JINISING UKARA (JENIS KALIMAT)

 JINISING UKARA ING BASA JAWA

1. Ukara andharan (kalimat berita)

Apa pengertiane ukara (kalimat) andharan ? 
kalimat andharan yaiku ukara sing isine kang ngabarake utawa ukara kang nyritakake bab/kedadean. Cirine ukara andharan yaiku dipungkasi kanthi waca titik (mandeg), mula macane kanthi intonasi/ nganggo swara kang rata (datar) lan ora ana penekanan babar pisan .

Tuladha (Contohnya):
a. Mau bengi ana kebakaran ning omahe pak bejo.
b. bapak tindak dhateng kantor

2. Ukara pitakon (kalimat tanya)

Apa sing dimaksud ukara pitakon ? 
Ukara pitakon yaiku ukara kang isine nakokake bab tertentu. Cirine ukara pitakon yaiku dipungkasi tandha waca piatakon, mula pamacane kanthi intonasi takon.

Tuladha (contohnya):
a. Sampeyan mundhut napa?
b. Bapak dhahar apa?

Ukara pitakon kaperang dadi 3, yaiku:
a. Ukara Pitakon lumrah: ukara pitakon kang lumrah digunakake saben dina. Tuladha:
    - Sapa jenengmu?
    - Ana ngendi omahmu?
    - kapan adhimu bali sekolah?
b. Ukara retoris: ukara pitakon kang ora butuh wangsulan. Tuladha:
    - Sapa sing ora pengin mlebu suwarga?
    - Sapa sing ora kepengin dadi wong sukses?
    - Tiba kuwi lara?
c. Ukara pitakon paminta utawa pitakon nyoba: ukara pitakon sing isine nari utawa menehi pendapat. tuladha: 
    - Piye yen awake dhewe leren dhidik?
    - Saupama klambi kuwi diwenehake adhimu piye, Nduk?
    -  Kowe mathuk apa ora yen saiki awake dhewe besanan?

3. Ukara pakon (kalimat perintah)

Apa sing dimaksud ukara pakon utawa kalimat perintah ?
Ukara uakon yaiku ukara kang isine mrentah wong liya nindakake pakaryan tartampu manut apa sing dikarepake sing ngongkon. Cirine ukara pakon yaiku dipungkasi tandha waca seru, mula pamacane kanthi intonasi seru lan rada diteken.

Tuladha:
a. Ngaliha!
b. Sinau sing sregep!

Ukara pakon kaperang dadi 5, yaiku:

a. Ukara Pakon Lumrah
Tuladha:
  1. Ndang ombenen!
  2. Awas sing ati-ati!
  3. Wis enggal garapen!
b. Ukara Pakon Pamenging
Tuladha:
  1. Kowe ora kena dolan yen durung sinau!
  2. Aja rame-rame simbah nembe sare!
  3. Aja mangan ana ing ngarep kelas!
c. Ukara Pakon Pangajak
Tuladha:
  1. Awake dhewe saiki leren dhisik!
  2. Ayo padha mampir nggonku dhisik!
  3. Sadurunge kawiwitan ayo padha ngeningake cipta!
d. Ukara Pakon Panantang.
Tuladha:
  1. Antemen yen pancen kowe wani!
  2. Maraa rene yen nyata-nyata dhugdheng!
  3. Gage balangen yen njaluk benjut sirahmu!
e. Ukara Pakon Paminta.
Tuladha:
  1. Mbok kowe kuwi mengko dolan menyang omahku!
  2. Dhik, tulung cendhelane ditutup bae!
  3. Aku dakdolan nang omahmu, nanging disuguhi ya!

4. UKARA SAMBAWA

Ukara sambawa yaiku ukara kang isine awujud pangarep-arep, saumpama, utawa sanadyan. Ukara iki rancake migunakake tembung-tembung kang kawuwuhan panambang -a utawa -ana.
Tuladha:
  1. Panasa, ya klambiku ben garing.
  2. Udana sing deres ben tandhuranku subur.
  3. Mrenea wiwit biyen kowe ora katon kapiran.
  4. Sugiha dhuwit aku rak wis gawe omah.
  5. Tinangisana nganthi semaput, dheweke ora bakal urip.
  6. Diwenehana klambi apik, ya ra tahu dienggo.
5. UKARA SANANTA

Ukara sananta yaiku ukara kang isine niyat, karep, utawa sedya. Ananging, kang duwe niyat utawa sedya mau awake dhewe. Mesthi wae ukara iki durung kalakon utawa durung katindakake jalaran isih awujud niyat.
Tuladha:
  1. Sesuk awan aku arep golek degan ijo.
  2. Kareben munggah sekolah, aku kudu sinau mempeng.
  3. Aku arep umbah-umbah, kowe aja ngajak crita wae.
  4. E, dak dolan menyang daleme simbah.
  5. Tinimbang ndomblong, dak resik-resik latar mburi, ah!

6. Ukara Panguwuh (kalimat seru)

Apa sing dimaksud ukara panguwuh urawa kalimat seru? 
Ukara panguwuh yaiku ukara kang nggambarake rasa ora percaya, emosi sing kuat rasa gumun. Cirine ukara panguwuh yaiku diwiwiti kanthi tembung panguwuh Tembun panguwuh yaiku : Wow, wadhuh, Hi, Hore, wah,dll.

Tuladha:
a. Horee.. aku oleh biji satus !
b. wow, apike montore !


Komentar

Postingan Populer