LEGENDHA(MATERI KELAS 8 KD 3.7)


VIDEO PEMBELAJARAN MATERI LEGENDHA 




CONTOH LEGENDHA

1. LEGENDHA  SENDHANG SANI

 

Sunan Kalijaga lan Ki Rangga sarta para santrinipun saminuju padhepokan. Sunan Muria. Sanajan dunungipun tebih, Sunan Kalijaga kados boten nandhang raos kesel.

Kaya wis tekan Kadipaten Pati Pesantenan, sedhela maneh tekan Padhepokan Muria,” ngendikanipun Sunan Kalijaga dhumateng murid-muridipun.

Nalika wanci sembahyang luhur, Sunan Kalijaga kendel ing ngandhapipun wit ageng, lajeng ngutus Ki Rangga supados pados toya kangge wudhu. Ki Rangga lan kadangipun sami bingung, amargi wonten mriku garing boten wonten toyanipun. Mirsani murid-muridipun sami bingung, Sunan Kalijaga mesem lan ngendika, “Ki Rangga becike awake dhewe nyuwun marang Gusti.  Banjur jagane wit iku muga-muga ana sumber sing mili. Nanging elinga kedadeyan apa wae ing kene kuwi kersane Gusti. Aja padha lali yen ana kedadeyan apa wae, kabarna marang aku ing samburi grumbul iki!”

Ki Rangga lan para kadangipun sami nengga wit menika ngantos sami sare. Gandheng sampun wungu, rasukanipun sami teles kebes amargi panggenan kala wau sampun kebak toya. Saking remenipun, Ki Rangga lan kadang-kadangipun sami kesupen kaliyan pituturipun Sunan Kalijaga. Ki Rangga lan kadang-kadangipun lajeng sami siram.

Sunan Kalijaga kondur wonten papan kalawau. Mangertos pokale Ki Rangga, Sunan Kalijaga ketrucut kandha, “Ki Rangga isih eling karo welingku apa wae kedadeyan ing kene kabarna marang aku. Ora malah langen kaya bulus.”

Sanalika Ki Rangga lan para kadang-kadangipun sami dados bulus. Sunan Kalijaga boten sios wudhu awit toyanipun reged sampun ketaman Ki Rangga lan kadang-kadangipun. Pramila papan menika dipunwastani Sendhang Sani saking kedadosan Sunan Kalijaga ingkang murungaken niyatipun wudhu amargi dipunsisani Ki Rangga lan kadang-kadangipun. Papane kurang luwih telung kilo meter sisih lor kutha Pati.

Sumber : Yudiono KS dan Mulyono. 2005. Cerita Rakyat dari Pati dalam Tim Pena Guru. 2010. Remen Basa Jawi. Erlangga : Jakarta


2. LEGENDA KOTA KUDUS

            Kala rumiyin, Kudus arupi dhusun alit ing wewengkon kraton Majapahit. Salah sawijining dinten, wonten pedagang saking Cina asmanipun Sun Ging. Piyambakipun ahli ukir. Kawasisanipun sampun kawentar dumugi kraton Majapahit. Kalajeng dipuntimbali dening Sang Nata Kraton Majapahit kapurih ngukir rerenggan kraton. Kasilipun ngedap-edapi. Wusananipun, Sun Ging dipunparingi panggenan kangge ngedekaken perguruan ukir ing dhusun papan panggenanipun. Ing sakmangke, papanipun kasebat Sunggingan, tegesipun papanipun kaluarga Sun Ging. Ananging , carios sanes nyebataken bilih Sunggingan menika ateges ngukir/ nglukis. Juru sungging ateges ahli nglukis/ ngukir. Ingkang nggadhahi menika Ling Sing pedagang saking Cina. 

            Sunggingan saya ngrembaka ekonominipun ngantos dumugi Kraton Islam Demak Bintoro ingkang langkung caket tinimbang Kraton Majapahit. Raden Patah minangka natanipun ngutus Syekh Jafar Shodiq, ulama ageng saking Persia kanthi ancas ngislamake Sunggingan. Syekh Jafar Shodiq kairing para santri dumugi gapura kanthi ornament Hindu warisan Majapahit. Ing gapura menika, Jafar Sodiq ngajak para warga sakkupengipun kapurih ngrasuk agami Islam. Caranipun ngajak kanthi alus. Gandheng para warga ngrasuk agami Hindu, Japar Sodiq ngasta lembu gapura kasebat. Masyarakat kepincut ndhatengi awit lembu menika minangka Dewanipun. Boten dangu, saperangan warga sampun ngrasuk agami Islam, kalebet Sun Ging/ ling Sing (sakmenika jalan Kyai Telingsing). Ing wasana, Jafar Sodiq ngedekaken masjid sakcelakipun gapura ing dhusun menika. Bangunan mesjid dipunrengga kanthi rerenggan lempengan sela cemeng (batu hitam ) saking Baitul Maqdis ing Yerussalem, Palestina. Saking nami Baitulmaqdis menika nami dados name Kudus ingkang tegesipun suci. 

            Saya dangu mesjid kasebat kawentar kanthi nami mesjid Kudus (mesjid ingkang karengga lempengan watu Al Kuds/ watu suci). Kanthi wontenipun mesjid Al Kuds lan ngedekaken pesantren , saya kathah masyarakat njaban kitha ingkang nggadhahi ancas ngaji lan maneka warni pedamelan saya ngrembaka (dagang, tetanen, ngukir, lsp). Dhusun Sunggingan ingkang dipunrintis dening Ling Sing dados kitha lan pusat pesantren kawentar kanthi sebatan Kudus. Syekh Jafar Sodiq misuwur kanthi sebatan Sunan Kudus. Gapura ingkang kaginakaken syiar Islam dening Jafar Sodiq pranyata dados salah satunggaling ciri khas kitha Kudus inggih menika Menara Kudus.


Komentar

Postingan Populer