PARAFRASE LAN NULIS CAKEPAN TEMBANG KINANTHI

 

A.    KAWRUH BABAGAN PARAFRASE

Parafrase saka tembung paraphrase ( Inggris ), paraphrasis ( Latin ), para phrasein (Yunani) kang nduwe teges cara ekspresi tambahan.

Parafrase yaiku ngowahi geguritan utawa tembang dadi awujud basa gancaran (prosa/paragraf) kanthi ancas makna geguritan utawa tembang iku luwih gamblang utawa cetha, tanpa ngowahi makna lan tujuan awale. 

Parafrasis yaiku proses nggawe parafrase.

B.     CARA GAWE PARAFRASE

Carane nggawe parafrase :

1.            Maca naskah asli

2.            Negesi tembung lan gatra saben sapada.

3.            Nemtokake tema / alur

4.            Nemtoake gagasan utama / ide pokok saben paragraph.

5.            Nggawe parafrase nganggo basane dhewe (basa kang lumrah), ukara kang ringkes lan gampang dipahami.

 

C.    TULADHA PARAFRASE TEMBANG KINANTHI

Cakepan Tembang Kinanthi pada 1

Parafrase basa ngoko

Parafrase basa krama

Parafrase basa Indonsia

Padha gulangen ing kalbu,
ing sasmita amrih lantip,
aja pijer mangan nendra,
kaprawiran den kaesthi
pesunen sariranira,
sudanen dhahar lan guling.


      Ayo padha ngulinakake nggladhi ati, supaya batinmu dadi pinter, Minangka generasi mudha, aja mung  seneng mangan lan turu, Watak kang utama iku kudu digladhi. Gladhen prihatin, nyuda mangan lan turu supaya apa kang dadi pangajabmu bisa kawujud.

        Mangga ngulinakaken nglatih manah supados batin sageda lantip. Minangka generasi anem, ampun ngantos namung remen dhahar lan sare. Watak ingkang utami menika kedah dipun gladhi kalebet gladhen babagan prihatos. Nyuda dhahar lan sare supados sedaya pangajab saged kawujud.

        Mari latih dan pahami hati kita agar perasaan (kalbu) kita bisa lebih tajam. Sebagai generasi muda jangan hanya makan dan tidur. Watak ksatria (orang utama) harus dipelajari dan dilatih. Berlatih untuk prihatin, mengurangi makan dan tidur, supaya apa yang dicita-citakan dapat terwujud.

 

 

D.    NULIS ISI TEMBANG KINANTHI

 

Nulis isi tembang macapat iku ora padha karo nulis paraphrase. Yen paraphrase iku awujud gancaraning tembang, dene isi tembang yaiku wosing utawa dudutan (kesimpulan) saka paraphrase. Isi tembang cukup dumadi saka siji utawa rong ukara.

 

Isi tembang Kinanthi pada 1

Para generasi mudha kudu nggladhi batine supaya bisa prihatin nyuda mangan lan turu supaya apa sing dadi kekarepane bisa kawujud.

E.     GEGAYUTAN TEMBANG KINANTHI KARO KAHANAN SAIKI

 

Serat Wulangreh pupuh Kinanthi iku sejatine ngajak awake dhewe minangka generasi mudha supaya prihatin, nyuda mangan lan turu. Nglakoni kegiyatan lan tumindak kang duwe faedah kanggo kauripan. Pupuh Kinanthi uga menehi tata cara babagan srawung ing satengahing masarakat supaya awake dhewe diadohke saka hawa nepsu.

Ing mangsa pandemic kaya saiki, pancen bener awake dhewe kudu okeh mangan bergizi lan turu supaya imun bisa kajaga. Nanging awake dhewe ora oleh malak, ora oleh mung mikirke awake dhewe. Kita tetep kudu bisa eling marang liyan, yen bisa malah tulung tinulung kanthi wujud rasa prihatin lan migunani mring liyan.

 

F.     PIWULANG  TEMBANG KINANTHI

 

Tembang kinanthi duwe  piwulang yaiku supaya awakdhe dhewe minangka generasi mudha kudu digladhi supaya bisa duwe watak ksatria. Ora oleh kesed, pagaweane mung mangan lan turu. Minangka generasi mudha kudu prihatin, kudu bisa dadi pribadhi kang bisa menehi kontribusi marang ing pasrawungan.

 

G.    NULIS CAKEPAN TEMBANG KINANTHI

Tata carane gawe tembang macapat supaya gampang kudu nggatekake urut-urutane.yaiku:


1. Nemtokake tema lan gagasan utama.

2. Nemtokake tembang apa sing arep digawe.

3. Nulis paugerane tembang kasebut (guru gatra, guru wilangan lan guru lagu)

4. Gawea ukara-ukara (kalimat) kang trep karo paugerane tembang macapat. (Diusahakake tetembungan kang dipilih nganggo diksi kang endah).

5. Tlitinen maneh tetembungan lan ukara kang kogawe mau, kudu cocok karo paugerane tembang.


TULADHA NULIS CAKEPAN TEMBANG KINANTHI:
1)    Tema: Pandemi Covid-19

2)    Tembang sing arep digawe: Tembang Kinanthi

3)     Paugeran tembang Kinanthi:

Jumlah gatra = 6 gatra

Guru wilangan lan guru lagu: (8-u), (8-i), (8-a), (8-i), (8-a), (8-i)

4)    Gawe tembang:

KINANTHI

Gatra 1 (8-u): Nger-ti-ya pa-ra se-du-lur,

Gatra 2 (8-i): Le-la-ra ga-we pe-pa-ti,

Gatra 3 (8-a): Vi-rus Co-ro-na na-mi-nya,

Gatra 4 (8-i): Mu la pro kes a ja la li,

Gatra 5 (8-a): A-yo pa-dha was-pa-da,

Gatra 6 (8-i): Tan-sah su-ma-rah mring Gus-ti.

5)   Naliti tembang

KINANTHI

Ngertiya para sedulur,

Lelara gawe pepati,

Virus Corona naminya,

Mula prokes aja lali,

Ayo padha waspada,

Tansah sumarah mring Gusti.

 

 

Komentar

Postingan Populer