GEGURITAN (KELAS 9 KD 3.5)

 

Pada postingan kali ini saya akan membagikan materi bahasa Jawa yaitu Geguritan. Sebagai orang Jawa kita jangan sampai melupakan bahasa, sastra dan budaya Jawa salah satunya yaitu karya sastra Jawa moderen berupa Puisi yang sering di sebut geguritan

Materi disajikan berbahasa Jawa untuk mengasah pemahaman dan pengetahuan tentang Bahasa Jawa. Untuk lebih jelasnya silahkan dipelajari materi berikut ini. 

Selamat Beajar..!!

 

PUISI JAWA

 

Puisi Jawa  kaperang dadi loro yaiku : 

 

1. Puisi Jawa Tradisional, sing umume arupa tembang. 

Puisi iki ditembangake miturut lagu-lagu khusus, nganggo piranti gamelan utawa tanpa gamelan. Puisi Jawa Tradisional ora bisa dipisahake kalawan tembang. 

Puisi tradhisional kang awujud tembang jawa akeh banget jinisi lan kaperang dadi telung perangan gedhe : 

a).  Puisi tembang macapat (puisi tembang cilik)

Sing kalebu ana tembang macapat yaiku Kinanthi, Pocung, Asmaradana, Mijil, Maskumambang, Pangkur, Durma, Sinom, lan Dandhanggula

b). Puisi tembang tengahan 

Sing kalebu ana tembang tengahan yaiku :Wirangrong, Balabak, lan Juru Demung. 

c).  Puisi tembang gedhe (kawi) 

Sing kalebu tembang gedhe yaiku Girisa 

 

2. Puisi Jawa Modern diarani geguritan. 

Gandheng geguritan kuwi kalebu puisi jawa sing isih anyar (antarane tahun 1926) jinising puisi iki durung bisa katampa bebrayan ana ing masyarakat, rikala semono. Luwih-luwih golongan kasepuhan. Mula saka kuwi geguritan iki nalika semana ora dilebokake ana sajroning pasinaonan sastra Jawa ing sekolah. 

 

Geguritan kaping pisanan ana ing kalawarti lan ariwarti Kejawen (pisanan thukul tahun 1926 ing Jakarta), Panjebar Semangat (thukul pisanan September 1933 ing Surabaya), Jaya Baya (September 1945 ing Kediri), Panji Pustaka (1923 ing Jakarta, lan wiwit tahun 1943 nduweni lembaran khusus basa Jawa), Api Merdeka (1945 ing Yogyakarta) lan sapanunggalane. 

 

Paraperintis geguritan iki padha berjuang amrih geguritan iki diakoni lan bisa mlebu ana pasinaonan kasusastran Jawa. Asile, Subagiyo Ilham Notodijoyo nyoba ngumpulake geguritan sing sumebar ana kalawarti lan ariwarti dadi buku kang judhule Rerumpakan(nyanyian). Ananging, naskah iki ana sajroning revolusi ilang. Semana uga kumpulan geguritane dhewe kang mawa irah-irahan Geguritan uga ilang. 

 

Para perintis geguritan liyane, yaiku :R. Intoyo, Nirmala, Niniek I. N, Khairul Anam, Joko Mulyadi, R. Sumanto Ampel, Purwadhi, lsp. 

Saliyane geguritan ana puisi jawa liyane kang arupa parikan lan singir. Parikan kuwi puisi jawa kang memper lan duwe ciri-ciri kaya pantun. Dene singir utawa syair (bahasa Indonesia) ya nduweni ciri-ciri padha karo syair ana sajroning kasusastraan Indonesia. 

 

Mula bukane ananing geguritan iki dianggo nyindir / nyemoni kahanan urip bebrayan ana sajroning masyarakat. Saliya kuwi uga ndhuweni unsur ndidik / mulang wuruk bab-bab tertemtu. Ananging suwene-suwe geguritan iki nduweni teges puisi bebas. Bebas saka iketaning tembang lan bebas nyritakake apa wae. 

 

Unsur-Unsur Batin Geguritan 

 

Unsur-unsur kang kinandhut ana sajroning geguritan diarani unsur batin. Ing ngisor iki bab-bab kang kalebu unsur batin geguritan. 

1. Tema, tegese punjeraning bab kang ndadekake geguritan kuwi dumadi. Utawa gagasan pokok kang dikarepake panulis/penyair. 

Tuladha tema: sosial, moral, politik, agama, individu, lan sapiturute. 

2. Rasa-Pangrasa 

Tembung-tembung kang dianggo ana sajroning geguritan nduweni teges lan nduweni fungsi kanggo manjilmakake rasa-pangrasa. Rasa-pangrasa kuwi nduwe sipat rowa lan kompleks. Sing kalebu rasa-pangrasa kayadene: simpati, empati, antipati sedhih, susah, seneng, kangen, gumun, lan sapiturute. 

3. Nada/lagu 

Tegese patrap (sikap) sing digunakake ana sajroning geguritan. Tuladha: ngguroni, nuturi, ngenyek, muji, nyemoni, utawa patrap liyane. 

4. Suasana 

Tegese kahanane batin/jiwa pamaos sawise maca geguritan. Dadi, geguritan nduweni tujuan kanggo mbangun suasana batin pamaos geguritan. 

5. Amanat kang dumunung ana geguritan 

Tegese bab kang pengen diwedharake penyair/panulis marang pamaos. Amanat kuwi ora tinulis kanthi terang trawaca ananging sinandhi ana pangrakiting tembung-tembung. 

 

Struktur Lahir Geguritan 

 

Kang sinebut struktur lahir geguritan kuwi kahanan bab apa wae kang bisa dideleng utawa digoleki ana ing tembung-tembung kang rinakit ana sajroning geguritan. Ing ngisor iki bab-bab kang kalebu struktur lahir geguritan. 

1. Pinilihing tembung 

Pinilihing tembung uga diarani diksi. Tembung-tembung kang ana sajroning geguritan biasane nduweni teges konotatif, asipat polisemi, lan nduweni teges rowa (abstrak). Pinilihing tembung kang trep bisa ngasilake imajinasi kang manjila. 

2.  Majas 

Majas utawa gaya bahasa dening Prof. Teguh (dosen UNES) diarani lelewaning basa. Majas utawa lelewaning basa iiki kanggo nambahi grengsenge geguritan. 

3.  Rima 

Rima utawa sajak utawa persamaan bunyi kanggo nyiptakake kaendahan lan kekuatan sawijining geguritan. 

 4. Tipografi 

tipografi kuwi larik-larik utawa gatraning geguritan kang tinulis mawa pada utawa bait. Bab kuwi kang mbedakake antaraning geguritan lan gancaran.


Nulis Geguritan

Bagaimana langkah-langkah untuk menulis geguritan? 

1. Nentukake Tema

Ide bisa teka sawayah-wayah. Nentokake ide bisa ana ing ngendi wae panggone.

2. Ngubah Ide / Tema dadi Geguritan

Sawise ide ketemu, ide mau kudu diolah lan dihayati.

3. Nyusun reng-rengan geguritan

Reng-rengan geguritan iku ide kang muncul nanging isih mentah. Dadi kang kudu kok lakoni yaiku nulis apa wae kang muncul ing pamikiranmu kang mengko bakal kok olah dadi geguritan kang endah.

4. Ngubah reng-rengan geguritan lan diwenehi unsur kebahasaan ing geguritan.

TULADHA GEGURITAN 

 Tuladha 1

Gurit Pangajab Kanggo Bumi Magelang

 (Dening: Adhinia Imanti) 

Bumi endahku tlatah Magelang

dudu mung panggraitaning ati kang lagi nganglang

iki papan wiyar padhang jingglang

Gemah-ripah Iman-cemerlang

gemah subur kang sarwa tinandur

aripah dol-tinuku sarwa lancar kumenyar

iman sakabehing titah padha ngibadah

cemerlang kuncara saindhenging bawana


Ujaring kandha,

Magelang uga pusering sejarah Pulo Jawa

papan wisata jro kutha desa-ngadesa

kondhang kaonang tumekeng bumi delahan

Lilin moncer Borobudhur

Mendut, Pawon, Pendem, Ngawen, Lumbung

Selagriya, uga ora kurang kawigatene


Aja gumuyu, iki ora saru!

ana candhi kaaran candhi Asu

gumrujuging tirta Sekar Langit, Sela Praja,

Curug Silawe lan Kedung Kayang

Nambahi asrining pareden Tidar kawentar


Ing telenging kalbuku

sumimpen donga suci

kang dakracik kanggo kamulyanmu

Ing pucuking panyawangku

kinandhut laku kang tumuju

nora liya kanggo lestarimu ing sapungkuring wektu

Ing sajroning pikirku

ginadhang pangajab murih tinemu rahayu

sarwa-sarwi raharja manggya widada


Magelang kang iman cemerlang

tansah panggah ngudhar pepalang

Endah-edining Merapi dadi seksi

sumbering tuk makantar nyebar rejeki

Sawiji prasapa kanggo pangajabku;

Bumi wutah getih iki

Bakal dakbelani nganti puputing pati


Jlentrehane:

1. Isi Geguritan
        kekaguman penulis terhadap Magelang, harapan dan doa penulis terhadap Magelang.
2. Pesen Moral
        mengajak kita untuk selalu bangga dan melestarikan kota Magelang.

Tuladha 2

 JAMAN

Dening : Muhammad Yamin M.S


Jaman geger aku ngungsi ketewer-tewer
Ndhelik sor ngemper
Ngerti-ngerti ketiban genter
Alah bapak balung sate
Uripku ijen-ijenan
Nong, ning, nong, neng, nong, ning, neng, nung

Rekasane urip jaman geger
Ati ora jenjem mangan ora tentrem
Turu ora bisa merem
Pating jledhor bedhil mriyem
Oh, Paiyem…. Paiyem, bojoku sing mati kaliren
Bubar nglairake anak wadon nalika perang rame
Mula bocah wadon mau dakjenengake “Rame”

Oh, Rame-Rame kowe saiki wis genti duwe anak lima semega-semega
Urip jaman merdika, enake apa-apa ana
Kliwat ngedan dadi brandhalan
Omben-omben, mabuk-mabukan
Tan ngerti bedhahing kamardikan

Aku tumbaling putuku
Lelabuhan jebul aji watu
Saiki jaman maju
Apa-apa kolu
Jaman mau wong urip sarwa kesusu
Mlebu-metu neng hotel nyandhing wong ayu
Lah Bapak ra ngerti saru
Sing neng ngomah padha padu

Damen-damen pari-pari
Biyen-biyen saiki-saiki
O, slamet, slamet
Jamane bundhet ruwet
Ora eling labuh labet
“E , bocah-bocah …. Jaman rong ewu neng ngarepmu
Mangsa borong, neng pundhakmu jaman dadi abang biru
Aku ora ngaru siku, wis simbah turu!”

(Pangilon, Antologi Geguritan FKY)

Jlentrehane:

Isi Geguritan
1. Obah –owahing jaman, kang lir gumanti, saka jaman geger tumeka jaman 2000-an mangaribawani watak-wantu, lagu lan lageyan kang urip ing jamane.
2. Protese veteran perang marang generasi saiki, amarga anggone ngisi kamardikan cengkah karo gegayuhane para pejuang.

Pesen Moral
a. Manungsa mbetahaken gesang ingkang tentrem lan aman
b. Ampun damel rekaosipun tiyang sanes
c. Ampun serakah
d. Tanggung jawab marang tugas

TULADHA MAOS GEGURITAN








Komentar

Postingan Populer