JINISING TEMBUNG ING BASA JAWA

JINISING TEMBUNG

A. MITURUT WUJUDE

1. Tembung Lingga (kata dasar), yaiku tembung kang urung owah saka asale utawa urung oleh wuwuhan (imbuhan)

2. Tembung andhahan (Kata jadian), yaiku tembung kang wis owah saka asale utawa wis diwenehi wuwuhan.

untuk lebih jelasnya, mari simak video di bawah ini:



B. MITURUT SIPATE

Adhedhasar sifate, tembung basa Jawa bisa dibedakake dadi sepuluh, yaiku :

  1. Tembung Aran

Tembung aran utawa kata benda (nomina)yaiku tembung kang mratelakake jenenge barang utawa apa bae kang kaanggep barang. 

Tuladha: omah, tangan, sekolahan, dalan, ati, lsp

  1. Tembung Kriya

Tembung kriya utawa kata kerja (verba) yaiku tembung sing mratelakake solah bawa utawa tandang gawe (verba tindakan) utawa mratelakake lumakuning kaanan (verba proses)

 tuladha: lunga, turu, mirengake, mlaku, mangan, sekolah. lsp

  1. Tembung kaanan (kata sifat)

Tembung kaanan utawa kata sifat (adjektiva) kang uga sinebut tembung watak utawa kaanan (kahanan) yaiku tembung kang bisa mratelakake kaanan utawa watak sawijining barang utawa bab. Tembung sifat bisa sumandhang karo tembung luwihrada, paling, lan banget. 

Tuladhane katon kaya ing ngisor iki.

 Manis        luwih manis

                      rada manis

                      paling manis

                     manis banget

Pinter      luwih pinter

                    rada pinter

                    paling pinter

                   pinter banget

  1. Tembung Katrangan

Tembung katrangan utawa kata keterangan (adverbial) yaiku tembung kang aweh katrangan marang tembung liya. Tembung katrangan iki bisa nerangake tembung aran, kriya, sifat, wilangan, lan bisa uga nerangake tembung katrangan. 

Tembung katrangan gunggunge mung winates kaya kang katon ing ngisor iki.

Arep                durung       kari               meneh

Arang             dudu            kerep            mesthi

Anggone       entuk           kurang          ndang

  1. Tembung Sesulih

Tembung sesulih purusa utawa kata ganti (pronominal) yaiku tembung kang digunakake minangka sesulih uwong, barang, utawa apa bae kang dianggep barang.

Tuladha:

aku, kula, sira (tembung sesulih wong kapisan)

kowe, panjenengan, ira, sampeyan (tembung sesulih wong kapindho)

dheweke, dheke (tembung sesulih wong katelu)

  1. Tembung wilangan

Tembung wilangan utawa kata bilangan (numeralia) yaiku tembung kang mratelakakegunggunge barang. Tembung wilangan iki bisa kanggo ngetung gunggunge uwong, barang, kewan, lan sawijining bab. 

Tuladhane : siji, sajinah, satangkep, sewu, separo, lan liya-liyane.

  1. Tembung panggandheng

Tembung panggandheng utawa kata sambung (konjungsi) yaiku tembung kang gunane kanggo nggandhengake ukara siji lan ukara liyane murih ukara dadi tambah dawa. Tembung panggandheng uga bisa kanggo nggandhengake tembung siji lan tembung liyane ing sawijining frasa. 

Kang kelebu tembung panggandheng katon kaya ing ngisor iki:

 

Ananging            awit                      banjur               jalaran

Janji                      kamangka          kanthi               kareben

Malahan              mangka               mula                 murih

 

  1. Tembung Ancer-ancer

Tembung ancer-ancer utawa kata depan (preposisi) yaiku tembung kang gunane kanggo ngancer-anceri papan utawa ngancer-anceri tembung aran. Tembung ancer-ancer iki tansah mapan ana ing ngarep (sisih kiwane) tembung aran utawa tembung sifat. Tembung ancer-ancer iki gunggunge mung winates.

Amrih           dening       dhateng      ing

Kadi               kadya         kagem         kalayan

Karo              katur           kaya             lantaran

 

  1. Tembung Panyilah

Tembung panyilah utawa kata sandang(artikula) yaiku tembung kang dienggo nyilahake patrap, barang, utawa sawijining bab. Tembung panyilah padatan sumambung karo tembung aran. Tembung panyilah tansah dumunung ing sisih kiwane tembung kang disilahi lan tembung iki gunggue mung wintes. Kang kalebu tembung panyilah yaiku si, sang, sri, ingkang, kang, kang, sing, lan para.

  • Punapa ingkang rama wonten dalem, Mbak?
  • Si Suta lan si Soma mlaku ngidul bebarengan.
  • Sri Sultan kawentar nalendra kang wicaksana. 
  1. Tembung Panyeru

Tembung panyeru utawa kata seru (interjeksi) yaiku tembung kang nggambarake wedharing rasa seneng, rasa kaget, rasa kuciwa, rasa kagelan, rasa susah, lan rasa gumun. Tembung panyeru ana uga kang ngarani tembung lok. Tembung iki tansah dhisiki ukara lan bisa madeg dhewe.

 Kang kelebu tembung panyeru yaiku adhuh, ah, eh, o, oh, nah, wah, hah, heh, hus, huh, hi, sokur, hore, iyung, walah, tobat, eman, halo, lan yahud.

Sumber : Paramasastra Gagrak Anyar Basa Jawa


Komentar

Postingan Populer