Mei 2014)


Pak Polisi Brengos Ijo
Crita iki kedadeyan dina Senen setaun kepungkur. Wektu iku aku isih kelingan pas wulangan basa Jawa, materi maca ukara  mawa aksara Jawa. Nalika aku melu wulangan Basa Jawa sirahku ngelu amarga sawengi pancen kurang turu melek-melek sedulurku duwe gawe sunatan. Pak D  asmane guru Basa Jawa. Priyayine gedhe dhuwur kaya Werkudara. Guru Basa Jawa iki pancen guru kang sabar lan apikan mungguh aku. Buktine sasuwene aku diwulang, pak D ora nate duka apa maneh ngeplak marang siswane. Amarga kalebu guru sabar lan apikan, pak D disenengi dneing siswa.
Amarga sirahku ngelu mula rasane gliyar-gliyur kaya-kaya arep turu. Wektu iku ngepasi maca ukara mawa aksara Jawa. Pak D kanthi sabar nuntun para siswa maca ukara mawa aksara Jawa kasebut. Sansaya suwe mripatku rasane kudu merem, mulane aku theklak-thekluk ngantuk sinambi  ngrungokake kanca-kanca kang padha maca aksra Jawa lagi dituntun Pak D.
( Panjebar Semangat no. 41, 12 Oktober 2013 kanthi besutan)





1.      

Komentar

Postingan Populer