SESORAH (PIDATO BASA JAWA) (KELAS 9 KD 3.7)

 

SESORAH LAN PRANATA ADICARA

 

TULADHA SESORAH 1



TULADHA PIDATO 2



TULADHA PRANATA ADICARA 




   A. Materi dan contoh Pidato (Sesorah) Bahasa Jawa

TEKS PIDATO (SESORAH)

Pengertian sesorah

Sesorah (pidato) yaiku micara/matur/nglairake gagasan sarana lisan ing sangarepe wong akeh kanthi ancas tinamtu.

Ancasing sesorah/tujuan sesorah

Atur Pambagyo yaiku sesorah kanggo nampa rawuhe tamu kang ana ing acara apa wae kayata acara syukuran,supitan,tanggap warsa(ulang tahun),pengantenan.

Atur kabar/paring informasi yaiku sesorah kang aweh kabar/informasi,umpamane acara rapat organisasi,promosi barang.

Atur pangajak yaiku sesorah kang ancase supaya sing mirengaken percaya banjur ketarik atine lan gelem nindakake apa kang diwedharake dening sing sesorah,umpamane sesorah ing papan ibadah

Atur panglipur yaiku sesorah kang aweh panglipur utawa nggedhekake atine marang para sutresna sing lagi nandhang susah,umpamane sesorah ing sangarepe para kadang kang lagi nandhang pancobaning urip arupa musibah bencana alam,kepaten lan liya liyane.

Atur panyarue/ngemutake yaiku nelakake panemu kanthi dhasar-dhasar kang ganep tumrap sawenehing ada ada,contone tontonan lumatar tv,panggoning hp lah internet kang kurang becik tumraping bocah sekolah.


Bab wigati nalika lagi sesorah (bab yang perlu diperhaikan saat pidato)

Basa

Basa kang digunakake kudu cocog karo sing diadhepi. Basa ngoko digunakake menawa sing diadhepi iku bocah/luwih enom tinimbang sing sesorah. Basa krama digunakake menawa ngadhepi wong sing luwih tuwa/wong sing kudu diurmati.

Busana

Menawa sesorah becike nggunakake busana kang becik lan sopan. Ana tetembungan “ajining raga saka busana” kejaba kanggo ngormati sing padha mirengake uga bisa kanggo njagani lan ngajeni awake dhewek. Busana uga kudu kaleresan karo kahanan lan tujuan.

Swara

Swara kang kepenak dirungokake iku aja keseron utawa aja lirih banget. Anggone ngucapake kudu jelas,ora kecepeten saengga apa kang diwedharake gampang dingerteni karep,irama ora lugu kaya wong maca buku.

Solah bawa(sikap)

Wong sesorah iku kudu mantep lan tatag, madhep marang audience, aja tumungkul, ndhingkluk lan aja ndangak.

 

Bab kang kudu disingkiri nalika sesorah

Polatan mbesengut(terlihat marah)

Gugup(nerveous)

Ngguyu sing digawe gawe(tertawa dibuat buat)

Sering ndeleng cathetan(sering melihat catatan)

Bola bali ngobahake tangan/sikil(terlalu sering menggerakan tangan/kaki)

Ngadeg kaku kaya wong baris(berdiri terlalu kaku seperti orang baris)

Karo mloka mlaku(sambil jalan jalan)

Tangan methentheng

Tangan mlebu sak klambi/kathok(tangan masuk ke saku baju/celana)

  

Urutane sesorah

Salam pambuka

Isine ngucapake salam marang tamu kang rawuh kayata nuwun,kula nuwun,sugeng siyang,sugeng sonten,sugeng ndalu utawa salam liyane

Purwaka

Atur pakurmatan marang para tamu lan atur syukur marang Gusti dene isih bisa ketemu kanggo nindhakake acara iku. Uga atur panuwun marang para tamu sing wis kersa nglonggarake wektu rawuh ing acara iku

Isi/wignatining atur

Isine bab apa sing bakal diaturake manut marang acarane

Pangarep-arep

Isine bab sing disuwunake(diarep arep) saka sing kagungan kersa marang tamune umpamane donga, pitutur lan sapiturute.

Panutup

Isine nyuwun pangapura menawa anggone nampa tamu utawa matur ana tetembungan sing kurang becik lan solah bawa utawa tindak tanduk sing ora mranani penggalih.

Salam

 

CONTOH TEKS PIDHATO SESORAH WASANA WARSA

Pambuka :

Assalamualaikum warahmatullahi wabarokatuh. Sugeng siyang para rawuh sedaya.

Purwaka :

Nuwun Bapak Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, Bapak Ibu guru, tamu undhangan, saha karyawan ingkang kula kurmati kanca-kanca tuwin adik kelas ingkang kula tresnani.

Puji syukur konjuk wonten ing ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Asih, awit ing wekdal menika kita sedaya taksih pinaringan rahmat saengga ing wekdal menika kita saged makempal kanthi pinaringan karaharjan.

Sholawat saha salam mugiya tansah katur dhumateng Nabi Muhammad SAW. Ingkang kula ugi kita sedaya antu syafa’atipun ing dinten akhir samangkeh.

Isinipun sesorah :

Nuwun, kepareng matur kula minangka sesulih saking siswa kelas IX, ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami dhumateng Bapak/ibu guru awit saking sih katresnan ugi kasabaran anggenipun nggulawentah dhateng kula sakanca, wiwit saking kelas 7 dumugi kelas 9. Wiwit saking kula sakanca ingkang dereng mangertos menapa-menapa ngantos dumugi kula sakanca menika lulus, saengga saged ngrampungaken kewajiban anggen kula sakanca sinau kawruh wonten ing pawiyatan menika, saestu kula sakanca ngaturaken agunging panuwun.

Kula sakanca namung saged memuji nyuwun dhateng gusti, mugi-mugi sedaya amal lan kesaenan Bapak Ibu Guru anggenipun paring kawruh nggulawentah kula sakanca pikantuk piwales saking Gusti Allah ingkang Maha Agung, mugi tansah pinaringan kasarasan, kawilujengan lan katentreman saengga saged nggulawentah dhateng adhik-adhik sedaya ngantos dumugi paripurna kados kula lan sakanca wonten ing wekdal samenika. Mugi sedaya ingkang sampun dipunparingaken dhateng kula sakanca kacatet amal sae ing ngarsanipun gusti Allah. Nyuwun agunging pangaputen saking bapak ibu guru menawi kula sakanca boten saged piwales menapa-menapa. Namung raos matur nuwun ingkang boten winates kangge sedaya kawruh ingkang sampun kula sakanca tampi.

Boten kasupen ugi kula sakanca ugi nyuwun pangapunten, awit kula sakanca wiwit ngudi kawruh wonten ing SMP mriki mensthinipun inggih asring ndamel Bapak Ibu guru duka lan kuciwa. Asring ndamel boten sreg wonten ing manahipun Bapak Ibu Guru. awit saking atur saha solah bawa kula sakanca ingkang mboten mranani penggalihipun bapak ibu guru, karyawan, lan adhek-adhek sedaya.

Mugi-mugi SMP saged langkung sae malih. Saged dados sekolah teladhan ingkang saben taunipun nyetak generasi-generasi panerus unggulan. Dados sekolah ingkang saged mbekta perubahan sae wonten ing lingkungan masarakat.

Kangge adhik-adhik kelas 7, 8 ampun kendho anggenipun ngudi kawruh. Mugi-mugi adhik-adhik sedaya saged langkung sae malih tinambang kula sakanca. terus anggenipun ngupaya supados saged kagayuh menapa ingkang dados cita-cita adhik-adhik sedaya.

Dhumateng Bapak/Ibu Guru lan adhik-adhik sedaya, kula sakanca ugi nyuwun donganipun supados anggenipun kula ngudi kawruh wonten ing jenjang salajengipun dipunparingi gampil lan lancar, Amin.


Panutup :

Wasana cekap semanten atur kula, menawi kathah kalepatan atur saha solah bawa ingkang boten mranani penggalih, saestu kula nyuwun agunging pengapunten.
Wassalamualaikum Wr. Wb.


CONTOH SESORAH  2

Assalamu’alaikum Wr.Wb.

Salam kasugengan lan karaharjan mugia tansah kaparingaken dhumateng kita sedaya. Amin.

Para Bapak, ibu serta para rawuh ingkang dahat kinurmatan

Sumangga langkung rumiyin kita tansah ngaturaken puja saha puji syukur dumateng Gusti Ingkang Maha Agung. Ingkang sampun kepareng maringi kabagjan,  kesehatan saha kasarasan saengga kita sedaya saged kempal manunggal wonten ing papan menika tanpa alangan setungga menapa.

Wonten ing pepanggihan menika keparenga kula badhe ngaturaken perkawis nguri-nguri kabudayan Jawa.

Wonten ing setunggal wekdal, dumadakan nate tuwuh pitakenan ing pamikiran kula: Jan-jane napa toh sing dikarepake saking ukara "ayo padha nguri-uri kabudayan Jawa"? Wujudipun kepriwe? Nalika aku seneng ningali wayang kulit, karawitan, nonton kethoprak, lan liya-iyane, napa niku sampun kalebet 'nguri-uri kabudayan Jawa'?

Para rawuh ingkang kinurmatan

Sakmenika, sampun kathah ingkang ngarani bilih kabudayan Jawa sampun wonten ing jurang kepunahan, jalaran para kadang generasi anem sakmenika sampun kathah ingkang nilaraken kabudayan jawa. Maksudipun nilaraken inggih menika budaya Jawa sampun kathah boten dipuntindakaken kaliyan para generasi anem wonten ing gesang padintenan. Bok bilih gih sekedhik-sekedhik taksih, ananging boten mudheng napa ingkang saweg katindakaken. Generasi anem sakmenika langkung remen lan familiar kaliyan budaya manca.

Wonten sawetara tuladha kados mekaten : ing sekolahan, generasi anem para siswa pikanthuk piwulang bab sekar macapat. Sekar macapat ingkang dipunwulangaken menika biyasanipun mendhet saking seratanipun para pujanggamisuwur, ingkang kathah ngemot pitutur-pitutur becik mungguhing gesang padintenan. Kados dene saking serat Wulangreh lan Serat Wedhatama. Ananging, para siswa sakmenika umume awrat sanget nampa piwulang sekar macapat. Bara-bara saged nyekaraken, mangertosi isinipun awrat sanget. Bok bilih kalebet kula, inggih awrat sanget nyinaoni piwulang sekar macapat, pangapunten.

Benten perkawis menawi ngengingi babagan kabudayan manca kados dene tembang-tembang manca. Generasi anem gampil sanget anggenipun nampa. Sanajan umume boten mangertosi isinipun, ananging para generasi anem saged remen. Sangking remene, penasaran kaliyan isine, biyasanipun dibela-belani ningali kamus madosi tegesipun. Artis-artis manca inggih moncer sanget ing kalangan generasi anem. Sinten ingkang boten tepang kaliyan Justin Biber, Kety Perry, One Direction, Super Jnior, Lee Min Ho, lan sanesipun malih.

Para rawuh ingkang minulya.

Bok bilih, kula lan panjenengan sedaya sampun kapedhotan tresna kaliyan kabudayan Jawa. Merga kahanan, perkembangan jaman, utawa merga pancen kadhung boten dipunkenalaken. Wonten pepatah ing bahasa Indonesia “Tak kenal maka tak sayang”, generasi anem menika boten tresna amargi boten tepang, menika dados PR kangge kula lan panjengan sedaya supados saged nuwuhaken malih raos katresnan marang budaya Jawa.

Para rawuh ingkang kinurmatan.

Kula kinten cekap semanten ingkang saged kula aturaken,

Ana manten mangan srikaya

Mangan kupat uga kara

Cekap semanten atur kawula

Menawi wonten lepat nyuwun ngapura

 Wassalamualaikum Wr. Wb.


        B. Pranata acara

Paugeraning pranatacara adicara lan pamedhar sabda

      Pranatacara ingkang asring disebat Master Of Ceremony ( MC ), pambiwara, pranata adicara, pranata titilaksana, pambyawara, utawi pranata laksitaning adicara, inttih punika paraga ingkang tinanggenah nata cara utawi acara, ingkang bakunipun, ayahanipun inggih punika nglantaraken cak-cakanipun acara utawi adicara wonten ing pepanggihan, pasamuan upacara ingkang sampun rinantam.

      Pranatacara nyepeng peranan ingkang ageng, dados punjering kawigatosan, amargi regeng, rancak, nges lan mbotenipun satunggaling adicara saperangan ageng dados tanggel jawabipun pranatacara. Saksinteno kemawon para paraga ingkang magepokan kaliyan lampahing adicara utawi pawiwahan mboten saged tumindak piyambak-piyambak menawi dereng wonten atur saking pranatacara.

    Sakjatosipun, pakaryan pranatacara mekaten sanes satunggaling pakaryan ingkang awrat / angel, awit saksintena mawon priyantun ingkang mboten nandhang tuna wicara utawi ingkang kedaling lesan mboten cetho, tamtu saged ninda’aken pakaryan pranatacara kasebat. Ananging ingkang kathah sami ajrih dhumateng tuna dungkaping basa.

       Ananging babagan punika mboten ndadosaken pepalang, amargi basa mekaten kathah sanget pacopanipun, pramila setunggal lan sanesipun priyantun saged ngginakaken basa ingkang pundi kemawon, jer leres pikajengipun cak-cakanipun, saha gampil kasuraos dening saksintena ingkang sami midhangetaken.

     Amrih jejibahan saged kasil kanthi sae, pranatacara saha pamedhar sabda kedah saged ngrengkuh sarat sarana ingkang baku, inggih punika :

·          Swara

    Kedaling lathi kedah kagladhi, supados saged langkung cetha medaling suwanten, pranatacara saha pamedhar sabda kedah saged mapanaken utawi ngginakaken swanten ingkang awrat, cekapan, utawi inggil trep kaliyan swanten iringaning gendhing ( menawi wonten ).

     Pangolahing swanten kedah wajar, cetha, tegas mboten ketawis sanget menawi kaolah ( dipun damel-damel ). Ing babagan swanten meniko, pranatacara saha pamedhar sabda kedah wigatos dhateng swaraning aksara swara ( ucapan ), langkung-langkung beda-beda mingsad-mingsudipun ing tembung lingga saha tembung andhahan.

       Wirama ( lagu ) ugi kedah kagladhi kanthi saestu supados sekeca kamirengaken, kados pundhi rindhik rikatipun, mandhap minggahipun, sampun ngantos kasesa, ananging ugi sampun ngantos nglentrek sanget. Gladhi olah swara punika kedah pikantuk kawigatosan ingkang mirungga, amargi punika dados satunggaling sarat baku kagem pranatacara saha pamedhar sabda.

 

·          Busana ( Ageman )

     Ajining raga gumantung busana, mila babagan busana punika ugi kedah pun gladhi saengga jejibahan pranatacara saha pamedhar sabda saged kalaksanakaken kanthi sae.Anggenipun ngadi busana kedah kajumbuhna kaliyan kaperluan wonten ing upacar punapa ingkang badhe dipun ayahi.

      Jejering pranatacar saha pamedhar sabda saged katingal ngrengreng menawi karengga swanten, raga lan busana ingkang pantes.Pangudining busana saged ngetrepaken kaliyan rupi utawin wernining busana kaliyan kulit, sareng make up, saengga katingal pantes kaliyan papan panggenan, mboten nyolok tuwin samadya kemawon.

      Wonten ing babagan mangagem busana ( ageman ) punika, saestu sae sabda pangandikan kanjeng suhunan Pakowboewana IV ingkang sampun panjenenganipun kanjeng susuhunan sabdaaken dhumateng para sentana saha karabat keratin kasunanan Surakarta Hadiningrat, inggih punika :

 Nyandhang menganggo iku dadiya sarana hamemangun manungsa njaba njero, marmane pantesen panganggonira, trapna traping panganggon, chundukna marang kahananing badanira, wujud lan wernane jumbuhna kalawan dedeg piadeg miwah pakulitan..”

( Menggunakan Pakian itu harus jadi sarana membangun pribadi seseorang lahir dan bathin, jadi harus sesuaikanlah pakianmu, serasikan dengan keadaan, sesuaikan dengan bentuk badan waran pakaian, pilihlah yang sesuai dengan postur tubuh serta warna kulit )

     Pramila babagan busana punika kedah pun gladhi ingkang sasae-saenipun dening pranatacara saha pamedhar sabda, amrih sae kasilipun tumrap sadayanipun, langkung sae ugi kagem para pranatacara saha pamedhar sabda ing sak derengipun ngayahi jejibahan dados pranatacara saha pamedhar sabda, busana punika saenipun kedah dipun rembag kaliyan panitya, amrih hasil ingkang dipun kajadaken sae wontenipun.

 

·         Subasita ( Trapsila )

      Trapsila ( tata krami ) kedah pun gladhi ingkang sae, amargi trapsila ingkang kirang, sagd ngirangi kawibawanipun pranatacara saha pamedhar sabda.Solah bawa sampun ngantos kadamel-damel ( katingal dening ing asanes utawi mboten ) langkung sae bilih solah bawanipun prasaja kemawon, anteng, manteb ananging mboten kaken ( kaku ).

      Ewah-ewahanipun pasuryan ugi kedah kaudi ingkang sadaya wau sageda nggambaraken isining penggalih, ingkang lajeng jumbuh kaliyan swasana, sapertos, bilih wonten ing pawiwahan saha pahargyan, pasuryan binger sumringah lan ramah awit prastawa menika ngemu suraos suka, kabagyan, saha kabingahan.

      Wondene wonten ing sripah, pasuryan kedah mboten katingal binger sumringah, amargi punika tamtu mboten jumbuh kaliyan swasana saha raos manah kulawarga ingkang nembe nandang duka sungkawa.

 

·          Basa lan sastra

      Basa lan sastra ngawujudaken kabetahan ingkang baku tumrapipun priyantun ingkang nembe ngayahi tugas dados pranatacara saha pamedhar sabda. Basa ingkang kaginakaken kedah miturut tuntutaning sastra ingkang leres, pamilihing tembung ingkang lajeng dipun ronce dados ukara kedah trep, luwes, sae, wusana sekeca kapireng ing asanes.Kanthi pangertosan ingkang sae babagan basa tuwin sastra, pranatacara saha pamedhar sabda saged ndapuk mocap, tembung , ukara saha wacana kanthi leres tuwin laras.

Laras : tegesipun pranatacara saha pamedhar sabda saged ngrantam  saha mbabar titilaksana trep kaliyan kawontenan saha swasana.

Leres  : tegesipun pranatacara saha pamedhar sabda saged ngginakaken basa ingkang trep kaliyan parasastranipun.

      Ingkang menika pranatacara saha pamedhar sabda saged lumebet ing pawiyatan utawi saged maos piyambak buku-buku ingkang ngemot kawruh paramasastra kasebat.

·      

    Ancer – ancer pakaryan pranatacara saha pamedhar sabda.

      Supados saged pikantuk kasil pakaryan ingkang sae, kedah kagungan pathokan-pathokan kangge nindakaken pakaryan pranatacara saha pamedhar sabda punika.

Pathokan-pathokan wau inggih punika :

1.Ing babagan basa, mugi kaginakaken basa ingkang trapsila, wijang prasaja ananging gampil katampi dening para tamu ( ingkang midangetaken ) sarta sekeca kapiarsa.

2.Tanggap ing kawontenan, supados pahargyan saged regeng.

3.Mangertosi rantaman-rantaman badhe tumapaking adicara kanthi permati, sarta kedah tanggap ing kawontenan.

4.Mangertos asma-asma para paraga ing saklebeting pawiwahan kanthi jangkep sak imbuhanipun.

5.Tansah sesambetan kaliyan kadang pranata pita swara, supados nyamektakaken gendhing-gendhing ingkang jumbuh kaliyan lelampahaning adicara.

6.Tansah sesambetan kaliyan poranparaning pawiwahan ( ketua panitia ) supados enggal mangertosi mbok bilih wonten ewah-ewahan adicara.

7.Trengginas mutusaken samukawis murih pawiwahan mboten katingal kisruh.

Komentar

Posting Komentar

Postingan Populer