WAYANG RAMAYANA (EPISODE) KIDANG KENCANA (KELAS 7 3.7)

CRITA WAYANG



  


   Kawruh Sapala Ngenani Wayang

Wayang iku salah sijine budaya tinggalane leluhur. Jinise wayang iku werna-werna, ana sing wujude wayang kulit, wayang golek, wayang wong, lan liya-liyane. Ing biyene wayang iku minangka sarana panglipur (hiburan), nanging seprene hiburan wayang iku kalah karo hiburan-hiburan liyane kang wis nengenake teknologi lan modernisasi. Babon crita wayang iku ana loro, yaiku Ramayana lan Bharatayuda. Kekarone mujudake crita peperangan. Ramayana nyritakake perange antarane Prabu Rama saka Keraton Pancawati mungsuh Prabu Rahwana utawa Dasamuka saka Keraton Ngalengkadiraja amarga Rahwana wis wani nyolong (menculik) Dewi Sinta, garwane Prabu Rama. Dene Bharatayuda iku nyritakake perange antarane Pandhawa mungsuh Kurawa. Perange Pandhawa lan Kurawa iku jalaran rebutan negara Ngastina.

Cerita wayang Ramayana lan Bharatayuda iku asale saka India. Ramayana dikarang dening Empu Walmiki, dene Bharatayuda dikarang dening Resi Wiyasa. Banjur nalika ing jaman Walisanga, ceritane rada diowahi dening Sunan Kalijaga minangka sarana dakwah Islam.

KIDANG KENCANA        

Kacarita, Prabu Dasarata sampun sepuh sanget. Sang Prabu arsa lereh kaprabon. Rama ginadhang-gadhang nggentosi kalenggahanipun ingkang rama. Ananging, Dewi Kekayi boten trima menawi Rama winisudha minangka Raja Ayodya. Dewi Kekayi ngersakaken Barata, putranipun ingkang jumeneng nata. Kanthi awrat ing manah, panyuwunipun Dewi Kekayi dipunsembadani dening Prabu Dasarata. Wusananipun Rama kedah nglampahi gesang ing wana dangunipun 14 warsa.

        Tindakipun Raden Rama kadherekaken ingkang garwa, Dewi Sinta, dalah Laksmana. Lampahipun dumugi ing Wana Dandaka.Ing papan punika, Lesmana kapanggih Sarpakenaka, rayinipun Prabu Rahwana, Raja Alengkadiraja. Sarpakenaka ingkang asipat raseksa wanodya punika kapincut kabagusaning Rama. Rama boten nglanggati. Sarpakenaka lajeng manggihi Laksmana. Laksmana babar pisan boten kirang weweka.  Raseksa wanodya, rayinipun Prabu Dasamuka, lajeng karumpung grananipun saha kaperung talinganipun. Piyambakipun lajeng ngadhep ingkang raka. Rakanipun kagungan kajeng murih malesaken wirangipun. Prabu Rahwanaraja sagah. Lampahipun Prabu Dasamuka tumuju Wana Dhandhaka nitih kreta kencana ngambah kadherekaken Kala Marica.

        Dumugi Wana Dhandhaka, Kala Marica ingkang asipat raseksa wewah wujud dados kidang kencana, kidang elok ing warni asisik emas endah ngelam-elami, ngengreng merak ati. Kidang rukmi nunten wira-wiri sacelaking papan dunungipun tiyang tetiga.Sinta sumerep kabregasaning kidang.Piyambakipun gawokk, tuwuh prentuling manah kepengin ngingah kidang rukmi. Rama kasuwun  nyepengaken kewan ingkang ngelam-elami saha memencut manah punika.

“Dhuh Raden, pangayoming jiwa-raga kula. Ing sangajenging netra wonten kidang kencana ingkang elok ing warni.  Inggih nembe sapisan punika kula sumerep wujuding kidang ingkang ulesipun kencana. Mendah senenging manah kula manawi saged ngingah kidang punika minangka panglipuring manah ing salebeting wana ingkang bawera punika,” aturipun Putri Mantili

“Yayi, salumahing bumi sakureping langit tan ana kang ngembari.Tresnane pun kakang marang sliramu tanpa pepindhan.Labuh tresnaku marang sliramu, saiki uga bakal dakwujudi pepenginanmu.Kidang kang kokkarepake bakal dakcekel.Mula lilanana pun kakang linggar saka pakuwon,” ngandikanipun Raden Rama dhumateng ingkang garwa.

“Inggih, Kakangmas. Donga kula saking papan pasutapan tansah umiring tindak paduka,” aturipun Sinta sinarta esem ingkang ngujiwat.

“Ya, Yayi.Welinge pun kakang, aja pisan-pisan metu saka pagering pakuwon tanpa palilahku.Wis yayi, karia slamet,” ngandikanipun Raden Rama. 

        Kidang dipuntut wingking dening Raden Rama arsa kacepeng.Kidang nebih. Rama ngetutake malih. Kidang mlajar tansaya tebih. Rama ngetog karosanipun kanthi nututi mlajeng. Danguning dangu plajenging kidang tebih  saking dununging pakuwon. Raden Rama suda kasabaranipun.Putra Ayodya punika lajeng menthang gendhewa nglepasaken jemparing.Kidang kapanah, kenging cumeprot.Sakala kidang njola, mbekik sarosanipun ngantos kapireng dening Sinta.Pambekiking kidang lamat-lamat kados pisambatipun Raden Rama.Dewi Sinta ndugi bilih Rama manggih katiwasan.Laksmana kapurih nglari puruging swanten. Kanthi gegancangan, Laksmana ngestokaken dhawuh.Samangke Sinta tanpa rowang.

Komentar

Postingan Populer