TEKS PIWULANG SERAT WULANGREH PUPUH SINOM (KELAS 7 3.6)

SERAT WULANGREH PUPUH SINOM

 





Piwulang ing serat wulangreh iku maneka warna. Pustaka kang ditulis dening Sunan Pakubuwono ka-IV arupa tembang iku ing saben pupuh tembange isi piwulang kang piguna kanggo sing gelem maca.

Isi piwulange yaiku :

1) Pupuh Dandhanggula isine bab cara milih guru; 

2) Pupuh Kinanthi isine bab cara srawung utawa milih kancha; 

3) Pupuh Gambuh isine larangan ndue watak adigang,adigung,adiguna ; 

4) Pupuh Pangkur isine bab tata karma, mbedakake ala lan becik, sarta cara ndheleng wataking manungsa;

5) Pupuh Maskumambang isine bab carane nyembah;

6) Pupuh Dhudhuk wuluh isine cara ngawula marang raja ;

7) Pupuh Durma isine carane ngandhaleni hawa nepsu ;

8) Pupuh Wirangrong isine bab alabecik perilaku ;

9) Pupuh Pocung isine cara nyambung paseduluran lan mengerteni isining wacan ;

10) Pupuh Mijil isine bab cara pasrah lan syukur ;

11) Pupuk Asmarandhana isine bab nindhakake ajaran agama ;

12) Pupuh Sinom isine bab dhasar-dhasaring tingkah laku ;

13) pupuh girisa isine pesan sarta donga sang pujangga. Mangga padha mulasara kabudayan Jawi iki, mligine pupuh sinom.


SERAT WULANGREH PUPUH SINOM

(Pada 1 - 5)


Serat Wulangreh menika salah satunggaling karya sastra anggitanipun Sri Susuhunan Pakubuwana IV. Salah satunggaling isine Serat Wulangreh yaiku pupuh Sinom / tembang macapat sinom. Pupuh sinom ana 33 pada/bait. 

Berikut beberapa diantaranya disertai dengan terjemahan bebas :

(1)
Ambege kang wus utama,
tan ngendhak gunaning jalmi,
amiguna ing aguna,
sasolahe kudu bathi,
pintere den alingi,
bodhone didokok ngayun, 
pamrihe den inaa,
mring padha padhaning jalmi,
suka bungah den ina sapadha-padha.


(2)
Ingsun uga tan mangkana, 
balilu kang sun alingi, 
kabisan sun dokok ngarsa, 
isin menek den arani, 
balilune ngluwihi, 
nanging tenanipun cubluk, 
suprandene jroning tyas, 
lumaku ingaran wasis,
tanpa ngrasa prandene sugih carita.


(3)
Tur duk ingsun masih bocah, 
akeh kang amituturi,
lakune wong kuna-kuna, 
lelabetan kang abecik, 
miwah carita ugi,
kang kajaba saking ngebuk, 
iku kang aran kojah, 
suprandene ingsun iki,
teka nora nana undaking kabisan.


(4)
Carita nggonsun nenular,
wong tuwa kang momong dhingin, 
akeh kang sugih cerita,
sun rungokna rina wengi, 
samengko isih eling, 
sawise diwasa ingsun, 
bapa kang paring wulang, 
miwah ibu mituturi,
tata krama ing pratingkah karaharjan.

(5)
Nanging padha estokana,
pitutur kang muni tulis,
yen sira nedya raharja,
anggonen pitutur iki, 
nggoningsun ngeling-eling, 
pitutur wong sepuh-sepuh,
mugi padha bisa,
anganggo pitutur iki,
ambrekati wuruke wong tuwa-tuwa.


Berikut terjemahannya :


(1)
Watake wong sing wis sampurna,
ora ngremehke kepinterane wong liya, 
ora minteri wong sing ora pinter, 
tingkahe kudu manpaat,
kepinterane ora dipamerake,
bodhone dituduhake,
tujuane ben diece (dipoyoki),
karo wong-wog liya,
krasa seneng nek diece wong liya.


(2)
Nek aku uga ora kaya ngono,
bodhoku sing takumpetake,
kepinterane tak deleh ngarep (pamer), 
sebab isin nek diarani,
bodhone kebangeten,
nanging nyatane bodho temenan, 
dene ing jero ati (niyate), 
tumindake ben diarani pinter
ora rumongsa akeh ngomonge ngapusi.


(3)
Wektu aku isih bicah (cilik)
akeh banget sing nuturi (nyritakake), 
tumindake wong-wong kuna,
olehe ngabdi carane kang becik lan uga ana crita,
kang durung mesthi sumbere bener, 
yaiku sing diarane dongeng, 
nanging meksa aku iki,
tetep ora tambah kepinterane.


(4)
Crita sing dakomongake iki,
saka wong tuwa mbiyen sing momong, 
akeh sing sugih crita,
dakrungokake awan bengi, 

tekan saiki isih kemutan, 
sawise aku dhewasa (gedhe), 
bapak sing maringi nasihat, 
lan ibu sing nuturi (ngelikake),
bab tatakrama tumindak kang apik.
(5)
Nanging padha lakonana, 
nasihat sing ditulis iki,
yen kowe padha kepingin slamet, 
nganggoa nasehat iki,
anggonku ngemut-emut, 
nasihate wong tuwa-tuwa, 
muga- muga padha bisa, 
nganggo nasihat iki,
wulangane wong tuwa iku mberkahi


TERJEMAHAN SERAT WULANGREH PUPUH SINOM

VERSI BAHASA INDONESIA

(Pada 1 - 10)



01.

 Ambeke kang wus utama, tan ngendhak gunaning jalmi, amiguna ing aguna, sasolahe kudu bathi, pintere den alingi, bodhone didokok ngayun, pamrihe den inaa, mring padha padhaning jalmi, suka bungah den ina sapadha-padha.

Perilaku orang yang telah mencapai tataran sempurna tidak akan membatasi atau mencela kepandaian orang lain, kepandaiannya disembunyikan sedangkan kebodohannya ditampilkan agar dihina, jangan sampai ada yang menyebutnya pandai, ia merasa bahagia jika ada yang menghinanya.

 

 02 

Ingsun uga tan mangkana, balilu kang sun alingi, kabisan sun dokok ngarsa, isin menek den arani, balilune angluwihi, nanging tenanipun cubluk, suprandene jroning tyas, lumaku ingaran wasis, tanpa ngrasa prandene sugih carita.

Aku pun tidak begitu, kebodohankulah yang aku tutupi dan kepandaianku yang aku kedepankan karena malu jika disebut bodoh oleh orang lain, padahal aku bodoh namun ingin disebut pandai sehingga tanpa sadar (aku) banyak bercerita bohong


03 

Tur ta duk masihe bocah, akeh temen kang nuruti, lakune wong kuna-kuna, lelabetan kang abecik, miwah carita ugi, kang kajaba saking embuk, iku kang aran kojah, suprandene ingsun iki, teka nora nana undaking kabisan.

Padahal ketika aku masih kecil banyak yang bercerita tentang perilaku orang jaman dulu mengenai pengabdian yang baik serta cerita, termasuk cerita yang tidak benar adanya yang disebut dongeng, meskipun demikian, kepandaianku tidaklah bertambah

 

04 

Carita nggonsun nenular, wong tuwa kang momong dingin, akeh kang padha cerita, sun rungokna rina wengi, samengko isih eling, sawise diwasa ingsun, bapa kang paring wulang, miwah ibu mituturi, tatakrama ing pratingkah karaharjan.

Adapun cerita yang kuberikan ini kuturunkandari orang tua yang mengasuhku dulu, banyak cerita yang kudengarkan baik siang maupun malam sampai sekarang masih aku ingat. Setelah aku dewasa, ayah yang memberiku nasihat, sedangkan ibu yang mengingatkan tentang tata karma dan tingkah laku kebaikan

 

05 

Nanging padha estokana, pitutur kang muni tulis, yen sira nedya raharja, anggone pitutur iki, nggoningsun ngeling-eling, pitutur wong sepuh-sepuh, mugi padha bisa, anganggo pitutur iki, ambrekati wuruke wong tuwa-tuwa.

Namun turitilah nasihat yang tertulis ini, jika kau menghendaki keselamatan, laksanakan nasihat yang kuingat dari  tetua, mudah-mudahan kalian dapat melaksanakan nasihat ini, sebab ajaran orang tua akan membawa berkah

 

06

Lan aja nalimpang madha, mring leluhur dhingin dhingin, satindake den kawruhan, ngurangi dhahar lan guling, nggone ambanting dhiri, amasuh sariranipun, temene kang sinedya, mungguh wong nedheng Hyang Widdhi, lamun temen lawas enggale tinekan. Dan jangan ada yang berani mencela leluhur.

Pahami laku berupa mengurangi makan dan tidur dengan cara ‘menyakiti’ diri untuk membersihkan diri sehingga akhirnya tercapai segala yang diinginkan. Adapun orang yang memohon kepada Yang Mahakuasa, cepat atau lambat akan dikabulkan jika sungguh-sungguh.

 

07 

Pangeran kang sipat murah, njurungi kajating dasih, ingkang temen tinemenan, pan iku ujare Dalil, nyatane ana ugi, nenggih Ki Ageng Tarub, wiwitira nenedha, tan pedhot tumekeng siwi, wayah buyut canggah warenge kang tampa.

Bukankah Yang Mahamulia itu memiliki sifat Mama Pemurah yang mengabulkan segala keinginan yang sungguh-sunguh. Bukankah demikian yang dikatakan hadits. Buktinya juga ada. Ki Ageng Tarub tak henti-hentinya memohon sehingga anak, cucu, buyut, canggah, wareng ikut mewarisinya

 

08 

Panembahan senopatya, kang jumeneng ing Matawis, iku barang masa dhawuh, inggih ingkang Hyang Widdhi, saturune lestari, saking berkahing leluhur, mrih tulusing nugraha, ingkang keri keri iki, wajib uga niruwa lelakonira. 

Panembahan Senopati yang memerintah di Mataram pun berkesesuaian dengan dengan anugrah Yang Mahaesa keturunasnnya berkuasa turun temurun dari berkah leluhur . agar berkahmu lestari, seyogyanya kau ikuti laku

 

09

Mring leluhur kina-kina, nggonira amati dhiri, iyasa kuwatanira, sakuwatira nglakoni, cegah turu sathithik, lan nyudaa dhaharipun, paribara bisaa, kaya ingkang dingin dingin, aniruwa sapretelon saprapatan. 

Para leluhur jaman dulu. ‘Menyiksa diri sudah barang tentu semampumu, semampu kau melaksanakannya. Kurangi sedikit tidur dan makanmu. Tidak perlu meniru seluruhnya perilaku leluhur, sepertiganya atau seperempat saja sudah cukup


10

Pan ana silih bebasan, padha sinauwa ugi, lara sajroning kapenak, lan suka sajroning prihatin, lawan ingkang prihatin, mana suka ing jronipun, iku den sinauwa, lan mati sajroning urip, ingkang kuna pan mangkono kang den gulang. 

Bukankah ada peribahasa ‘belajarlah dalam nikmat, sakit dalam sehat, senang dalam penderitaan, prihatin dalam kesukaan, dan matilah dalam hidup. Begitulah laku orang jaman dulu.



Komentar

Postingan Populer