TEKS DESKRIPSI (KELAS 7 3.5)

 

TEKS DESKRIPSI

A. PENGERTIAN TEKS DESKRIPSI

Deskripsi asale saka tembung tembung description (Bahasa inggris) sing maknane menehi gambaran nganggo basa. Karangan deskripsi yaiku karangan utawa tulisan sing nduweni ancas (tujuan) ngambarake sawijining barang / objek kanthi cetha marang pamaca. Miturut kamus besar Bahasa Indonesia ( 2005 : 258) nerangake menawa deskripsi yaiku andharan utawa nggambarna kanthi tembung-tembung kang jelas lan tarwaca.

Dadi,  deskripsi yaiku andharan utawa nggambarna kanthi tembung – tembung sawijining barang, papan panggonan, swasana, lan kadadean. Ancas utawa tujuan kiye supaya kaya-kaya pamaca weruh bab kang dideleng, bisa krungu apa sing dirungu, bisa ngambu apa sing bisa diambu, bisa nyicipi sawijining panganan kang dipangan, bisa ngrasakna saengga pamaca nduweni dudutan utawa kesimpulan sing padha karo penulis.




B. STRUKTUR TEKS DHESKRIPSI

C. Jenis – jenis karangan deskripsi:

Jenis karangan deskripsi dibagi dadi loro yaiku deskripsi ekspositori lan deskripsi Impresionatis.

1. Deskripsi Ekspositori

           Deskripsi ekspositori minangka karangan sing logis, biasane minangka daftar rincian utawa bab-bab penting sing disusun miturut sistem lan urut-urutan logis objek sing deteliti.


2. Deskripsi Impresioatis

          Karangan deskripsi impresionatis minangka karangan kang nggambarna impresi panulise utawa kanggo netralaken pamacane. Deskripsi impresionistis kiye lewug munjeraken marang impresi utawa pamireng bisa nrasakna dhewek utawa nglakokna observasi.

D. Unsur-unsur Teks Deskripsi 

a.    What (Apa), yaiku njlentrehake babagan apa kang ana ing wacana.

b.   Who (Sapa), yaiku njlentrehake babagan sapa utawa paraga kang ana ing pawarta mau. Unsur sapa iki biyasane dijlentrehake kanthi jangkep, kaya ta babagan ciri-cirine, titel, umum, lan sapanunggalane.

c.    When (Kapan), yaiku unsur kang njlentrehake kapan prastawa ing upacara adat iku dumadi utawa wektu kedadean prastawa. Unsur iki bisa menehi nreti babagan wayah, jam, lan kahanan. Tuladha: mau isuk, wingi sore, lan sapanunggalane.

d.   Where (Ana Ngendi), yaiku njlentrehake babagan panggonan kedadean prastawa ing upacara adat iku.

e.    Why (Kena Apa), yaiku nudhuhake sebab musabab kena apa prastawa iku bisa kedadean. Lumrahe bisa ditiliki saka tembung “asale, sababe, mulane”.

f.     How (Kepiye), yaiku njlentrehake babagan kepiye prastawa iku kedadean. Bisa uga nuduhake kepiye swasana ing prastawa iku.

E. PRASTAWA BUDAYA JAWA

                Tatacara adat Jawa mengku karep pratikel kang mawa aturan amrih beciking pangetrap utawa pasang rakite kang wis lumrah katindakake dening bebrayan Jawa. Adat kang katindakake asipat turun-temurun, saka generasi tuwa marang generasi mudha. Yen ta ana owah-owahan antarane tatacara ing jaman kawuri karo jaman saiki iku lumrah. Samubarang kang isih jumbuh karo jamane isih diecakake, dene kang wis kadaluwarsa ditinggalake utawa dibesut amrih mathuk-mathise. Cekak, nut jaman kalakone.

                    Lumakuning adat tatacara ing bebrayan siji lan sijine durung mesthi padha, kepara beda. Bab iki ora uwal saka tembunge desa mawa cara, nagara mawa tata. Tatacara adat Jawa ana gegayutane karo kaananing manungsa wiwit lair nganti tumekaning pati. Dene kanggo mamrih lestarining urip banjur ana urip jejodhoan. Keplase, tatacara adat Jawa iku ana gegayutane karo metu, manten, lan mati. Metu tegese nalika manungsa kalairake ing alam donya iki. Manten nalika jalu wanita dhaup palakrama. Mati tegese nalika manungsa wus tumekaning pesthi pancal donya. Tatacara kalairake contone mitoni, bayen, sepasaran, lan sepasaran bayi. Tatacara manten utawa jangkepe manten madik, utusan, salaran, nontoni, nglamar, singsedan, liru kalpika utawa tukar cincin, panggih, lan ngundhuh mantu. Dene tatacara kasiprahan contone mbudhalake layon, nelung dina, mitung dina, matang puluh dina, nyatus, taun kapisan, taun kapindho, nyewu.

 F. TULADHA TEKS DESKRIPSI 1

UPACARA TRADHISI SAPARAN BEKAKAK





Upacara Adat Saparan Bekakak ajeg dipun adani saben wulan Sapar dening warga Desa Ambarketawang, Kecamatan Gamping Kabupaten Sleman. Upacara kasebat tansah narik kawigatosanipun warga, wondene ancasipun kangge nglestantunaken kagunan budaya.
            Pucaking Upacara Adat Saparan Ing Desa Ambarketawang, kanthi mragad bekakak ing Gunung Gamping. Bekakak dipun damel saking glepung ketan lan juruh, ingkang gatranipun memper sepasang panganten. Saderengipun dipun pragad, bekakak dipun kirab saking Lapangan Ambarketawang tumuju Gunung Gamping. Maneka uba rampe dipun kirab dening bregada prajurit, lan dipun regengaken kagunan seni tradisional, gunungan wulu wedaling bumi lan kalih raseksa. Warga katingal jejel riyel ningali lampahing kirab.
            Upacara Adat Saparan Bekakak ing Ambarketawang, ancasipun kangge ngemut-emut labuh labetipun Ki Wirosuto satunggaling abdi dalem Kraton Kasultanan Ngayogyakarta nalika jamanipun Sultan Hamengku Buwana Kapisan, ingkang seda ing Gunung Gamping. Wondene samangke ancasing upacara kangge ngleluri kagunan budaya lan nggrengsengaken jagading pariwisata. Upacara Adat Saparan Bekakak tansah dipun larasaken kaliyan majenging jaman, supados narik kawigatosanipun wisatawan.

G. TULADHA TEKS DESKRIPSI 2

Tradhisi Grebeg Gethuk ing Kutha Magelang

dening Trisna Dwi Setianingsih


Cerita Rakyat Dumadine Kutha Magelang

Ing kutha Magelang, ana sawijining tradhisi aran Grebeg Gethuk. Tradhisi iki minangka sawijining tradhisi sing mesthi kaleksanan saben taun, yaiku saben pengetan ambal warsane kutha Magelang. Tradhisi Grebeg Gethuk iki kabentuk saka crita rakyat asal dumadine kutha Magelang. Kanggo nglestarikake cerita rakyat iki, mula pemerintah ngupayakake warga Magelang supaya ora lali marang dumadine kuthane dhewe. Penetapan Kutha Magelang iki kabukten saka Peraturan Daerah Kota Magelang Nomor 6 Taun 1989, sing isine yaiku tanggal 11 April 907 Masehi katetapake dadi pengetan Hari Jadi Kota Magelang.

Cerita rakyat dumadine Kutha Magelang yaiku nalika iku ana Kerajaan Pajang sing nduweni raja nama Sultan Hadiwijaya. Ing kana ana Kadipaten Jipang sing dipimpin Arya Penangsang. Arya Penangsang iku senajan dheweke wong sing paling ampuh sak kutha Magelang, ananging dheweke nduweni watak sombong. Wusanane ing antarane rong dhaerah iku padha ora rukun, kabeh padha tantang-tantangan. Sultan Hadiwijaya banjur ngutus Sutawijaya dadi senopati perang lan diampingi Ki Gedhe. Sakloron banjur mangkat perang kanthi nggawa senjata tombak Bambu Runcing. Wusanane senopati bisa ngalahake Arya Penangsang.

Amarga Sultan Hadiwijaya bungah amarga musuhe wis bisa dikalahake, banjur dheweke paring lemah ing dhaerah Hutan Mentoak maring Sutawijaya lan Ki Gedhe supaya kanggo mbukak kerajaan anyar. Wusana kerajaane bisa dadi gedhe lan dijenengi kerajaan Mataram Hindu.

Senopati Sutawijaya banjur kepengin ngambakake kerajaan. Wusanane senopati sarujuk yen arep mbabar dhaerah Kedhu. Jaman biyen dhaerah Kedhu iku isih awujud hutan, durung ana bangunan babar pisan. Kahanan hutan iku isih sepi lan angker. Kabar-kabare yen hutan iku ana jin penunggune aran Jin Sepanjang. Rombongan Senopati Sutawijaya banjur ngobrak-abrik hutan iku. Wusanane jin-jin sing ana ing kana padha nesu amarga omahe diobrak-abrik. Amarga Sutawijaya iku wong sing sekti, dheweke isa merangi jin-jin iku, banjur kabeh padha lunga saka hutan.

Dhaerah Kedhu banjur bisa dikuasani Kerajaan Mataram Hindu. Ing kana digawe maneka werna papan panggonan, pendhudhuk Mataram uga padha manggon kanthi damai, pemandhangan ing kana digawe apik, dhesa ditata kanthi tumata, lan kahanan ing kana tansah gemah ripah loh jinawi. Nganti jaman pemerintahan wis ganti, kahanan ing dhesa iku tetep isih subur makmur kaya sadurunge.

Banjur adhedhasar prasasti sing katemokake, kasebutake yen nalika jaman pemerintahane Raja Rake Watukura Dyah Balitung (898-910 M), kasebut Dhesa Mantyasih lan Dhesa Glangglang. Ing prasasti iku menehi ngerti titimangsa 11 April 907 Masehi. Dhaerah sing disebut Dhesa Mantyasih, sabanjure dadi Kelurahan Meteseh. Dene dhaerah sing dijenengi Dhesa Glangglang, sabanjure dadi Magelang. Titi mangsa 11 April 907 Masehi iku ditetapake dadi Hari Jadi Kota Magelang.

- Bahan kanggo Grebeg Gethuk

Adicara Grebeg Gethuk arupa kirab ngubengi alun-alun Kutha Magelang sing didherekake dening Wali Kota lan jajarane. Sing dikirab yaiku Gunungan Gethuk lan Gunungan  Palawija utawa Sayuran.

Gunungan Gethuk sing dikirab iku ana loro, yaiku gunungan lanang lan gunungan wadon. Gunungan gethuk lanang yaiku gunungan gethuk sing dibentuk lancip (kaya bentuk kerucut) kanggo simbol jaler. Dene gunungan gethuk wadon dibentuk bunder (bentuk setengah lingkaran) kanggo simbol estri. Gethuk sing digawe gunungan iku dibunteli nganggo plastik putih dibentuk kothak-kothak. Gethuk sing digawe gunungan yaiku gethuk asli Magelang. Ana telung jenis gethuk, yaiku Gethuk Eco, Gethuk Marem, lan Gethuk Trio. Buntelan gethuk sing digawe gunungan iku cacahe 1104 bungkus. Digawe cacah 1104 amarga supaya padha karo tanggal lan wulan Hari Jadi Kota Magelang, yaiku tanggal 11 sasi April utawa sasi kaping papat. Bahan sing kanggo gunungan iku gethuk amarga gethuk iku panganan khas sing ana ing kutha Magelang.

Gunungan palawija lan sayuran digawe cacah 17. Digawe cacah 17 gunungan amarga ing Kutha Magelang ana 17 kelurahan. Anggone nggawe gunungan iki miturut kreasi saben kelurahan. Dene jenise palawija lan sayuran ora ditemtokake. Gunungan palawija lan sayuran iki kanggo mratelakake yen kutha Magelang iku kahanane tansah gemah ripah loh jinawi kawit mbiyen nganti sakiki.

Prosesi Adat Grebeg Gethuk

Prosesi Grebeg Gethuk diwiwiti adicara kirab ngubengi alun-alun kaping pisan. Ing adicara kirab iki, gunungan gethuk lanang wadon diarak kanthi didherekake dening Wali Kota Magelang lan kabeh pejabat pemerintah Kutha Magelang. Ora namung gunungan gethuk, nanging gunungan palawija lan sayuran uga di kirab. Wali Kota lan jajaran kabeh sing melu kirab padha nganggo rasukan adat Jawa. Dene wong sing mikul gunungan ngagem rasukan prajurit. Kirab iki diwiwiti mubeng saka Mesjid Agung Magelang nganti tekan Klentheng Liong Hok Bio banjur dikirab mlebu ing tengah alun-alun.

Sawise mubengi alun-alun, gunungan gethuk, palawija, lan sayuran iku di jejerake ing pinggir lapangan. Adicara sabanjure yaiku upacara adat. Upacara iki beda karo upacara biasa. Bedane, yen upacara iki kabeh perintah utawa protokol kudu nganggo basa Jawa krama.

Ing sela-selaning upacara, uga ditampilake Sendratari Dyah Balitung, tarian asli Magelang sing nyritakake dumadine Kutha Magelang. yaiku crita nalika Senopati Sutawijaya lagi nglawan jin-jin ning hutan wilayah Kedhu.ing tarian iki, Senopati Sutawijaya diibaratke pandhita. Dene jin-jin iku diibaratake buta-buta sing jahat.Wusanane pandhita bisa ngalahake buta-buta sing jahat iku.

Sawise adicara sendratari, upacara dipungkasi kanthi waosan donga. Banjur Wali Kota Magelang nuthuk gong kanggo tandha menawa gunungan gethuk, palawija, lan sayuran siap kanggo rayahan para masyarakat sing nonton. Masyarakat padha percaya menawa gunungan iku bisa ndadekake berkah ing uripe. Saengga masyarakat padha rebutan supaya oleh gethuk mau.

Adicara sabanjure yaiku tampilan tari-tari tradhisional utawa kesenian-kesenian tradhisional sing ana ing Kutha Magelang. Ana Tari Jathilan, Tari Kubra, Topeng Ireng, Dayakan, lan liya-liyane. Masakan kuliner asli Magelang utawa jajanan-jajanan tradhisional uga akeh sing didol njlentrek ing pinggire alun-alun.


Komentar

Postingan Populer