PACELATHON BABAGAN UNGGAH-UNGGUH

 

SINAU UNGGAH-UNGGUH BASA

Video 1 (Belajar Undha Usuk Basa)





Video 2 (Tuladha Film babagan Unggah - Ungguh)






Video 3 (Tuladha Animasi Unggah-Ungguh)




TULADHA TEKS PACELATHON 

a.         Pemakaian Ngoko Alus di Lingkungan Rumah.


“Masak”

Ratna

: “Bu, Masak menapa Bu?”

Ibuk

: “Pecel lele Nduk. kowe doyan?”

Ratna

: “inggih Bu, kula purun.”

Ibuk

: “Wis ndang ayo mangan bareng piye?” (Mbukak lemari isi lawuh) “Lahdalah! Iki lawuhe kok ilang?!

Ratna

: “Lha menika wonten kucing mlampah dateng ngajeng Buk!”

Ibuk

: “Woh, pancen kucing kuwi mau durung dipakani Nduk?”

Ratna

: “Wah, rejekimu cing cing.”

Ibuk

: “Yowis ayo nggoreng maneh wae

Nduk!”



b.        Pemakaian Ngoko Alus di Lingkungan Sekolah.


“Mesin Cuci”

Sofia       : “Sugeng siang Pak Bon.”

Pak Bon : “Sugeng siang Mbak Sofia.”

Sofia : “Pak Bon, aku arep gawe mesin cuci sekolah angsal to? Diutus Bu Suli, Bu Guru Olah Raga”

Pak Bon : “Angsal Mbak, iki kabele dicop dhisik terus yen tombole mekan werno ijo berarti iso mlaku dewe. Mangke seumpani sampun mari mesine mati dewe.”

Sofia           : “Kepenake, maturnuwun Pak Bon.”

Pak Bon : “Sami-sami Mbak Sofia.”


“Murid Anyar”

Alina

: “Sugeng enjing.”

Alfi

: “Sugeng enjing.”

Alina 

: “Nami kulo Alina, kula siswa enggal dhateng kelas mriki, pindahan saking

SMK. Nusantara. ”

Alfi

: “Kulo Alfi, bunggah saget kenal sampeyan.”

Alina

: “Menawi mboten nganggu, kula saget lenggah kaleh sampeyan?”

Alfi

: “Mboten nganggu, saget, niki cedak kula bangku kosong.”

Alina

: “Suwun, Mbak Alfi.”

Alfi

: “Sami-sami, mangga pinarak.”

Alina

: “Inggih.”



c.    Pemakaian Ngoko Alus di Lingkungan Masyarakat.


“Ngampil Sepeda”

Nono

: “Assalamualaikum.”

Bekti

: “Walaikum salam, lhoh Mas Nono sampeyan mlebet Mas!”

Nono

: “Suwun, Bekti. Bapake enten napa mboten?”

Bekti

: “Wah, Bapake isih dhateng saben wingking, enek apa to Mas?”

Nono       : “Aku arep ngampil sepeda.”

Bekti          : “Wo ngoten, sik Mas. Aku matur Bapak.”

Nono : “Yen ngrepotne sampeyan gak usah lho Bek.”

Bekti : “Mboten ngerepotake Mas, sedilut wae sampeyan tunggu.”

Nono      : “Wah, matur suwun.”

a.         Pemakaian Krama di Lingkungan Rumah.


“Tumbas Gendhis Abrit”

Bu Ida         : “Tumbas!”

Bu Marni : “Inggih, tumbas napa Bu?”

Bu Ida            : “Gendhis abrit setunggal kilo pinten Bu?

Bu Marni : “Sedoso ewu, ajenge mendhet pinten kilo bu?”

Bu Ida         : “Tigang kilo mawon Bu.”

Bu Marni : “Inggih, kaleh napa malih Bu?”

Bu Ida         : “Sampun, niku mawon.”

Bu Marni : “Totalnipun tinggangndasa ewu.”

Bu Ida             : “Niki arta kulo tigangnasa ewu.”

Bu Marni : “Inggih Bu, suwun. Mbenjeng mriki maleh Bu.”

Bu Ida         : “Nggih.”


“Rapat”

Anggota      : “Sugeng enjing.”

Ketua Karang Taruna : “Sugeng enjing, kadhos pundhi kabare panjenenganpanjenengan sedaya?”

Anggota : “Alhamdullillah sae sedaya. Sakmenika dhateng griya panjenengan amargi maringi serat didamel Rapat saking Bapak Lurah mangke dalu.”

Ketua Karang Taruna : “Geneyo wonten rapat kalihan Pak Lurah?”

Anggota  : “Ajenge mbahas kegiatan tujuh belas  Agustus.”

Ketua Karang Taruna : “Sae-sae. Maturnuwun, mangke kawula dugi dhateng griyanipun Pak Lurah.”

Anggota  : “Injih, sami-sami. Kito ajenge pamit rumiyin. Sugeng enjing.”

Ketua Karang Taruna : “Yoh. Sugeng enjing.”

 

Komentar

Postingan Populer