DRAMA JAWA

 DRAMA TRADHISIONAL


DRAMA TRADHISIONAL 

 

Drama tradhisional yaiku mujudake crita rakyat utawa crita gancaran kang ngandharake lelakone manungsa utawa kahanan tartamtu kang ditulis kanthi wujud pacelathon lan dipentasake ing panggung. Salah sawijine tuladha drama tradhisional yaiku: 

1. Kethoprak 

Kethoprak minangka salah sawijine drama tradhisional kang kawiwitan ana ing Surakarta sabanjure luwih ngrembaka ing Yogyakarta. Miturut sejarahe, kethoprak diciptakne dening pawongan sanjabane kraton. Pawongan kasebut nyepakake panggung lan ubarampe liyane banjur mragakake dadi raja, patih, prameswari lan liya-liyane. Pementasan kuwi diiringi tetabuhan saka lesung minangka pambuka, iringan nalika ganti adegan, lan panutup, mula sabanjure diarani kethoprak lesung. Ing pangrembakane, kethoprak wis ora diringi tetabuhan lesung, nanging wis migunakake gamelan. Dideleng saka basane, kethoprak migunakake basa Jawa kratonan, tegese ing pacelathon akeh-akehe migunakake basa Jawa krama inggil. Busana utawa kostum kang digunakake cundhuk klawan isi critane yaiku migunakake busana nalika jaman kerajaan. Kethoprak nyritakake kahanan ing kraton mula uga diarani istanasentris amarga saben pementasan kethoprak wis mesthi ana adegan ing njero kraton. 

 

2. Lodrug 

Lodrug minangka salah sawijine kesenian asli Jawa Timur. Ana kang ngarani yen tembung lodrug kuwi asale saka tembung “gela-gelo” lan “gedrak-gedruk”. Gela-gelo tegese ngambarake obahe sirah, dene gedrak-gedruk ngambarake obahe sikil nalika nari remo. Kesenian lodrug ing jaman penjajahan saliyane minangka sarana hiburan rakyat, nanging uga kanggo sarana ngritik penjajah. Ing jaman biyen paraga lodrug kabeh lanang senajan nalika pentas ana kang macak wadon. Dene saiki wis owah, paraga wadon akeh diparagakne dening wong wadon asli. Ciri-ciri lodrug yaiku anane tari remo lan kidungan. Saliyane tari remo lan kidungan, kang bisa dadi titikane lodrug yen dideleng saka basane, lodrug migunakake dialeg Surabayan (Jombang, Mojokerto, Sidoarjo, lan sakupenge), dene dideleng saka critane ora mung crita rakyat Jawa Timuran, nanging uga crita karangan kang nggambarake panguripan manungsa saben dinane. Yen dideleng saka pementasane, kesenian lodrug prasaja banget. Panggunge mung mung ditutup sisih mburine. Kepara ana kalane panggunge mung kaya ring tinju. Yen saiki wis ana owah-owahan yaiku panggunge wis nganggo geber/kelir kang digambari minangka latar adegan. Kostum utawa klambi kang digunakake nalika pementasan uga prasaja banget, yaiku nganggo klambi utawa kostum kang cudhuk karo critane. 

 

Titikane drama tradhisional : 

 

1. Wujud crita kang diandharake nganggo pacelathon lan dipentasake. 

2. Isine akeh-akehe awujud crita rakyat. 

3. Nyritakake lelakon manungsa utawa kahanan sakiwa tengene manungsa. 

4. Migunakake basa dhaerah. 

5. Pacelathon digawe wujud babak 1…. 2…. Lan sateruse. 

6. Kahanan sakiwa tengene kadadeyan ditulis, lumrahe sajrone tandha kurung. 

7. Amarga dipentasake, mula merlokake ubarampe pentas. 

 

 

Jinise Drama: 

1. Komedi yaiku drama kang ngandharake lelakon kang lucu saengga ndadekake wong kang nonton ngguyu lan seneng. 

2. Tragedi yaiku drama kang ngandharake lelakon kang sedhih, nrenyuhakelan ndadekake wong kang nonton dadi trenyuh, wedi lan nelangsa. 

3. Sendratari yaiku drama kang wujude seni drama lan tari. Crita drama diwujudake lumantar gerakan tari kang kairingi gamelan. 

4. Tablo yaiku drama kang dipentasake lumantar swara saka mburine keber/ panggung. Paraga ing panggung mung nggambarake lan mragakake wae. 

5. Opera yaiku drama dipentasake kanthi iringan lelagon lan musik. Yen pamentasan mung sadhela diarani operet. 

6. Pantomim yaiku drama kang dipentasake lumantar obahe awak/ isyarat. Alur crita uga digambarake lumantar gerak. 

7. Dhagelan yaiku drama kang dipentasake mung kanggo ngguyokake penonton. Dhagelan luwih prasaja tinimbang komedi. 

 

 

 

Unsur-Unsur Kang Ana Ing Drama 

 

Lumrahe unsur drama padha wae karo karya sastra fiksi liyane. Drama kasusun saka unsur intrinsik lan ekstrinsik. 

 

1. Unsur intrinsik dramayaiku unsur kang ana ing sajroning drama. 

a. Tema : Gagasan utama kang diandharake pangripta utawa pengarang. 

b. Paraga : Pawongan kang ana ing sajroning drama.

c. Pamaragan : watak paraga kang ana ing sajroning drama. Kanggo mangerteni watake paraga saka pacelathon bisa rong cara. 

1) Saka tembung-tembung kang diomongake paraga nalika nganakake pacelathon karo paraga liya. 

2) Saka tetembungan kang diomongake paraga liya nalika ngomongake dheweke. 

d. Alur : Urut-urutan crita kang ana ing sajroning drama. Nalika crita diwiwiti nganti paripurna. Alur diperang saora-orane dadi 3, yaiku: 

1) Ngenalake konflik: yaiku kadadeyan wiwitan kang njalari anane masalah utawa konflik.

 2) Konflik: yaiku perangan kang isine ngenani masalah utawa konflik kang diadhepi dening paraga ing crita.

3) Pungkasane konflik: yaiku kadadeyan kang nggambarake pungkasaning crita, kepriye anggone ngrampungake konflik kang dialami dening paraga ing crita. 

e. Amanat utawa Pepeling : Pesen pangripta kang arep diaturake marang pamaos. Tujuwane amrih para pamaos nindakake apa kang dikarepake pangripta. 

2. Unsur ekstrinsik drama yaiku unsur kang ana ing sanjabane drama nanging, nduweni pangaribawa kang gedhe. Upamane faktor-faktor sosial politik nalika naskah drama diciptakake, faktor ekonomi, faktor lingkungan pangripta lsp. 


Ing ngisor iki bakal diandharake tuladha teks drama mawa basa Jawa, wacanen kanthi premati analisisen ragam basa kang digunakake dening para paragane.


NYUWUN PANGAPUNTEN IBU

BABAK I 

Dina Minggu aku lan sakulawarga padha ngumpul ana ing ruwang tengah sinambi geguyonan. Aku lagi enak-enak crita bab sekolah karo ibuku. 

Alfiya          : “Buk, kula kepengin cariyos dhumateng panjenengan.” 

Ibu               : “Crita apa ta, Ndhuk? Kok sajake ana perkara wigati. Kene-kene nyedhaka ibu!” 

Alfiya          : “Nganu, Buuuk. Ehmmm ...” 

Ibu               : “Kok sajak wedi ta cah ayu. Ora usah wedi wong karo ibune dhewe wae hlo.” 

Alfiya          : “Ngaten hlo, Bu. Kula kalawingi rak diutus kaliyan Bu Guru supados ndherek lomba nari wonten ing Gedhung Kesenian Banyuwangi. Hla kula ajrih menawi kula mangke mboten saged menang. Amargi sainganipun nggih pinter-pinter hlo anggenipun nari, Buk.” 

Ibu               : “Oalah perkarane kuwi ta. Ngene cah ayu, aja kok dadekake pikiranmu. Perkara menang utawa kalah kuwi wis ginaris  Gusti, Ndhuk. Sing paling wigati sampeyan rak ya wis usaha kanthi tenan ta.” 

 Alfiya          : “Lajeng saupami kula ndamel kuciwane Bu Guru, kanca-kanca, ugi panjenengan kadospundi, Bu? Kula saestu ajrih.” 

Ibu               : “Ora apa-apa. Yen ta sampeyan gelem melu lomba wae ibu wis seneng atine. Aja kok pikirake menang utawa kalahe ya.” 

Alfiya          : “Nanging Buuuu...” 

Ibu               : “Wis ta Ndhuk. Age melua ya.” 

Bapak          : “Ndhuk cah ayu. Ibu karo Bapak bombong banget atine bisa nduwe putri ayu tur pinter kaya sampeyan. Apa maneh yen                                 sampeyan gelem melu nari makili sekolahan.” 

Alfiya          : “Nggih Pak Bu. Yen ta panjenengan sarujuk kula ndherek lomba nari, kula manut mawon. Mugiya saged menang.” 

Bapak          : “Hla ket mau rak ya ngono. Rak tambah ayu anakku siji iki.” 

 

 

BABAK II 

 

Alfiya kang wis oleh pangestu saka wong tuwa kekarone gage nemoni Bu Guru. Dheweke wis ora sabar menehi kabar becik iki marang Bu Guru. 

Alfiya         : “Bu Guruu...” 

Bu Guru     : “Iya sayang. Ana apa? Kok karo mlayu-mlayu ta. Mengko nek kesandhung gek kepiye hlo.” 

Alfiya         : “Ampun ngantos kesandhung Bu. Amargi kula wonten pawartos ingkang sae. Kula sampun mboten betah ngempet hlo Bu.” 

Bu Guru     : “Hlo-hlo ana kabar apa ta, Fi? Ibu kok sajak penasaran.” 

Alfiya         : “Cobi panjenengan kinten-kinten Bu. Kula mbekta pawartos menapa?” 

Bu Guru      : “Halah kok ndadak dibedhek barang hlo. Ayo disambi karo lungguh kono wae, Fi!” 

Alfiya          : “Nggih Bu.” 

Bu Guru      : “Gage saiki langsung wae crita marang Ibu.” 

Alfiya          : “Mekaten hlo, Bu. Kalawingi panjenengan rak nyuwun kula supados ndherek lomba nari ta, Bu. Kalawingi kula sampun nyuwun pangestu marang tiyang sepuh, Bu.”

Bu Guru       : “Terus-terus kepriye jare Bapak lan Ibumu, Ndhuk?”

Alfiya           : “Panjenenganipun sarujuk, Bu. Malah ngutus kula supados purun ndherek.” 

Bu Guru       : “Ya peneran yen prayata ngono, Fi. Hla terus sampeyan dhewe kepiye saiki?” 

Alfiya          : “Nggih kula purun, Bu.” 

Bu Guru      : “Hla wiwit wingi-wingi ngono rak ya kepenak ta.” 

Alfiya          : “Ananging saupami kula mboten saged menang, kula nyuwun agunging pangaksami nggih, Bu.” 

Bu Guru      : “Aja kok pikirake bab kuwi. Wis saiki gage mlebu ing kelas. Bel mlebu wis muni kae hlo.” 

Alfiys          : “Nggih Bu.” 

 

BABAK III  

Dina kang dienten-enteni wis teka. Dina iki Alfiya lomba nari ana ing Gedhung Kesenian Banyuwangi. Dheweke dikancani karo Bu Guru, Ibu lan Bapakne. Rasa dheg-dhegan campur seneng wis dirasa wiwit mau. Nanging dheweke ora nuduhake rasa kuwi marang sapa wae. Amarga dheweke ora kepengin gawe kuciwane kabeh. 

 

Bapak         : “Sing semangat ya, Ndhuk. Aja ndhredheg lan ora usah wedi. Ibu lan Bapak ana ing kene ndongakake sampeyan.” 

Alfiya         : “Nggih Pak. Nyuwun pangestunipun.” 

Ibu              :”Iya-iya cah ayu. Gage munggah ana ing ndhuwur panggung kono!” 

 

BABAK IV 

 

Reroncene acara kang ana ing sajrone lomba tari wis diliwati kabeh. Pranata acara ngumumake sapa wae kang dadi juwara ing lomba kasebut. Nanging emane, jenenge Alfiya ora kasebut dening pranata acara. Kuwi ateges yen Alfiya ora bisa dadi pemenang. 

 

Alfiya      : “Nyuwun pangapunten, Pak, Buk.” (sinambi nangis). 

Ibu           : “Geneya kok ndadak njaluk pangapura ta, Ndhuk?” 

Alfiya      : “Amargi kula mboten saged ndamel bombonge manahipun panjenengan. Malah kula namung saged ndamel kuciwa     panjenengan.” 

Bapak      : “Putriku sing ayu dhewe. Ora usah kok pikirake. Menang kalah kuwi rejeki, sayang. Bapak iki malah seneng amarga bisa ndelok anakku nari ana ing panggung segedhe kuwi.” 

Ibu           : “Bener apa kandhane Bapak. Ora perkara menang utawa kalah kang bisa gawe bombonge atine Ibu lan Bapakmu. Usahamu  kang temen kaya kang wis kok tindakake mau iku bukti bombonge atiku, Ndhuk.” 

Alfiya      : “Sepisan malih kula nyuwun pangapunten ingkang kathah, Pak, Buk. Pangapunten. 

Bapak      : “Wis ora usah kok bacutake tangismu kuwi. Ora pantes dideleng wong akeh. Mosok wis gedhe kok ora isin nangis misek-  misek ing kene.” 

Alfiya      : “Bapak iki hlo...” 

 

BABAK V

 

Sabanjure Alfiya njaluk pangapura marang bapak lan ibune, saiki dheweke uga njaluk pangapura marang bu guru kang wis mbimbing lan nglatih dheweke. 

Alfiya          : “Bu, Bu Guru.” 

Bu Guru      : “Eh cah ayu. Kene lungguh sandhingku!” 

Alfiya          :”Nganu Bu. Nganu.”

Bu Guru       : “Geneya? Matura, Fi!”

Alfiya          : “Kula badhe nyuwun pangapunten, Bu.” 

Bu Guru      : “Njaluk sepura perkara lomba tari iki mau ta?” 

Alfiya          : “Nggih Bu. Nyuwun pangapunten amargi kula mboten saged menang. Kula sampun ndamel kuciwane panjenengan, Bu.” 

Bu Guru      : “Ora Ndhuk. Ora dadi ngapa. Ibu malah matur nuwun marang sampeyan. Amarga sampeyan wis usaha kanthi satemene kanggo lomba iki. Ibu ora ngira yen kabisanmu nari kuwi pancen ora diragukake maneh. Pranyata pancen apik bener tarianmu kuwi. Malah dadekake aku kepengin blajar nari karo sampeyan.” 

Alfiya          : “Matur nuwun Bu. Ananging kula mboten kepenak, amargi kula sekolah kita mboten saged nggayuh medhali, Bu. Pangapunten, Bu.” 

 

Bu Guru       : “Wis ta Ndhuk. Mengko ing lomba sabanjure sampeyan rak ya isih bisa melu maneh. Sapa ngerti pancen rejekine sampeyan ki ora saiki. Saiki lan dina sabanjure sampeyan kudu sregep anggone latihan nari. Mengko ibu dakmelu latihan. Sapa ngerti Ibu bisa kaya sampeyan.”

Alfiya          : “Nggih Bu.” Senajan ta ora bisa nggayuh lintang kaya apa kang dadi kepenginane. Nanging Alfiya bisa mbuktekake apa  kang dadi kabisane marang sakabehe. Mligine marang wong tuwane lan bu gurune. Duwe gegayuhan kuwi kudu tansah  diuber kanthi bisa nggayuh apa kang dadi impen sasuwene iki. Supaya bisa nggawe bungah lan bombong atine wong-wong  sing ditresnani.

TAMAT


Komentar

Postingan Populer